Kendhang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kendang)
Jump to navigation Jump to search
SambaSunda Quintett in Cologne (0253).jpg
Kendhang

Kendhang iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèren, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu kang wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.[1] Kendhang duwé jinis lan ukuran kang warna-warna.[1] Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm.[1] Kendhang dhapuré kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.[1]

Wujud[besut | besut sumber]

Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Pérangan kang luwih gedhé lumrahé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Jinis[besut | besut sumber]

Ana 4 jinis kendhang kang umum dienggo ing gamelan ya iku: (urutan saka kang gedhé dhéwé ukurané)

Fungsi[besut | besut sumber]

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama mligi yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

Jinis swara lan cara nabuh[besut | besut sumber]

Akèh jinis swara kang bisa diasilaké saka piranti kendhang iki ya iku antarané:

  • Dlong: swara iki metu saka tengah pérangan kendhang kang gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sapérangan tlapakan kang langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
  • Dhah: swara iki metu saka sisih utawa pinggir pérangan kendhang kang gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sapérangan tlapakan tangan kang langsung diculaké.
  • Thung: swara iki metu saka tengah pérangan kendhang kang gedhé, ditabuh nganggo driji kang langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka pérangan kendhang kang gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding kang langsung diculaké.
  • Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang kang gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji mligi pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
  • Tong: swara iki metu saka sisih utawa pinggir pérangan kendhang kang cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
  • Tak: swara iki metu saka pérangan kendhang kang cilik, ditabuh nganggo kabèh driji lan sapérangan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing pérangan kendhang kang gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
  • Deng: swara iki metu saka pérangan kendhang kang gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ana ing sisih pinggir kendhang. Sumber: Hari Kendhang Kabupatèn Madiun.

Notasi[besut | besut sumber]

Notasi swara kendhang kang umum dienggo ya iku:

  • Swara dlong diwakili simbol D
  • Swara dhah diwakili simbol b
  • Swara thung diwakili simbol p
  • Swara ket diwakili simbol k
  • Swara tong diwakili simbol o
  • Swara tak diwakili simbol t
  • Swara deng diwakili simbol B

Cathetan suku[besut | besut sumber]

<references>

  1. ^ a b c d joglosemar.co.id(dipunundhuh tanggal 30 Mèi 2011)