Candhi Mendut
Candhi Mendut | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | i, iv |
Tlatah UNESCO | Asia Pasifik |
Candhi Mendut iku candhi mawa latar wuri agama Buda. Candhi iki dumunung ing désa Mendut, kacamatan Mungkid, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah, sawatara kilomèter saka candhi Barabudhur. Candhi bisa diarani lawang tumuju candhi Pawon lan candhi Barabudur.[1]
Mangsa pembangunan
[besut | besut sumber]Candhi Mendut diadegaké samangsa papréntahan Raja Indra saka dinasti Syailendra. Sajeroning prasasti Karangtengah kang mawa tarikh 824 Masèhi, disebutaké yèn raja Indra wis yasa yasan suci kanthi jeneng wenuwana kang tegesé alas pring. Déning ahli arkéologi Walanda J.G. de Casparis, tembung iki dihubungaké karo Candhi Mendut. Miturut sajarah, ing taun 1836 sakebehing yasan candhi Mendut tinemu kajaba pérangan payone. Candhi iki ketutupan ing sangisore tumpukan semak-semak bokmanawa jalaran njebluge gunung Merapi utawa lindu.[1] Ing taun 1887, candhi mendhut didandani wiwit saka sikil tekan awak candhi. Asil saka rehabilitasi iki durung kaya kang dikarepake. Mula ing taun 1908, Van Erp nerusaké ndandani candhi mendhut bebarengan karo candhi borobudur. Nanging upadaya iki uga durung nuwuhaké asil kang sampurna jalaran kesandhung kurange dana bangsa Walanda. Sawisé mandheg kurang luwih 38 taun, ing taun 1925, candhi mendhut didandani manèh.
Arsitektur candhi
[besut | besut sumber]Bahan yasan candhi sakbeneré wujud bata sing ditutupi nganggo watu alam. Wangunan iki mapan ing sawijining basement sing dhuwur, saéngga katon luwih anggun lan kuwat. Trap munggah lan lawang lumebu madhep ngidul-kulon. Sadhuwuring basement ana lurung sing ngubengi awak candhi. Payoné tingkat telu lan direngga nganggo stupa-stupa cilik. Cacahing stupa-stupa cilik sing kapasang saiki ana 48 iji.
Dhuwur yasan ya iku 26,4 mèter.
Rujukan
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Candhi Mendut. |
- Marijke J. Klokke, 1993, The Tantri Reliefs on Ancient Javanese Candhi. Leiden: KITLV Press.
- (ing basa Walanda) N.J. Krom, 1918, ‘De Boddhisatwa’s van den Mĕndut’, Bijdragen to de Taal-, Land- en Volkenkunde 74:419-37.
- L. Mardiwarsito, 1983, Tantri Kāmandaka. Ende: Nusa Indah/Kanisius.