Carita Panji
Carita Panji ya iku salah sawijining jinis kasusastran ing Sastra Jawa Pertengahan. Tokoh Panji ing kasusastran Jawa muncul ana ing carita-carita rakyat sing nyebar ing Nusantara lan nagara-nagara sajabané Nuswantara, kaya ta Kamboja lan Thailand. Carita-carita Panji sing nyebar ana ing Nuswantara iku, banjur disalin lan diowahi nganggo basa Melayu, Bali lan Sasak. Tokoh Panji dhéwé ing carita, nonjolaké sipat-sipat pahlawan [1]. Miturut Zoetmulder carita Panji lumebu sastra kidung. Carita Panji dhéwé nyritakaké kisah asmara pangéran Koripan utawa Jenggala sing diarani Panji, lan putri Dhaha utawa Kedhiri ya iku Dèwi Sekartaji. Kisah Panji lan Sekartaji iku disenengi rakyat Jawa-Bali, saéngga munculaké kalangan rakyat sing ngwetokaké sastra kidung [2].