Menyang kontèn

Cakil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cakil

Cakil iku wayang murgan, tegese wayang kang digawe tanpa babon ( tanpa mal wayang sing wis ana). Umume, wayang buta iku tangane 1 (sing bisa diobahake). Dene tangane tengen tememplek ing bangkekan. Cakil nyleneh dhewe. Duwe tangan 2 kaya manungsa. Tangan 2 kui bisa diobah-obahake. Mula, iki kang diarani wayang murgan (mirung-nggambarake wong mbathik tanpa petha). Mripate mlolo mendelo, nanging cadhok, negesake buta iku ora gelem ngerti butuhing liyan, sing dipikir mung butuhe dhewe. Tutuk mrenges, untune katon rangah, nggambarake yen watake srakah, dremba (rakus), angkara murka. Mula, ing wedhatama sinebut "buta buteng betah nganiaya".

Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang wong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.

Cakil lan Arjuna

Larah-larahané

[besut | besut sumber]

Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa.[1] Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala ''Tangan Yaksa Satataning Janma'' utawa taun 1552 Çaka yèn dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa papréntahan Sultan Séda Krapyak.[2].

Perang Kembang

[besut | besut sumber]

Perang kembang utawa Perang Bègal iku perang tandhing ing antarané Buta Cakil lawan satriya bambangan. Ing pagelaran wayang kulit purwa, perang tandhing iki didhisiki gara-gara. Nalika ketemu cakil, satriya bambangan iku takon-takonan saur manuk. Buta Cakil ngotot déné sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono. Amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.[3]. Perang kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang wiwit ngidhak kadhéwasan.[4]

Buta Cakil duwé sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, mripaté kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yèn Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. swarane sing keméng, omonge sing gagap, wetengé sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu.[5]. Kejaba iku Buta Cakil dilambangake mawa warna kuning utawa sipat Supiyah, ya iku sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan.[6]

Filosofi

[besut | besut sumber]

Buta Cakil nggambaraké nepsu manungsa.[2]. Nepsu manungsa kapérang dadi papat ya iku, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah.[2]. Campuh antarané Satriya lan Buta Cakil ya iku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhéwé lan sing bisa matèni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.

Buta Prepat

[besut | besut sumber]

Buta Prepat iku Buta cacah papat kang ditugasi njaga tapel wates kraton.[7]. kang kalebu bala Buta prepat ya iku.[2]

Dasanama

[besut | besut sumber]

Kayadene paraga wayang liyané, Buta Cakil uga duwé Dasanama utawa alias ya iku

  • Ditya Kala Gendir
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Klantang Mimis
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Lintring

Ditya aneng wayang tegesé Tumenggung, Buta Cakil asring dadi Tumenggung (pimpinan) Buta Prepat [8]

Wanda utawa èksprèsi Buta Cakil kapérang dadi papat.[2]

  • Wanda Kikik utawa Benceng
  • Wanda Bathang utawa Cicir
  • Wanda Naga
  • Wanda Udalan

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2012-12-31 at the Wayback Machine.(diakses tanggal 31 Maret 2011)
  2. a b c d e Sena Wangi. Ensiklopedi Wayang Indonésia. Jilid Dua. Jakarta. (1999:352) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. Sena Wangi. "Ensiklopedi Wayang Indonésia". Jilid Dua. Jakarta.(1999:351)
  4. Hermawati, dkk. "Wayang Koleksi Musiyum Jawa Tengah". Semarang.(2006: 22).
  5. Hermawati, dkk. "Wayang Koleksi Musiyum Jawa Tengah". Semarang. (2006:16-17).
  6. [2][pranala mati permanèn] (diakses 03 April 2011)
  7. Sena Wangi. Ensiklopedi Wayang Indonésia. Jilid Dua. Jakarta. (1999: 350)
  8. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet 2

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Paraga wayang