Menyang kontèn

Sléndro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sléndro utawa saléndro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada nduwé béda interval swara kang cilik.

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawatara ahli kang golèk sesambungané sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.

Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) barang
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nenem

Watak lan pathet

[besut | besut sumber]

Ing Bali, sléndro minangka kaanan kang sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.

Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang

Pathet nem

[besut | besut sumber]

Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.

Pathet sanga

[besut | besut sumber]

Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga karan barang miring. Pathet iki dhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.

Pathet manyura

[besut | besut sumber]

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.

Uga delengen

[besut | besut sumber]