Praja Tarumanagara

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa
Tarumanagara
Flag
358 – 669 Gendéra
 
Flag
Location of Tarumanagara
The territory of Tarumanagara
Ibu kutha Sundapura (near Tugu, Jakarta and Bekasi)
Basa Sundanese, Sanskrit
Agama Hinduism, Buddhism, Sunda Wiwitan
Pamaréntahan Monarchy
Sajarah
 - Didirikan 358
 - Srivijaya invasion in 650 669

Karajan Tarumanagara iku karajan tua ing Nusantara pasé ing tlatah Jawa Kulon ing sekitar laladan Bogor. Kang kalebu papan Kerajaan Tarumanagara iku Banten, Jakarta tekan perbatasan Cirebon. Rajane kang musuwur ya iku Purnawarman. Tarumanagara iku kagolong Karajan Hindu kang alirane Wisnu.

Tarumanagara wong ngerti saka

Patilasan sajarah[besut | besut sumber]

Loro reco Dewa Wisnu kapanggih ing Cibuaya, Karawang, Jawa Kulon. Tarumanagara abad ka-7 Masehi. Makuthane sing mirip tabung padha karo reco gaya Khmer Kemboja.

Patilasan karajan iki umume prasasti antarane:

  1. Prasasti Kebon Kopi, ing Kecamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  2. Prasasti Tugu, ing Desa Tugu, Kecamatan Tarumajaya, Kabupatèn Bekasi.[1]
  3. Prasasti Munjul utawa Prasasti Cidanghiang, ing Kecamatan Munjul, Kabupatèn Pandeglang, Banten.[1]
  4. Prasasti Ciaruteun, ing Kecamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  5. Prasasti Muara Cianten, uga ing Kecamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  6. Prasasti Jambu, Nanggung, Kabupatèn Bogor.[1]
  7. Prasasti Pasir Awi, Citeureup, Kabupatèn Bogor.[1]

Saliyane iku sumber carita bab kerajaan iki uga ana ing Naskah Wangsakerta sing dianggep kurang mitayani déning sawetara paniliti.

Silsilah[besut | besut sumber]

Silsilah raja-raja Tarumanagara iki miturut Naskah Wangsakerta:

Jayasingawarman

Purnawarman[besut | besut sumber]

Purnawarman suksés ningkataké kasejahteraané rakyaté, iku isa dideleng saka prasasti Tugu déné raja Purnawarman meréntahaké gawé saluran kanggo irigasi kanggo ngelancaraké banyu kanggo sawah.[1]

Teratur lan rapi isa dideleng saka usahané Purnawarman kanggo nyejahterakaké rakyaté. Raja nggatékake kaum Brahmana amarga kaum Brahmana iku dianggep penting ing upacara korban kang dilaksanakaké ing Karajan kanggo tandha déné wong ing karajan iku ngormati para déwa.[1]. Wis ana pembageyan masyarakat kang strukturé wis apik ya iku wis ana pembagéyan kasta lan tugasé dhéwék-dhéwék.

Titah Raja nggawé terusan kang dawane tekan 6122 tombak kanggo nyegah banjir lan kanggo jalur pelayaran dagang antar laladan.[2]

Kabudhayan ing Tarumanagara wis dhuwur sebab bisa dideleng saka prasasti kang bisa nunjukaké déné wis ana kabudhayan nulis ing kono.[2]

Ekonomi Sosial Budaya
Irigasi lan niaga(dagang)[3] Susunan masyarakat wis teratur[3] wis kebagi ing kasta lan wis ana pembagéyan tugasé dhéwék-dhéwék[3] wis nganggo huruf pallawa lan sansakerta[3] basa pergaulane Kun Lun saka Cina[3]

Karajan Salaknagara > Karajan Tarumanagara > Karajan Galuh lan Karajan Sundha

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k (id)(Badrika,I.W.(2006)."Sejarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.14)
  2. ^ a b (id)(Badrika,I.W.(2006)."Sejarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.15)
  3. ^ a b c d e (id)(Alfian, M.(2006)."Sejarah Untuk SMA dan MA Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.25)


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman