Pétruk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tokoh pawayangan Jawa
COLLECTIE TROPENMUSEUM Papieren wayangpop voorstellende Petruk (kinderspeelgoed) TMnr 809-45b.jpg
Petruk
Jeneg liyané: Dawala
Kantong Bolong
Dublajaya
Pentungpinanggul
Paraga: Punakawan
Ciri-ciri: Irungé dawa lan dedege dhuwur
Pusaka: Kapak

Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dhèwèké duwé bojo Dewi Prantawati, putri saka Prabu Sri Bathara Kresna raja nagara Dwarawati.

Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu lan Petruk Dukun.

Dasanama[besut | besut sumber]

  • Dawala
  • Kanthongbolong
  • Dublajaya
  • Penthungpinanggul
  • Helgeduelbek

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki Putra Raja Gandarwaraja Suwala kang aran Gandarwa Saparta, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijinévèrsi. g iku, dhèwèké disebut asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika iku jenengé Bambang pecukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut.

Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka iku, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngélmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar lan Bagong. Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar.

ing versi liya, Petruk kang biyene anak raja Gandarwaraja Suwala kang aran Gandarwa Saparta, biyèn deweke bocah ndablek, seneng nggodhani para wanita ing jagad manungsa. Bapake Gandarwaraja Suwala mbudidaya ngandhani kang putra kanthi cara alus utawa kasar, nanging gagal. banjur Gandarwaraja Suwala nyuwun tulung marang Resi Palasara kang lagi nglelana kaliyan Para Punakawan antarané Kyai Semar lan Bagong.

Resi Palasara nuruti pamintane Gandarwaraja Suwala,banjur Resi Palasara ngandhani kanthi cara alus marang Gandarwa Saparta,nanging Gandarwa Saparta malah mbantah lan nantang Resi Palasara adu kasekten. Banjur Resi Palasara narima tantangane, nanging sing tarung dudu Resi Palasara, namung Kyai Semar. Banjur Gandarwa Saparta ngentengake lan ngguyu marang dedeg awake Kyai Semar kang arep dilawan dhèwèké. Namung dhèwèké ya nantang yèn kalah bakal dadya abdine Resi Palasara sakturune lan nglerenake kebiasaan nakale.

Banjur nalika adu kasekten, Kyai Semar mlayu kablandang blandang, lan Gandarwa Saparta nututi mburine. Saben apa wae kang ngalang-ngalangi Kyai Semar dibalangake memburi marang Gandarwa Saparta. Watu, kayu, kewan, gegodhongan lan liya-liyané. Nanging, nalika iku Kyai Semar njabut Wit Garu Rasamala njur nubruk Gandarwa Saparta lan rubah wujud dadya Resi Sukadi,Pertapa saka Bluluktiba lan satemah dadya perang tanding saklorone.

Nanging ana keanehan, saklorone owah wujud raine dadya ala, Gandarwa Saparta irung, lengen lan sikile dadi dawa amarga ditariki Resi Sukadi. Sawalike, Resi Sukadi matane dadya kero, tangan cekot pérangan, lan sikile gejik amarga digebuki karo Gandarwa Saparta. Kyai Semar banjur misahake sakloron. Gandarwa Saparta banjur ngaku kabèh kaluputane lan kesombongane, uga pasrah dadi abdine Resi Palasara. Resi Sukadi iya mangkono, biyèn Resi Sukadi tetapa pengen umure dawa, banjur nrima pituduh saka dewa Resi Sukadi tetep umure dawa yèn ketemu marang Lurah kang awake lemu bunder kang aran Kyai Semar Badranaya, lan sakloron pasrah dadya putrane Kyai Semar Badranaya. Kyai Semar ngganti jeneng sakloron, Gandarwa Saparta dadya Petruk, banjur Resi Sukadi dadya Nala Gareng. lan Bagong dadya anak wuragil saka anak anak semar amarga sipat bagong kang ijek cilik.

Banjur Karawuhan Batara Narada, manawa Kyai Semar kadhawuhan dadya abdine Resi Palasara sakkaturunane diapit kaliyan putra angkate kang wus ana saiki.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]