Walisanga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Walisanga utawi Walisongo tinepang minangka panyebar agama Islam ing tanah Jawi nalika abad kaping-17. Walisanga manggén wonten ing tigang wewengkon wigati pasisir lér Pulo Jawa, inggih punika Surabaya-Gresik-Lamongan ing Jawa Wétan, Demak-Kudus-Muria ing Jawa Tengah, lan Cirebon ing Jawa Kulon. Walisanga kang mligi tegesipun wali ingkang cacahipun sanga anggotanipun inggih punika Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Drajat, Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan Muria, lan Sunan Gunung Jati.[1] Para Wali kala wau boten gesang sesarengan ing sajaman, nanging antawisipun satunggal kaliyan sanese nggadhahi sesambetan paseduluran lan sesambetan antawisipun guru lan murid.[1] Sunan Gresik utawi Maulana Malik Ibrahim, bapak saking Sunan Ampel utawi Radèn Rahmat minangka ingkang paling sepuh.[2] Sunan Giri (Radèn Paku tinepang ugi kanthi asma Ainul Yaqin) kaponakan saking Sunan Maulana Malik Ibrahim, sepupuné Sunan Ampel.[2] Sunan Bonang (Radèn Makhdum Ibrahim) kaliyan Sunan Drajat (Radèn Qasim) punika putranipun Sunan Ampel.[2] Sunan Kalijaga (Radèn Said) punika kanca ugi muridipun Sunan Bonang.[2] Sunan Muria (Radèn Umar Said) putranipun Sunan Kalijaga.[2] Sunan Kudus muridipun Sunan Kalijaga.[2]Sunan Gunung Jati (Syarif Hidayatullah) punika kanca saking sadaya sunan, kajawi Sunan Maulana Malik Ibrahim amargi sampun kapundhut.[2] Jaman Walisanga inggih punika dipuntandhani kanthi jaman pungkasanipun dhominasi Hindhu-Buda wonten ing budaya Nusantara lan sasampunipun dipungantos ngagem kabudayan Islam. Walisanga minangka simbul panyebaran Islam wonten ing Indonésia, utamanipun ing Jawa. Sanajan kathah tokoh sanès ingkang nggadhahi peran ugi, nanging peranan Walisanga ingkang ageng sanget wonten ing sajeroning ngadegaken krajaan Islam ing tanah Jawa, ugi prabawané dhumateng kabudayan masarakat.

Arti Walisanga[besut | besut sumber]

Masjid Agung Demak, dipitaya déning masarakat Jawi minangka salah satunggaling papan pakumpulanipun para wali ingkang paling kawitan

Wonten kathah pamanggih ngenani babagan menapa sajatosipun teges tembung Walisanga punika. Ingkang sepisanan, tegesé wali ingkang cacahé sanga. Pamanggih sanese malih nyebataken malih yèn tembung songo/sanga asalipun saking tembung tsana ingkang manawi wonten basa Arab tegesipun mulya. Pamanggih sanès nyebataken tembung sana asalipun saking basa Jawa, ingkang ateges papan panggenan. Pamanggih sanès wonten ingkang nerangaken manawi Walisanga ya iku dewan ingkang dipunwentuk déning Radèn Rahmat (Sunan Ampel) ing taun 1474. Nalika semanten dewan Walisanga anggotanipun ya iku Radèn Hasan (Pangeran Bintara); Makhdum Ibrahim (Sunan Bonang, putra kang kapisan saka Sunan Ampel); Qasim (Sunan Drajad, putra kapindhone Sunan Ampel); Usman Haji (Pangeran Ngudung, bapak saka Sunan Kudus); Radèn Ainul Yaqin (Sunan Giri, putrane Maulana Ishaq); Syekh Suta Maharaja; Radèn Hamzah (Pangeran Tumapel), lan Radèn Mahmud.

Para Walisanga punika sajatosipun intelektual ingkang dados pambaharu masarakat ing jaman semanten. Prabawanipun saged dipunraosaken wonten ing saben wujud manifestasi peradaban Jawa anyaran wiwit saking kasarasan, Ndur-tinandur, Adol tinuku, kabudayan, kesenian, kemasyarakatan, ngantos pamaréntahan. Pamanggih sanès nuturaken manawi Walisanga punika majlis dakwah ingkang dipundamel Sunan Gresik (Maulana Malik Ibrahim) ing warsa 1404 Masehi (808 Hijriyah).[1] Nalika semanten punika majlis dakwah Walisanga anggotanipun Maulana Malik Ibrahim, Maulana Ishaq (Sunan Wali Lanang) rayinipun Sunan Gresik piyambak, Maulana Ahmad Jumadil Kubro (Sunan Kubrawi), Maulana Muhammad Al-Maghrabi (Sunan Maghribi), Maulana Malik Isra'il (saking Cempa), Maulana Muhammad Ali Akbar, Maulana Hasanuddin, Maulana 'Aliyuddin, lan Syekh Subakir.[1]

