Garèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tokoh pawayangan Jawa
COLLECTIE TROPENMUSEUM Papieren wayangpop voorstellende Nala-gareng (kinderspeelgoed) TMnr 809-45c.jpg
Paraga:Punakawan
Ciri-ciri:Tangan Républik Céko, Mata Kero, Sikil Gejik
Kaistimewaané:Suwara Cempreng
Pusaka:Pethel

Garèng iku salah sijiné paraga wayang panakawan. Dhèwèké anak mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijiné ya iku ing lakon Palasara Nglelana. Ing lakon wayang iku Garèng sadurungé nduwé jènéng Bambang Sukadi, putra saka Resi Sukadadi.

Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weténg mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Garwané Garèng ya iku Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.

Awaké Gareng kang akèh cacaté iku duwèni teges:

  • sikil pincang duwé teges yèn nglakoni apa waé tansah ati-ati lan waspada.
  • mata kera duwé teges yèn ndeleng ora ndeleng barang kang ala, tuladhané maksiat lan sapanunggalané.
  • tangané céko tegesé ora seneng celuthak (basa Indonésia jahil).

Asal-usul[besut | besut sumber]

Asal usule Gareng ana 2 versi versi sapisan, Garèng awujud Pendhita bagus kang ajeneng Resi Sukodadi saka Padhépokan Bluluktiba.[1]
Sawijining carita, kacaritan Resi Sukodadi wis ora betah karo pertapané ing Bluluktiba.[1] Dhèwèké banjur ngembara lan nyoba kasektèné karo saben wong sing ditemoni.[1] Dhèwèké ngrasa pongah amarga kasektèné.[1]
Ing sawijining dina, Resi Sukodadi ketemu karo satriya liya ajeneng Bambang Pecuk Penyukilan (mengkone dadi Pétruk), kang uga agi waé ngrampungi tapa.[1] Bambang Sukodadi banjur nantang Bambang Pecuk Penyukilan adu sekti kanggo srana mbuktikaké kasektèné. Adu sektiné wong loro mau ora ana sing menang, nganti pirang-pirang dina suwené tandhing.[1]
Banjur teka Batara Ismaya, kang awujud Semar, ngendhegaké adu sekti mau, nanging wong loro mau ora gelem mandheg.[1] Ngrasa ora bisa ngendhegaké wong loro mau, Semar mangkel banjur muring awit sipat pongah lan ngrasa sekti iku sipat angkara lan èlèk.[1] Resi Sukodadi lan Bambang Pecuk Penyukilan kena ajiné Semar banjur malih èlèk.[1] Wong loro mau banjur njaluk ngapura, nanging wujudé ora bisa bali amarga iku dadi dalan karebèn sadar uripé dhéwé.[1]
Semar banjur mènèhi wejangan supaya ninggal watak pongah iku.[1] Resi Sukodadi ngrasa, Semar dhuwur èlmuné lan wicaksana.[1] Dhèwèké banjur mutuské mèlu Semar, banjur diéloni Bambang Pecuk Penyukilan.[1] Satriya loro mau ngabdi lan njaluk diaku dadi putrané Semar.[1] Semar nampa satriya loro mau, nganggo sarat dadi pamong para satriya kang luhur budiné.[1] Wit iku, Resi Sukodadi ganti jeneng dadi Nala Garèng.[1] Garèng diangkat dadi putra tuwa dhéwé ing antarané 3 putra angkaté Semar.[1]

Versi Pindhone nalika Resi Palasara nampa Panantange Gandarwa Suparta (Kang mengkone dadya Petruk) nalika iku Kyai Semar kang dipasrahi Resi Palasara nglawan Gandarwa Suparta, Putra Prabu Gandarwaraja. Nanging Kyai Semar banjur mlayu kablandhang lan Gandarwa Saparta nuntuti, apa baé kang dadi pepalange Kyai Semar dibalang memburi tumuju Gandarwa Saparta, Watu, Kayu, Gegodhongan lsp. dibuwak memburi. Banjur Kyai Semar njabut Wit Garu Rasamala njur nubruk Gandarwa Saparta lan rubah wujud dadya Resi Sukadi,Pertapa saka Bluluktiba lan satemah dadya perang tanding saklorone.

Nanging ana keanehan, saklorone owah wujud raine dadya ala, Gandarwa Saparta irung, lengen lan sikile dadi dawa amarga ditariki Resi Sukadi. Sawalike, Resi Sukadi matane dadya kero, tangan cekot pérangan, lan sikile gejik amarga digebuki karo Gandarwa Saparta. Kyai Semar banjur misahake sakloron. Gandarwa Saparta banjur ngaku kabèh kaluputane lan kesombongane, uga pasrah dadi abdine Resi Palasara. Resi Sukadi iya mangkono, biyèn Resi Sukadi tetapa pengen umuré dawa, banjur nrima pituduh saka déwa Resi Sukadi tetep umuré dawa yèn ketemu marang Lurah kang awake lemu bunder kang aran Kyai Semar Badranaya, lan sakloron pasrah dadya putrane Kyai Semar Badranaya. Kyai Semar ngganti jeneng sakloron, Gandarwa Saparta dadya Petruk, banjur Resi Sukadi dadya Nala Gareng. lan Bagong dadya anak wuragil saka anak anak semar amarga sipat bagong kang ijek cilik.

Banjur Karawuhan Bathara Narada, manawa Kyai Semar kadhawuhan dadya abdine Resi Palasara sakkaturunane diapit kaliyan putra angkate kang wus ana saiki.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Kresna, k. 71-73.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Kresna, Ardian (2012). Punakawan: Simbol Kerendahan Hati Orang Jawa. Yogyakarta: Narasi. ISBN 978-979-168-307-4. 

Cithakan:Paraga wayang