Praja Sundha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Karajan Sundha)
Jump to navigation Jump to search
Wewengkon tilas Karajan Sunda

Karajan Sundha (669-1579 M), miturut naskah Wangsakerta minangka Karajan kang madeg nggantèkaké Karajan Tarumanagara. Karajan Sundha diyasa Tarusbawa ing taun 591 Caka Sundha (669 M). Miturut sumber sajarah primer kang asalé saka abad kaping 16, Karajan iki minangka sawijining Karajan kang nyakup wewengkon kang saiki dadi Provinsi Banten, Jakarta, Provinsi Jawa Kulon, lan pérangan kulon Provinsi Jawa Tengah.

Miturut naskah kuna primèr Bujangga Mlanik (kang nyaritakaké lelaku Bujangga Manik, sawijining pandhita Hindhu Sundha kang ngunjungi papan-papan panggonan suci agama Hindhu ing Pulo Jawa lan Bali ing wiwitan abad kaping 16), kang wektu iki disimpen ing Perpustakalan Boedlian, Oxford University, Inggris wiwit taun 1627), wates Karajan Sundha ing sisih wétan ya iku Ci Pamali ("Sungai Pamali", saiki ingaran minangka Kali Brebes) lan Ci Serayu (kang wektu iki ingaran Kali Serayu) ing Provinsi Jawa Tengah.

Tome Pires (1513) sajeroning cathetan perjalanané, Suma Oriental (1513 – 1515), nyebutaké wates wewengkon Karajan Sundha ing sisih wétan kaya mangkéné:

Sauntara wong negasaké yèn Karajan Sundha nyakup setengah Pulo Jawa. Sepérangan wong liyané nyatakaké yèn Karajan Sundha nyakup saprotelon Pulo Jawa ditambah saprawolon manèh. Dikandhakaké, yèn keliling Pulo Sundha telunatus legoa. Pucuké ya iku Ci Mlanuk.

Miturut Naskah Wangsakerta, wewengkon Karajan Sundha nyakup uga laladan kang wektu iki dadi Provinsi Lampung liwat pernikahan antara kulawarga Karajan Sundha lan Lampung. Lampung dipisahaké saka pérangan liya Karajan Sundha déning Selat Sundha.

Hubungan Karajan Sundha karo Éropah[besut | besut sumber]

Karajan Sundha wis suwé duwé gegayutan dagang karo bangsa Éropah kaya déné Inggris, Prancis lan Portugis. Karajan Sundha malah naté njalin gegayutan pulitik karo bangsa Portugis. Ing taun 1522, Karajan Sundha napakasmani Perjanjian Sundha-Portugis kang ngéntukaké wong Portugis yasa bètèng lan gudang ing palabuhan Sundha Kelapa. Minangka sesulihé, Portugis dikudokaké mènèhi bantuan militèr marang Karajan Sundha sajeroning ngadhepi serangan saka Demak lan Cirebon (kang misahké diri saka Karajan Sundha).

Sajarah[besut | besut sumber]

Sadurungé madeg minangka Karajan kang swatantra, Sundha minangka bawahan Tarumanagara. Raja Tarumanagara kang pungkasan, Sri Maharaja Linggawarman Atmahariwangsa Panunggalan Tirthabumi (mréntah mung sajeroning tilung taun, 666-669 M), krama karo Déwi Glanggasari saka Indraprahasta. Saka Glanggasari, beliau patutan loro, kang kaloroné putri. Déwi Mlanasih, putri sulung, krama karo Tarusbawa saka Sundha, déné kang kaloro, Sobaklanclana, palakrama karo Dapuntahyang Sri Janayasa, kang sabanjuré ngadegaké Karajan Sriwijaya. Sawisé Linggawarman séda, kakuwasan Tarumanagara tumurun marang mantuné, Tarusbawa. Bab iki njalari panguasa Galuh, Wretiklandayun (612-702) ngraman, nglepasaké dhiri saka Tarumanagara, sarta ngadegaké Galuh kang swatantra. Saka pihak Tarumanagara dhéwé, Tarusbawa uga péngin nerusaké Karajan Tarumanagara. Tarusbawa sabanjuré mindahaké kakuwasané menyang Sundha, déné Tarumanagara diowahi dadi bawahané. Beliau dinobataké minangka ratu Sundha ing dina Radité Pon, 9 Suklapaksa, wulan Yista, taun 519 Saka (kira-kira 18 Mèi 669 M). Sundha lan Galuh iki wewatesan karo tapel wates Karajané ya iku Kali Citarum (Sundha ing sisih kulon, Galuh ing siaih wétan).

