Praja Tarumanagara
Tarumanagara | ||||||||||||
| ||||||||||||
The territory of Tarumanagara
| ||||||||||||
Kutha krajan | Sundapura (near Tugu, Jakarta and Bekasi) | |||||||||||
Basa | Sundanese, Sanskrit | |||||||||||
Agama | Hinduism, Buddhism, Sunda Wiwitan | |||||||||||
Pamaréntahan | Monarchy | |||||||||||
Sajarah | ||||||||||||
• | Established | 358 | ||||||||||
• | Srivijaya invasion in 650 | 669 | ||||||||||
| ||||||||||||
Warning: Value specified for "continent" does not comply |
Karajan Tarumanagara iku karajan tuwa ing Nusantara pasé ing tlatah Jawa Kulon ing kiwa-tengené laladan Bogor. Kang kalebu papan Karajan Tarumanagara iku Banten, Jakarta tekan wates Cirebon. Rajane kang musuwur yaiku Purnawarman. Tarumanagara iku kagolong Karajan Hindhu kang alirane Wisnu.
Tarumanagara wong ngerti saka
- Berita saka Cina saka jaman Dhinasti T'ang saka Fa-Hien mau déné ing laladan Pasisir Lor Jawa sisih kulon ana masarakat kang wis olih prabawa Hindhu(Indhia)[1]
- Prasastisaka prasasti Ciaruteun, prasasti Kebon Kopi, prasasti Jambu, prasasti Muara Cianten, prasasti Tugu, prasasti Pasir Awi, prasasti Munjul prasasti-prasastiiku nganggoné basa Sansakerta lan huruf Pallawa.[1]
Patilasan sajarah[besut | besut sumber]
Patilasan karajan iki lumrahé prasasti antarané:
- Prasasti Kebon Kopi, ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
- Prasasti Tugu, ing Désa Tugu, Kacamatan Tarumajaya, Kabupatèn Bekasi.[1]
- Prasasti Munjul utawa Prasasti Cidanghiang, ing Kacamatan Munjul, Kabupatèn Pandeglang, Banten.[1]
- Prasasti Ciaruteun, ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
- Prasasti Muara Cianten, uga ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
- Prasasti Jambu, Nanggung, Kabupatèn Bogor.[1]
- Prasasti Pasir Awi, Citeureup, Kabupatèn Bogor.[1]
Saliyané iku sumber carita bab kraton iki uga ana ing Naskah Wangsakerta sing dianggep kurang mitayani déning sawatara paniliti.
Silsilah[besut | besut sumber]
Silsilah raja-raja Tarumanagara iki miturut Naskah Wangsakerta:
Jayasingawarman
Purnawarman[besut | besut sumber]
Purnawarman suksés ngundhakaké kasejahteraané rakyaté, iku bisa dideleng saka prasasti Tugu déné raja Purnawarman meréntahaké gawé saluran kanggo irigasi kanggo ngelancaraké banyu kanggo sawah.[1]
Teratur lan rapi bisa dideleng saka pangudiné Purnawarman kanggo nyejahterakaké rakyaté. Raja nggatékake kaum Brahmana amarga kaum Brahmana iku dianggep wigati ing upacara kurban kang ditindakaké ing Karajan kanggo tandha déné wong ing karajan iku ngormati para déwa.[1]. Wis ana pembageyan masarakat kang strukturé wis apik yaiku wis ana pembagéyan kasta lan tugasé dhéwék-dhéwék.
Titah Raja nggawé terusan kang dawane tekan 6122 tombak kanggo nyegah banjir lan kanggo jalur pelayaran dagang antar laladan.[2]
Kabudayan ing Tarumanagara wis dhuwur sebab bisa dideleng saka prasasti kang bisa nunjukaké déné wis ana kabudayan nulis ing kono.[2]
Ékonomi | Sosial | Budaya |
---|---|---|
Irigasi lan niaga(dagang)[3] | Susunan masarakat wis teratur[3] wis kebagi ing kasta lan wis ana pembagéyan tugasé dhéwék-dhéwék[3] | wis nganggo huruf pallawa lan sansakerta[3] basa pergaulane Kun Lun saka Cina[3] |
Karajan Salaknagara > Karajan Tarumanagara > Karajan Galuh lan Karajan Sundha |
Cathetan suku[besut | besut sumber]
- ↑ a b c d e f g h i j k (Badrika,I.W.(2006)."Sajarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.14)
- ↑ a b (Badrika,I.W.(2006)."Sajarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.15)
- ↑ a b c d e (Alfian, M.(2006)."Sajarah Untuk SMA dan MA Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.25)
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |