Sīma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Sima)

Sīma (Sangsekerta: सीमन्, salin aksara sīman, lit. 'wates, rangkah'[1]) iku wewengkon sing dibébasaké saka pajeg ing pamaréntahan jaman Jawa Kuna. Wewengkon iki adaté diwènèhaké déning ratu kanggo punggawané utawa rakyaté sing ana lelabuhané (jasané) marang praja, utawa kanggo ngadegaké yasan suci.[2]

Ing jaman sabubaré Majapahit, Tanah Sima disebut Bhumi Perdhikan. Akèh prasasti ing jaman Jawa Kuna kanggo mbiwaraaké sawijining tlatah dadi sima. Kaya ing Prasasti Mantyasih ing jaman Rakai Watukura Dyah Balitung, kang ngandhut surasa supaya désa Mantyasih luwar saka kuwajiban mbayar pajek. Ana akèh sebab sawijining panggonan didadékaké sima, ing antarané: ana darma bekti marang raja sing nyekel kuwasa, ana panggonan kanggo nyembah déwa-déwa, lan liya-liyané.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Zoetmulder, P.J. (1982). Old Javanese-English Dictionary. 
  2. ^ Nastiti, Titi Surti (2003). Pasar di Jawa pada Masa Mataram Kuna Abad VIII-XI Masehi. Jakarta: Pustaka Jaya. k. 181. ISBN 979-419-313-5.