Sajarah Walisanga[besut | besut sumber]

Walisanga mapan wonten ing pasisir Ler Pulo Jawa wiwit saking partengahan abad kaping 13 ngantos partengahan abad kaping 16 dumunung ing tigang panggenan wewengkon ingkang bénten ing Pulo Jawa.[3] Inggih punika ing Surabaya-Gresik-Lamongan (Jawa Wétan), Demak-Kudus-Muria (Jawa Tengah) lan Cirebon (Jawa Kulon).[3] Para wali punika musataken Pesantrèn lan dakwahipun wonten ing pasisir lèr Jawa, ananging para murid lan penerusipun sampun mbakta ajaran Islam dhumateng sadaya wewengkon Nusantara.[3] Walisanga anggadhahi prabawa ageng wonten ing babagan kailmuan kadosta :ngèlmu mèdis, tetanèn, perniagaan, kabudayan, kesenian, kamasyrakatan ugi babagan ngèlmu pamaréntahan.[3] Pesantrèn Sunan Ampèl lan Sunan Giri, institusi pandhidhikan ingkang paling utama ing masané.[4]

Saking pesantrèn ingkang dipunampu déning Sunan Giri, agama islam saged nyebar dhateng wewengkon wétan Nusantara.[4] Sunan Giri lan Sunan Gunung Jati boten namung ulama, ananging ugi pemimpin pamaréntahan.[4] Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Kalijaga, lan Sunan Kudus punika kreator karya seni ingkang prabawaipun taksih kraos ngantos sapunika,[4] kadosta kabudayan Jawa.[5]

Déné Sunan Muria punika pandamping sejatinipun tiyang boten gadhah.[4] Jaman Walisanga punika minangka pungkasan saking kabudayan ingkang didominasi agami Hindhu-Buda ing nusantara ingkang dipungantos kabudayan Islam.[4] Walisanga dados simbul panyebar agama Islam ing Indonésia utamanipun Jawa.[4]

Asma-asmané Walisanga[besut | besut sumber]

Sanajan wonten béntenipun antawis satunggal panemu kaliyan sanésipun ngenani sinten kemawon ingkang kalebet Walisanga, umumipun wonten sangang asma ingkang dipunsebat minangka anggotanipun Walisanga ingkang paling misuwur, inggih punika:

|} Para Walisanga boten gesang ing wayah sing sajaman. Nanging antawis satunggal kaliyan sanesipun anggadhahi sesambetan ingkang raket sanget. Sesambetan punika kadosta sesambetan trah menapa sesambetan jejodoan utawi sesambetan antawis guru kaliyan murid.

Maulana Malik Ibrahim[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Gresik

Maulana Malik Ibrahim punika keturunan kaping 11 saking Husain bin Ali. Panjenenganipun tinepang ugi kanthi asma Sunan Gresik, Syekh Maghribi, utawi Makhdum Ibrahim As-Samarqandy. Panjenenganipun diprakiraaken mijil wonten ing Samarkand ing Asia Tengah, nalika paruh kawitan abad 14. Babad Tanah Jawi versi Meinsma maringi sebatan kagem Maulana Malik Ibrahim kanthi sebatan Asmarakandi, pangocapane kadherekaken saking ilate tiyang Jawi dhumateng As-Samarqandy.[6] Wonten ing sajeroning carita rakyat, wonten ugi ingkang njenengi kanthi julukan Kakek Bantal.

Malik Ibrahim umumipun dipunanggep minangka wali kapisan ingkang ndakwahaken Islam ing Jawa. Panjenenganipun mucalaken cara-cara énggal kagem nandhur lan kathah ngrangkul tiyang alit awit kawigatosanipun dhumateng golongan masarakat Jawi ingkang kasingkir nalika akir jaman Majapahit. Malik Ibrahim nyobi narik kawigatosanipun masarakat Jawi ingkang rikala semanten saweg dilandha krisis ékonomi lan perang sedèrèk. Panjenenganipun yasa pondokan kagem sinau agami wonten ing Leran, Gresik. Ing warsa 1419 Malik Ibrahim séda. Makamipun mapan ing désa Gapura Wétan, Gresik, Jawa Wétan.