Raja-ratu Karajan Sundha[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki pratélan ratu-ratu kang naté mimpin Karajan Sundha miturut naskah Plangéran Wangsakerta (wektu kuwasa ing taun Masehi):

  1. Tarusbawa (mantu Linggawarman, 669-723)
  2. Harisdarma, utawa Sanjaya (mantu Tarusbawa, 723-732)
  3. Tamperan Barmawijaya (732-739)
  4. Rakeyan Banga (739-766)
  5. Rakeyan Melang Prabu Hulukujang (766-783)
  6. Prabu Gilingwesi (mantu Rakeyan Medang Prabu Hulukujang, 783-795)
  7. Pucukbumi Darmeswara (mantu Prabu Gilingwesi, 795-819)
  8. Rakeyan Wuwus Prabu Gajah Kulon (819-891)
  9. Prabu Darmaraksa (adhi ipé Rakeyan Wuwus, 891-895)
  10. Windusakti Prabu Déwageng (895-913)
  11. Rakeyan Kamuning Gading Prabu Pucukwesi (913-916)
  12. Rakeyan Jayagiri (mantu Rakeyan Kamuning Gading, 916-942)
  13. Atmayadarma Hariwlangsa (942-954)
  14. Limbur Kancana (putera Rakeyan Kamuning Gading, 954-964)
  15. Munding Ganawirya (964-973)
  16. Rakeyan Wulung Gadung (973-989)
  17. Brajawisésa (989-1012)
  18. Déwa Slanghsing (1012-1019)
  19. Sanghyang Ageng (1019-1030)
  20. Sri Jayabupati (Detya Maharaja, 1030-1042)
  21. Darmaraja (Sang Mokténg Winduraja, 1042-1065)
  22. Llanglangbumi (Sang Mokténg Kerta, 1065-1155)
  23. Rakeylan Jayagiri Prabu Ménakluhur (1155-1157)
  24. Darmakusuma (Sang Mokténg Winduraja, 1157-1175)
  25. Darmasiksa Prabu Sanghyang Wisnu (1175-1297)
  26. Ragasuci (Sang Mokténg Taman, 1297-1303)
  27. Citraganda (Sang Mokténg Tanjung, 1303-1311)
  28. Prabu Linggadéwata (1311-1333)
  29. Prabu Ajiguna Linggawisésa (1333-1340)
  30. Prabu Ragamulya Luhurprabawa (1340-1350)
  31. Prabu Maharaja Linggabuanawisésa (kang palastra sajeroning Perang Bubat, 1350-1357)
  32. Prabu Bunisora (1357-1371)
  33. Prabu Niskalawastukancana (1371-1475)
  34. Prabu Susuktunggal (1475-1482)
  35. Jayadéwata (Sri Baduga Maharaja, 1482-1521)
  36. Prabu Surawisésa (1521-1535)
  37. Prabu Déwatabuanawisésa (1535-1543)
  38. Prabu Sakti (1543-1551)
  39. Prabu Nilakéndra (1551-1567)
  40. Prabu Ragamulya utawa Prabu Suryakancana (1567-1579)

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Aca. 1968. Carita Parahiyangan: naskah titilar karuhun urang Sundha abad angka 16 Maséhi. Yeyasan Kabudayaan Nusaarang, Bandung.
  • Ayatrohaedi. 2005. Sundhakala: cuplikan sajarah Sundha berdasarkan naskah-naskah "Panitia Wangsakerta" saka Cirebon. Pustaka Jaya, Jakarta.
  • Edi S. Ekajati. 2005. Polemik Naskah Pangeran Wangsakerta. Pustaka Jaya, Jakarta. ISBN 979-419-329-1
  • Yoséph Isklandar. 1997. Sajarah Jawa Kulon: yuglaning rajakawasa. Geger Sunten, Blandung.


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman