Menyang kontèn

Candhi Ijo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koordhinat: 7°47′2″S 110°30′44″E / 7.78389°S 110.51222°E / -7.78389; 110.51222 Candhi Ijo inggih punika salah satunggaling komplèks cecandhèn ingkang wonten ing Gumuk Ijo.[1] Naminipun candhi punika dipunpendhet saking namanipun panggènan dipunwangunipun candhi punika ingkang déning tiyang ing mrika dipunwastani Gumuk Ijo.[1] Gumuk Ijo kalebet pagumukan paling inggil ing wewengkon Kacamatan Prambanan, Sléman, ingkang inggilipun kinten-kinten 410 méter sanginggilipun palumahan sagara.[1][2] Candhi Ijo mapan ing 357,402 méter-395,481 méter ing sanginggilipun palumahan sagara.[1] Candhi punika mapan ing panggènan paling inggil ing antawisipun candhi-candhi sanèsipun ing wewengkon Yogyakarta.[2]

Candhi Ijo

Komplèks candhi Ijo sajatosipun taksih wonten ing satunggal pagumukan kaliyan candhi-candhi sanèsipun, kados Candhi Ratu Baka, Candhi Barong, sarta Candhi Banyuniba.[1] Candhi-candhi kasebat wonten ing sanginggilipun gunung kapur Kacamatan Prambanan.[1] Candhi Ijo kinten-kinten dipunyasa watawis abad kaping 9 Maséhi.[1]

Sakabèhé, komplèks candi iki kawangun saka teras-teras sing awujud undhak-undhakan. Pérangan paling ngisor dumunung ing sisih kulon, déné pérangan sing paling dhuwur ana ing sisih wétan, manut karo kontur utawa wangun gumuké lemah. Komplèks percandhèn utama mapan ana ing pucuk sisih wétan.[1]

Ing sisih kulon katon candi sing isih ana ing proses ekskavasi lan durung ngalami pamugaran. Sawisé kapisah déning tegalan cilik, ana teras liyane sing luwih dhuwur, ing kana ditemokake pretelan candhi lumayan akèh sing diduga asalé saka kempalan candhi-candhi pamujan ukuran cilik (candhi perwara). Salah siji saka candi kasebut wis kasil dipugar ing taun 2013.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 Candhi Ijo[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 Candhi Ijo, Candhi yang Letaknya Tertinggi di Yogyakarta[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Candhi Ijo[pranala mati permanèn]