Menyang kontèn

Candhi Panataran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Candhi Penataran)
Candhi Panataran
Komplèks Candhi Penataran: Candhi Angka Tahun, kanthi Candhi Naga lan Candhi Utama ing sawingkingipun.
Tetélan pokok
Cakrik yasancandhi
KuthaDésa Penataran, Kacamatan Nglegok, Kabupatèn Blitar, Jawa Wétan.
NagaraIndonésia
Diyasa kawitwatawis 1200 Masèhi
Rampungterus dipuntambah lan dipun-ginakaken ngantos 1415 Masèhi
Technical details
Structural systemcandhi lan teras mawi undhagan saking susunan blok watu andesit ingkang saling ngunci

Candhi Penataran inggih punika satunggaling candhi ingkang adhedhasar Hindhu (Siwaitis) ingkang mapan wonten Jawi Wétan, leresipun wonten sapèrèngipun Wukir Kelud sisih kidul kilèn, salèripun kitha Blitar. Komplèk candhi punika minangka ingkang paling ageng wonten Jawi Wétan. Candhi punika kawiwitan pambangunanipun saking Krajan Kadiri saha dipunginakaken ngantos dumugi Krajan Majapait. Candhi Penataran punika minangka lambang pranatan papréntahan kraton-kraton ingkang wonten ing Jawi Wétan. Tenger sajatos Candhi Penataran ingkang dipunpitados inggih punika Candhi Palah ingkang kasebat wonten ing Prasasti Palah dipunbangun wonten ing warsa 1194 déning Raja Crnga (Syrenggra) ingkang gadhah gelar Sri Maharaja Sri Sarweqwara Triwikramawataranindita Crengalancana Digwijayottungadewa ingkang hamrintah Kraton Kediri antawis warsa 1190 - 1200 minangka candhi wukir kanggé papan upacara pamujan supados saged netralaken utawi hangendhani saking mara bebaya ingkang dipunjalari déning Wukir Kelud ingkang asring njeblug.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Kitab Nagarakretagama ingkang sinerat déning Mpu Prapanca nyariosaken lampahipun Raja Hayam Wuruk ingkang hamrintah Kraton Majapait antawis warsa 1350 - 1389, tumuju Candhi Palah badhé nindakaken pamujan dhumateng Hyang Acalapati ingkang awujud Girindra (Raja Panguaos Wukir). Asma ingkang sami inggih punika Girindra ingkang dipunsebat wonten ing Kitab Nagarakretagama ingkang asma Ken Arok ingkang agelar Girindra utawi Girinatha nuwuhaken panyana bilih Candhi Penataran inggih punika papan pandharman (perabuan) Ken Arok. Girindra ugi asma salah satunggaling wangsa ingkang dipunturunaken Ken Arok sanesipun wangsa Rajasa saha wangsa Wardhana. Wondene Hyang Acalapati inggih punika salah satunggaling pawujudan saking Déwa Siwa sarupi kaliyan patuladhan (khodam) watekipun Bathara Siwa ingkang miturun kapitayan katindakaken déning Ken Arok. Kawigatosan dhateng prasasti Palah wangsul rikala warsa 1286 wonten ing papréntahanipun Kertanagara. Panjenenganipun njumenengaken Candhi Naga kanthi rerenggan relief naga ingkang dipunsangga déning 9 pawongan minangka pralambang candra sengkala "Naga muluk sinangga jalma" utawi warsa 1208 Saka. Wonten ing papréntahanipun Jayanagara candhi Penataran wiwit pikantuk pemigatosan malih tumunten dipunlajengaken wonten ing papréntahanipun Tribuanatunggadewi lan Hayam Wuruk. Pamujan dhumateng Déwa Palah sansaya kenthel wujud pamujan dhumanteng Déwa Wukir utawi Syiwa. Candhi Penataran dipunresmekaken minangka candhi nagara kanthi status Dharma uwal. Jumbuh kaliyan angka warso ingkang kaukiraken wonten ing témbok kolam inggih punika warsa 1337 Saka utawi warsa 1414 M minangka angka warso ingkang paling anem ing antawisipun angka-angka warsa ingkang wonten ing komplek candhi Penataran wau. Wekdal punika Majapait wonten ing papréntahanipun Wikramawardhana. Kawiwitan bibaripun kraton Majapait ingkang tumunten kasusul kanthi mlebetipun agami Islam wonten ing tanah Jawi, kathah yasan suci ingkang magepokan kaliyan agami Hindhu lan Buda makaten kemawon dipuntilar déning masarakat penganutipun. Sansoyo dangu yasan-yasan suci ingkang boten kaginakaken malih punika dipunsupèkaken tiyang amargi masarakat kathah-kathaipun sampun gantos kapercayan. Satemah yasan kasebat dados kalantar boten wonten malih ingkang ngurus, pungkasanipun kaurug longsoran siti saha taneman grumbul. Candhi Penataran kapanggih malih wonten ing warsa 1815, nanging ngantos dumugi warsa 1950 dèrèng kathah dipunkenal. Ingkang manggihaken ingging punika Sir Thomas Stamford Raffles (1781-1826) Gubernur Jendral pamarintah kolonial Inggris ingkang naté kuwaos wonten ing nuswantara. Kairingan lampahipun wekdal komplek candhi Penataran ingkang rikala rumiyin naté kasingkiraken, sapunika wiwit pikantuk kawigatosan saking pamarintah lan salajengipun dipunpugar. Sapunika candhi punika dados tujuwan wisata ingkang merak ati.

