Candhi Banyuniba

Candhi Banyunibo (kang artiné banyu kang tiba-nètès yaiku candhi Buda kang ana ing wewengkon Candhi Ratu Boko, yaiku ing pérangan wétan saka kutha Yogyakarta menyang arah Wonosari. Candhi iki dibangun ing kiwa-tengené abad ke-9 ing jaman Karajan Mataram Kuno[1].Ing pérangan dhuwur candhi iki ana stupa kang dadi ciri khas agama Buda. Candhi iki diketemuaké kanthi kahanan runtuh banjur digali lan diteliti ing taun 1940.
Struktur
[besut | besut sumber]Candhi Banyunibo kalebu yasan suci kang cukup akèh rerenggan (ornamènt). Ing kabèh pérangan sisih candhi iki ana warna-warna rerenggan lan relièf, nanging akèh pérangan kang padha motifipun. Ing témbok sebrang lawang lumebu ing kidul candhi ana relièf kang nggambaraké tokoh lanang. Relief tokoh iki wus rusak ing sisih tangan kiwa. Ing sisih kiwa ana pengiring(pariwara) kanthi sikap lungguh ardha paryangka. Tangan tengen ing dhuwur pupu tengen, tangan kiwa kaya-kaya nglindungi kanthong gedhé. Kanthi ningali ciri mau bisa disimpulaké manawa relièf mau nggambaraké Déwa Kurawa, kang dianggep déwa kekayan, nanging ing Indonésia déwa iki luwé dikenal penganut Buda. Ing dhuwur relief iki ana ornamèn ing wujud rekalsitran utawa selur gelung. Ing témbok sebrang lor ana rèlièf tokoh wadhon kanthi sikap lungguh. Sikil kiwa ditekuk munggah, sikil tengen ing posisi sila. Tangan tengen ing dhuwur pupu, lan tangan kiwa mbopong bocah cilik. Ing sakeliling ana bocah-bocah akèh. Susunan candhi Banyunibo kasusun saka candhi induk kang madhep arah kulon lan dikelilingi enem candhi perwara kanthi wujud stupa-stupa. Stupa-stupa iki disusun ndèrèt ing kidul lan wétan candhi induk[2].
Lokasi
[besut | besut sumber]Uga delengen
[besut | besut sumber]cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ www.gudeg,net:Candhi Banyunibo[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 9 Oktober 2012)
- ↑ www.candhidiy.tripod.com:Candhi Banyunibo[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 9 Oktober 2012)
| Artikel arkéologi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit August 2025
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Candhi Buda
- Candhi ing Ngayogyakarta
- Cagar budaya ing Sléman