Karajan Mataram Kuna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sekitar Dieng lan Merapi punjer karajan Mataram (kuna)

Karajan Mataram (kuna) iku karajan sing ana kira-kira awal abad kaping 7 M. Katrangan paling tuwa katulis ing Prasasti Canggal ing èrèng-èrèng Gunung Merapi, cedhak Candhi Wukir, Magelang. Ing prasasti iku, katulis jeneng rajané Sanjaya (Sañjaya) sing isih turunané Sanna lan Sanaha.Ing prasasti kasebut yèn pamaréntahané misuwur lan adil. Mataram kasebut kanthi "bhumî Mataråm."

Ing pamilahan titi mangsa sajarah Jawa Kuna, jaman Karajan Mataram Kuna iki asring ingaran "Jaman Jawa Tengah", kanggo mbédakaké nalika Pu Sindhok pindhah menyang cedhak Kali Brantas ing Jawa Wétan, sing banjur kasebut "Jaman Jawa Wétan."

Raja Sanjaya nganggo gelar Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya lan kasebut manggon ing kutharaja Medang (Mdang). Raja Sanjaya iki ahli ing babagan pulitik kakuasaan, wektu akir jaman kakuasaan ratu Sanna, Mataram kuna mèh ambruk nanging bisa disalametaké Sanjaya.

Raja-Raja[besut | besut sumber]

Urutan ratu sing naté nyekel panguwasa ing Mataram kasebut ing prasasti sing kawetokaké ing jaman Dyah Balitung, ya iku Prasasti Mantyasih lan Prasasti Wanua Tengah III.

Karajan sing wiwitané nganut agama Hindhu iki udakara lumaku 196 taun. Raja-ratu sing mréntah paling ora 20 taun ya iku: Sanjaya (24), Panamkaran (38), Rakai Warak (24), lan Rakai Kayuwangi (30). Tabèl ing sor iki urut-urutan ratu ing Mataram Kuna:[1]

Raja Taun (Masèhi)
Sañjaya 732-746
Rakai Panangkaran 746-784
Rakai Panunggalan 784-803
Rakai Warak 803-827
Dyah Gula 827-828
Rakai Garung 828-847
Rakai Pikatan 847-855
Rakai Kayuwangi 855-885
Dyah Tagwas 885
Rakai Panumwangan 885-887
Rakai Gurunwangi 887
Dyah Dewendra 890-894
Rakai Watuhumalang 894-898
Dyah Balitung 898-910
Rakai Daksa 913-915
Dyah Tulodhong 919-928?
Dyah Wawa 928-929?

Wangsa Syailéndra lan Sanjaya[besut | besut sumber]

Ing antarané abad IX Masehi, kaadegagé Candhi Barabudhur sing dinuga kagawé déning Wangsa Syailéndra. Anané wangsa iki gawé sawetara ahli sajarah nduwé panemu sing béda. Ana sing nganggep yèn Syailéndra iku isih sak-brayat karo Wangsa Sanjaya, ana uga sing nduwé panemu yèn Syailéndra iku wangsa liya. Panemu liyané manèh, wangsa Syailéndra iki asalé saka Sumatra, mligi Sriwijaya. Ora kaya Wangsa Sanjaya, Wangsa Syailéndra nganut Buda.

Ing salah sawijining vèrsi, karajaan Mataram Kuna iki awalé nganut agama Hindhu nganti jaman ratu Rakai Panangkaran ing taun 752 M, sapérangan nganut agama Buda. Akhiré kulawarga kraton sing nganut agama Buda pindhah wonten ing arah kidul lan yasa wangsa Syailéndra uga yasa candhi-candhi Kalasan, Séwu, Sari, Pawon, Mendut lan Barabudhur.

Kulawarga kraton sing nganut agama Hindhu pindhah menyang lor lan yasa wangsa Sanjaya uga yasa candhi-chandi Bima, Arjuna lan liyané ing laladan pagunungan Dièng.