Relief Candhi

[besut | besut sumber]

Relief andhap wonten ing yasan induk komplèk Canci Penataran manawi dipun-gantos wujud gambaran manungsa ingkang kados déné ringgit purwa.

Gaya Relief

[besut | besut sumber]
Barkas:COLLECTIE TROPENMUSEUM Stenen tempelwachter bij de Candhi Panataran TMnr 20027142.jpg
Reca dwarapāla panjagi régol.

Salintunipun minangka komplèk percandhian paling wiyar, Candhi Penataran ugi gadhah kekhasan wonten ing ikonografi reliefipun. Gaya reliefipun nedahaken wujud ingkang cetha bènten saking candhi-candhi Jawi Tengah saking sadèrèngipun abad kasewelas kados déné Candhi Prambanan. Wujud relief manungsa dipungambaraken kados déné ringgit purwa, kados ingkan saged kapanggih wonten gaya pangukiranipun ingkang kapanggih wonten ing Candhi Sukuh, satunggaling candhi saking pungkasanipun periode Hindhu-Buda wonten ing sajarah Nuswantara. Candhi punika dipunusulaken wonten ing pratélan Situs Warisan Donya UNESCO kawiwitan 19 Oktober 1995.

Bubhuksah lan Gagang Aking

[besut | besut sumber]

Sapanjangipun témbok pendhopo Emper kaukir carita Bubhuksah lan Gagang Aking sartacarita Sri Tanjung. Caritanipun inggih punika ; Bhuksadipun gambaraken minangka satunggaling makluk ingkang pawakanipun ageng ingkang remen dhahar punapa kemawon ikhlas saha boten naté tilem. Wondene Gagang Aking kuru garing remen siyam saha ugi remen tilem. Wonten ing satunggaling wekdal Déwa Siwa malih wujud dados maung seta kanggé hanguji kekalih pawongan wau. Tanggapan saking Gagang Aking inggih punika "kula tiyang ingkang kuru, ampun ndhahar kula, nanging panjenengan dhahar rencang kulo ingkang lemu punika. Wondene Bhuksa "Sumangga ndhahar awak kulo" Wonten ujian kasebat Bhuksa lulus lan piyambakipun mlebet ing Suwarga. Hikmah ingkang saged kapetik saking cariyos kasebat inggih punika manungsa kedah ikhlas salebeting nglampahi gesang punika.

Sri Tanjung

[besut | besut sumber]

Carita salajengipun ingkang kaukir wonten relief Pendhopo Emper inggih punika cariyosipun Sri Tanjung ingkang dipunwiwiti saking sisih kilèn dhateng kidul kanthi ubengan prasanawya. Carita Sri Tanjung dipunawiti kanthi lukisan Raden Sidapaksa ngabdi dhumateng Raja Sukalrama wonten ing Negari Sindurejo. Sidapaksa dipunutus ngupadi jampi déning raja dhumateng éyang Bhagawan Tamba Petra lan wonten mrika piyampaipun andum tresno kaliyan Sri Tanjung. Sasampunipun dados semahipun, Sri Tanjung dipunboyong dhateng Sindurejo. Raja Sulakrama kedanan kaliyan Sri Tanjung saéngga pados rekadaya supados saged misahaken Sri Tanjung kaliyan Sidapaksa. Sidopaksa lajeng dipunutus dhateng suwarga, kanthi ngasto nawala ingkang suraosipun ingkang ngasto nawala punika badhé ngraman wonten suarga. Awit saking pambiyantu Sri Tanjung ingkang nampi warisan selendang saking ramanipun Raden Sudamala, piyampaipun saged dhateng suarga lan wonten ing mrika piyambaipun dipunajar para déwa. Nanging pungkasanipun kanthi nyebat leluhuripun Pandhawa piyambaipun dipunuwalaken saha pinaringan berkah. Sasedanipun Sidapaksa lan Sri Tanjung dipunpitenah ngajak sedeng kaliyan raja. Pungkasanipun kanthi murka Sidapaksa merjaya Sri Tanjung. Nanging Sri Tanjung dipungesangaken malih déning para déwa. Sidapaksa dipunwajibaken merjaya Raja Sulakrama lan wonten ing paprangan piyambaipun kasil.

Rujukan

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]