Sunan Ampel[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Ampel

Sunan Ampel punika sajatosipun gadhah asma Radèn Rahmat, keturunan kaping 12 saking Husain bin Ali, miturut riwayat, Sunan Ampel punika putra saka Maulana Malik Ibrahim lan sawijining putri Champa. Panjenengane disebataken tasih kagungan sesambetan kekerabatan karo salah sijiné istri utawa selir saka Brawijaya ratu Majapahit. Sunan Ampel lumrahé dianggep minangka sesepuh déning para wali liyané. Pesantrene sing mapan ing Ampel Denta, Surabaya, lan iku digunakaké minangka salah sijining punjer panyebaran agama Islam paling tuwa ing Jawa. Sunan Ampel krama kaliyan Nyai Ageng Manila, putri adipati Tuban inggih punika Arya Teja. Sunan Bonang lan Sunan Kudus punika putranipun sadaya, manawi Sunan Drajat punika semahipun. Makam Sunan Ampel wonten ing caketipun Masjid Ampel, Surabaya.

Sunan Bonang[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Bonang

Sunan Bonang utawi sinebat Radèn Makdum Ibrahim (Ampèl Denta, Surabaya 1465-Tuban 1525 inggih punika putra Sunan Ampèl saking garwa Dwi Candrawati.[7][8] Sunan Bonang (Maulana Ibrahim) inggih punika sepupunipun saking Sunan Kalijaga kang tinepang karan sebatan pencipta gending kang kapisan[7]. Sadèrèngipun ing babagan dakwah, Sunan Bonang asring nuntut ngèlmu (sinau) ana ing Pasai, lajeng sakbanjuré saka Pasai [8]. Sunan Bonang ngadegaken pondhok pesantren ing tlatah Tuban[7][8]. Santri kang sinau ing pesantren Maulana Makdum Ibrahim (Sunan Bonang), asalipun saking tlatah iNusantara [9]. Ing sajeroning dakwahipun Maulana Makhdum Ibramim (Sunan Bonang) nggadhahi ciri, inggih punika kanthi ngéwahi asma-asma Dèwa kanthi asma-asma malaikat kang tinepang ing sajeroning ajaram Islam [9]. Sajeroning pesantrèn ngupaya supados saged ngetutaken ajarang agama Hindhu lan Buda kang tinepang sampun dianut sadèrèngipun [7][8]

Sunan Drajat[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Drajat

Sunan Drajat utawi ingkang asring kasebat Radèn Kosim lan Syaripuddin (Ampèl Denta, Surabaya, 1470-Sedayu, Gresik, tengah abad 16)[7]. Ing sajeroning masarakat saubengipun Sunan Drajat asring tinepang kanthi sebatan Sunan Sedayu, parapan Sunan Sedayu inggih punika karana disareaké (dimakamake) ing caketipun kutha Sedayu (kirang langkung 30 km saking Sedayu)[7]. Radèn Kosim (Sunan Drajat) inggih punika putranipun Sunan Ampèl saking garwa kaping kalih (2) inggih punika Dwi Candrawati.[8]. Radèn Kosim (Sunan Drajat) nggadhahi sadulur kandung(se-bapak lan se-ibu) kang cacahipun 6, ya ikui Siti Syareat (istri R.Usman Haji) lan Radèn Maulana Makdum Ibrahim (Sunan Bonang) saha duwé sadulur sekandung lan béda ibu, ya iku [[Dewi Murtasiyah (istri R.Fatah) lan Dewi Murtasimah (istri R.Paku utawa Sunan Giri)[8].Saha istri Sunan Drajat ya iku Dewi Sifiyah putri Sunan Gunung Jati[10].

Sunan Kudus[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Kudus

Sunan Kudus dilairaken kanthi asma Jaffar Shadiq, putra saking pasangan Sunan Ngudung, (panglima perang Kasultanan Demak Bintoro), lan Syarifah, adik saka Sunan Bonang. Sunan Kudus séda udakara taun 1550. Sunan Kudus naté njabat minangka panglima perang ing Kasultanan Demak, lan sajeroning mangsa pamaréntahan Sunan Prawoto, dados penasihatipun Arya Penangsang. Sanesipun minangka panglima perang Kasultanan Demak, Sunan Kudus ugi njabat minangka hakim pangadilan Kasultanan Demak. Jroning ngayahi dakwah panyebaran Islam ing Kudus, Sunan Kudus migunakaké sapi minangka sarana penarik masarakat supados rawuh lan mirengaken dakwahipun. Sunan Kudus ugi yasa Menara Kudus ingkang dados gabungan kabudayan Islam lan Hindhu kang ugi wonten mesjidipun kanthi aran Masjid Menara Kudus. Kangge ngelancaraken syiar Islam, Sunan Kudus ngripta Tembang Sinom kaliyan Tembang Kinanthi.

Sunan Giri[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Giri

Sunan Giri iku salah sawijining Walisanga lan pangadeg kraton Giri Kedaton, sing dunungé ing dhaérah Gresik, Jawa Wétan. Sunan Giri lair ing Blambangan taun 1442[8]. Sunan Giri duwé sawetara dasanama, ya iku Radèn Paku, Prabu Satmata, Sultan Abdul Faqih, Radèn 'Ainul Yaqin lan Jaka Samudra. Sunan Giri disarèkaké ing désa Giri, Kebomas, Gresik.[7][8]

Sunan Kalijaga[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Kalijaga

Sunan Kalijaga ingkang gesang ing jamanipun kraton Islam Demak (watawis abad kaping 15) nggadhahi asma asli Radèn Said, inggih punika putranipun Adipati Tuban inggih punika Tumenggung Wilatikta utawi Radèn Sahur. Radèn Sahur taksih keturunanipun Ranggalawe ingkang ngrasuk agami Hindhu. Sunan Kalijaga dipuntepangaken kaliyan agami Islam saking guru agami ing Kadipaten Tuban wiwit panjenenganipun taksih alit. Sunan Kalijaga putranipun adipati Tuban ingkang asmanipun Tumenggung Wilatikta utawa Radèn Sahur. Sunan Kallijaga punika murid saking Sunan Bonang, kanggé nyebar agama islam, piyambakipun andamel wayang kulit kaliyan tembang suluk, tembang suluk punika kaya ta ilir-ilir, Gundul-Gundhul Pacul. Wonten kisah ingkang nyebataken manawa Sunan Kalijaga bebrayan kalih Dewi Saroh binti Maulana Ishaq.

Sunan Muria[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Muria

Sunan Muria anggadhahi asma miyos inggih punika Radèn Umar Said utawa Radèn Said.[11] Radèn Said punika putra saking Sunan Kalijaga kaliyan Dewi Sarah.[11] Piyambakipun dhaup kaliyan Dewi Soejinah, putri Sunan Ngudung, ugi mbakyu saking Sunan Kudus.[11] Radèn Said dipunjuluki Sunan Muria amargi wewengkon syiaripun inggih punika (Gunung Muria)[11], ingkang dumunung ing sisih lor kitha Kudus, Jawa Tengah, panggenan Sunan Muria dipunsarèkakén.

Sunan Gunung Jati[besut | besut sumber]

Artikel baku: Sunan Gunung Jati

Sunan Gunung Jati utawi asring kasebat kanthi asma Syarif Hidayatullah utawa Fatahillah.[11] Sunan Gunung jati punika salah satunggaling walisanga kang anggadhahi peran ingkang kathah wonten ing syiar agama Islam ing pulo jawa saubengé, kususé ana ing bagean Jawa Kulon.[11] Syarif Hidayatullah utawi Sunan Gunung Jati asring tinepang ing kalangan ulama ing Jawa kulon saubengé dados tokoh kang yasa Kasultanan Cirebon lan Banten.

Miturut Hoesein Djajadiningrat ing bukuné kanthi sesirah Sadjarah Banten, nyatakake manawa jeneng Fadillah lan Nurullah ya iku jeneng salah sijiné wong[12]. Jeneng asliné ya iku Nurullah, banjur kaloka karan jeneng Syekh Ibnu Maulana [11].Ing carita wong Portugis asring kaloka karan jeneng Falatehan utawa Tagaril [12].Nurul kang misuwur karan jeneng Sunan Gunung jati asalé saka Pasai lan panguasa portugis ing Malaka taun 1511 lan akhiré ing tau 1521 ngawe Nurullah (Sunan Gunung Jati) ora bisa tinggal ana ing Pasai [11].




Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Walisanga(08 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g Walisanga dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  3. ^ a b c d sajarah parjuangan Walisanga dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  4. ^ a b c d e f g Riwayat Walisanga Sembilan Wali dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  5. ^ Walisanga Misionaris Muslim dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  6. ^ Meinsma, J.J., 1903. Serat Babad Tanah Jawi, Wiwit Saking Nabi Adam Dumugi ing Tahun 1647. S'Gravenhage.
  7. ^ a b c d e f g Bolland, BJ .1985.Pergumulan Islam di Indonésia .Jakarta:Grafiti Press.(halaman 123) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  8. ^ a b c d e f g h A.Aziz Salim Basyarahil .2005.Hikmah dalam Humor Kisah dan Pepatah, Gema Insani, Cet.VII,.Jakarta.(halaman 64) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  9. ^ a b . A.Jamil, dkk, Sajarah Kebudayaan Islam, CV. Toha Putra.Semarang.hal 27.1998.
  10. ^ Acmadi Wahid, dkk.Sajarah Kebudayaan Islam, Pustaka Insan madani, Sléman.hal 152.2006.
  11. ^ a b c d e f g h Purwadi.2007.Sajarah Sastra Jawa.Yogyakarta:Panji Pustaka Yogyakarta (hal125) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  12. ^ a b Taufiq dan Sharon Siddque, dkk.Sajarah Umat islam Indonésia, Jakarta, Majelis Ulama Indonesi.hal 157 . 1991.