Kaloro wangsa iku urip guyub malah ana candhi-candhi tinentu sing diyasa bareng penganut agama Hindhu lan agama Buda ya iku candhi Ngawen ing sisih kidul Muntilan. Dinuga, ana saingan antara keloro wangsa iku nganti Samarattungga ing taun 832 M (ratu saka wangsa Syailéndra) njodhokaké putriné Pramodawardhani karo pangéran anom saka wangsa Sanjaya ya iku Rakai Pikatan) (putra Rakai Patapan) lan wektu Rakai Pikatan dadi ratu (taun 838 M) 2 karajan iku digabung manèh.

Sumingkiré Wangsa Syailendra[besut | besut sumber]

Dhedhaupan ing antarané Pramodhawardhani lan Rakai Pikatan iki dinuga njalari dedrah lan nesuné Balaputradewa, sadulur lanang Pramodhawardhani. Durung ana bukti sing kuwat anané perang ing antarané Balaputradewa lan Rakai Pikatan. Nanging, ing prasasti sabanjuré, Balaputradewa banjur dadi ratu ing Swarnadwipa utawa Karajan Sriwijaya. Ibuné Balaputradewa, Dewi Tara, iku saka Sumatra.

Pindhah menyang Jawa Wétan[besut | besut sumber]

Sawisé jaman Sri Maharaja Rakai Sumba Dyah Wawa, ora ana manèh katemon prasasti saka jaman Mataram Kuna iki. Prasasti-prasasti sabanjuré ditemokakee ing Jawa Wétan déning ratu anyar, ya iku Mpu Sindhok. Mpu Sindhok utawa Pu Sindhok iki mantuné Dyah Wawa.

Kapindhahané Mpu Sindhok menyang sapinggiré Kali Brantas iki gawé praduga para ahli purbakala. Boechari, epigraf, nafisraké yèn boyongan kraton iku amarga Gunung Merapi sing njeblug.

van Bemmelen (1956) Mratélakaké ing Verhandelingen van het Koninklijk Nederland Geologie Mijnbouw Genootschap prakara prasasti jaman Airlangga sing nyebutaké yèn ana karusakan ing karajané. Manut pamacané Kern, karusakan saka prasasti ing taun 1006 M iku kaanggep karusakan simbolik, ya iku anané paprangan. Béda manèh ahli epigraf liyané sing nganggep karusakan iku amarga prahara alam. Van Krom naté nyoba gawé pangira sawetara prakara sing bjalari pamaréntahan iku pindhah menyang Jawa Wétan, ya iku: paprangan sing ngrusak, jeblugan gunung, lan pageblug (endemi). Van Bemmelen béda manèh. Yèn ndeleng kahanané, Kali Brantas iku strategis kanggo ngundhakaké transportasi liwat dalan banyu. Karajan Mataram Kuna butuh kali sing wiyar kanggo lalu-lintas kapal menyang manca nagara. Plabuhan ing Ujung Galuh (panggonan ing antarané Gunung Semèru lan Gunung Wilis) cocog kanggo njebarakee pasrawungan

Ing pisanan kapindhahané, Mpu Sindhok isih nganggo katrangan karajan Mataram. Tembung Md.ang (Medhang) kang lumrahé kagandhèng kalawan tembung Mataram isih tetep awèt. nanging, Mpu Sindhok mbiwarakaké wangsa anyar, ya iku Wangsa Isyana.

Sumber[besut | besut sumber]

Sumber sajarah karajan Mataram kuna iki ditemo'ake ing prasasti-prasasti:

Ing babad Sundha akèh dicrita'ake sajarah karajan iki sing sumbere kemungkinan saka Naskah Wangsakerta antarané yèn tokoh ratu Sanna iku sejatine ratu karajan Galuh kaping telu ya iku Bratasenawa utawa Bratasena sing mrentah kraton Galuh wiwit taun 709 M nganti 716 M. Uga ingaran yèn Sanna iku ngewarisi karajan Kalingga Mataram (pérangan karajan Kalingga) amarga nikah karo salah siji putu ratu Sima.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Karajan Mataram Kuna

Silsilah[besut | besut sumber]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. ^ Supratikno Rahardjo, "Peradaban Jawa", Komunitas Bambu, 2002

Karajan Kalingga > Karajan Mataram Kuna > Karajan Medang


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman