Sunan Kudus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
As-Syekh

Ja'far Ash-Shodiq
( Sunan Kudus )
Ilustrasi Sunan Kudus
Data pribadi
Lair
Ja'far Ash-Ṣhadiq

9 September 1500 M
Seda5 Mei 1550 M
Kudus, masa Kesultanan Demak
AgamiIslam
Garwa
Anak
  • Amir Haji
  • Nyi Ageng Pembayun
  • Panembahan Palembang
  • Panembahan Mekaos Honggokusumo
  • Panembahan Qodhi
  • Panembahan Karimun
  • Panembahan Joko
  • Ratu Pakojo
  • Amir Hasan
Wong tuwa
  • Utsman Haji
    (Sunan Ngudung) (ayah)
  • Dewi Sari binti Ahmad Wilwatikta (ibu)
DenominasiSunni
Dikenal sebagaiWali Songo
Pemimpin Muslim
PendahuluMaulana Malik Isro'il
PenerusAmir Hasan

Sunan Kudus dilairaké kanthi asma Ja'far Shadiq, putra saka pasangan Sunan Ngudung, (panglima perang Kasultanan Demak Bintoro), lan Syarifah, adik saka Sunan Bonang. Sunan Kudus séda kira-kira taun 1550.

Sunan Kudus naté njabat minangka panglima perang ing Kasultanan Demak, lan ing sajeroning mangsa papréntahan Sunan Prawoto, dadi penasihaté Arya Penangsang. Saliyané minangka panglima perang Kasultanan Demak, Sunan Kudus uga njabat minangka hakim pengadilan Kasultanan Demak.

Karya Sunan Kudus[besut | besut sumber]

Sajeroning ngayahi dakwah panyebaran Islam ing Kudus, Sunan Kudus migunakaké sapi minangka sarana penarik masarakat supaya teka lan ngrungokaké dakwahé. Sunan Kudus uga yasa Menara Kudus sing dadi gabungan kabudayan Islam lan Hindhu sing uga ana mesjidé sing jenengé Masjid Menara Kudus.

Ing taun 1530, Sunan Kudus ngadegaké masjid ing désa Kerjasan, Kudus Kulon, sing saiki misuwur kanthi jeneng Masjid Agung Kudus lan isih ana nganti saiki. Masjid Agung Kudus saiki dumunung ana ing alun-alun kutha Kudus, Jawa Tengah. Paninggalan liya Sunan Kudus ya iku panyuwuné marang masarakat supaya ora mbel kéwan kurban sapi sajeroning karaméan Idul Adha kanggo ngurmati masarakat penganut agama Hindhu lan ngganti kurban sapi nganggo kurban kebo. Pesen iki isih akèh ditaati déning masarakat Kudus nganti saiki.

Sedane Sunan Kudus[besut | besut sumber]

Ing taun 1550, Sunan Kudus seda nalika dadi Imam Sholat Subuh ing Masjid Menara Kudus, kanthi posisi sujud. banjur disarekake ing sacedhake Masjid Menara Kudus.

Ing budaya populer[besut | besut sumber]

  • Ing filem Sunan Kalijaga (1983), Sunan Kudus diperanaké déning Koesno Sudjarwadi.
  • Ing filem Sunan Kalijaga lan Syech Siti Jenar (1985), Sunan Kudus diperanaké déning Koesno Sudjarwadi.

Pranala njaba[besut | besut sumber]