Menyang kontèn

Candhi Bajang Ratu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gapura Bajang Ratu

Candhi Bajang Ratu utawa Gapura Bajang Ratu ya iku gapura / candhi tetilasan Majapahit ing Désa Temon, Kacamatan Trowulan, Kabupatèn Mojokerto, Jawa Timur, Indonésia, kanthi arah timur laut lan ana ing ketinggian ± 41,49 mèter sakduwuré sagara[1].

Wangunan iki diperkiraaké diyasa abad kaping 14. Menurut cathetan Badan Pelestarian Peninggalan Purbakala Mojokerto, candhi / gapura iki duwé fungsi dadi gerbang lumebu kanggo yasan suci kanggo mréngeti séda é Raja Jayanagara yèn ing Nagarakertagama karan "bali menyang donya Wisnu" taun 1250 Saka (kurang luwih taun 1328 Masèhi). Nanging nyatané sadurungé séda Jayanagara candhi iki digunaaké kanggo gerbang mburi karajan. Dugaan iki dijurung anané relief "Sri Tanjung" lan swiwi gapura kang nglambangaké penglepasan lan nganti saiki ing Trowulan wis dadi sawijining kabudayan yèn layat wong kesripahan dikudukaké metu lawang mburi.[butuh sitiran]

Jeneng Bajangratu mau paling awal ing Oudheidkunding Verslag (OV) taun 1915. Arkéolog Sri Soeyatmi Satari nduga jeneng Bajangratu ana gayutané karo Raja Jayanagara saka Majapahit, amarga jeneng 'bajang' berarti kerdil. Menurut Kitab Pararaton lan carita rakyat, Jayanagara dinobatké nalika isih cilik utawa bajang, seingga gelar Ratu Bajang utawa Bajangratu diduwèni Jayanagara[2].

Sejarawan ngaitaké gapura iki karo Çrenggapura (Çri Ranggapura) utawa Kapopongan ing Antawulan (Trowulan), sawijining papan suci kang karan ing Kakawin Nagarakretagama: "Sira ta dhinarumeng Kapopongan, bhiseka ring crenggapura pratista ring antawulan", dadi pedharmaan (papan kang suci). Ing kana karan manawa sakwis é matining taun 1250 Saka (sakiwa-tengené 1328 Cithakan:Masehi), papan iku disemmbahaké arwah Jayanagara kang séda. Jayanagara didharma ing Kapopongan sarta dikukuhké ing Antawulan (Trowulan). Reruntuhan bekas candhi papan Jayanagara didharmakké ora ditemukké, kang ditemukké namung gapura paduraksa iki lan pondasi pager.

Struktur Wangunan

[besut | besut sumber]

Ing fisik, yasan iki kagolong gapura paduraksa, ya iku gapura kang nduwé tutup ing ndhuwuré, digawé saka bata saliyané anda [bordes] saha lawang ngisor dhuwur digawé saka watu andesit. Dhuwur é yasan iki 41,49 m dpl, kanthi orientasi madhep timur laut-tenggara. Denah candhi nduwé wujud segiempat, ukuran ± 11,5 x 10,5 m, dhuwur 16,5 m, lorong lawang lumebu amba ± 1,40 m.

Kanthi vertikal yasan iki nduwé 3 pérangan ; sikil, awak, lan atap. Nduwé sajenis swiwi lan pager témbok ing sisih kiwa lan tengen. Sikil gapura dhawané 2,48 m. Struktur sikil é dumadi saka susunan saka ngisor, awak sikil, lan nduwur. Pérangan-pérangan iki dumadi saka sejumlah pelipit rata lan bingkai wujud genta. Ing sudut-sudut sikil ana rerenggan prasaja, kecuali ing sudut kiwa ngarep dihias relief gambar Sri Tanjung.

Candhi ikii rampung dipugar lan diresmiaké taun 1992 déning Dirjen Kebudayan Departemen Pendidikan lan Kebudayaan[3].

Candhi Bajang Ratu manggon ing Dukuh Kraton, Désa Temon, Trowulan. Bisa ditempuh saka prapatan Dukuh Nglinguk menyang arah wétan kira-kira ± 2 km. Candhi Bajang Ratu ana ing kiwa-tengené 200 m lumebu menyang lor saka dalan désa iku[4].

Pengadeg

[besut | besut sumber]
Barkas:COLLECTIE TROPENMUSEUM De Candhi Bajang Ratu TMnr 10028291.jpg
Gapura Bajang Ratu sadurungé pemugaran

Pendirian Candhi Bajangratu ora dingertèni kanthi mesti. Nanging saka rèlièf kang ana ing candhi iki, bisa diperkiraaké yèn candhi iki diyasa abad 13-14 lan rampung didandani taun 1992 [5].

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]