Airlangga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Airlangga

Airlangga (Bali, 990-Belahan, 1049) utawi asring dipunserat Erlangga, inggih punika pendiri Karajan Kahuripan, ingkang jumeneng nata antawis taun 1009-1042 kanthi gelar abhiséka Sri Maharaja Rakai Halu Sri Dharmawangsa Airlangga Anantawikramottunggadewa. Miangkasawijining raja, piyambakipun mamaréntahaken mpu Kanwa saperlu ngéwahi Kakawin Arjunawiwaha ingkang nedahaken kasuksesanipun wonten ing paprangan. Wonten ing pungkasaning masa pamarentahanipun, karajanipun lajeng kapérang dados Karajan Kadiri saha Karajan Janggala kanggé kekalih putranipun. Nama Airlangga dumugi sapunika taksih kawéntar wonten ing cariyos rakyat, saha asring dipunabadikaken wonten ing manéka papan ing Indonésia.[1]

Asal-usul[besut | besut sumber]

Nama Airlangga ateges "tirta ingkang malumpat". Piyambakipun mijil nalika taun 990. Bapakipun kagungan nama Udayana, raja Karajan Bedahulu saking Wangsa Warmadewa. Déné Ibunipun inggih punika mahendradatta, satunggaling putri Wangsa Isyana saking Karajan Medang. Nalika punika Karajan Medang dados satunggaling karajan ingkang ageng, kabukti ngawontenaken panaklukan ing Bali, yasa koloni ing Kalimantan Barat, sarta ngawontenaken serangan tumrap Karajan Sriwijaya. Airlangga kagungan rayi kalih, inggih punika Marakata (dados raja ing Bali sabibar bapakipun séda) saha Anak wungsu (minggah tahta sabibaripun Marakata. Wonten manéka prasasti ingkang dipundamel, Airlangga minangkani bilih piyambakipun saking keturunan Mpu Sindok saking Wangsa Isyana saking karajan Medang Mataram wonten ing Jawa Tengah.[1]

Masa pelarian[besut | besut sumber]

Airlangga palakrama kaliyan putrinipun Dharmawangsa Teguh ing watan, kutha krajan Karajan Medang (sapunika antawis Maospati, Magetan, Jawa Timur). Nalika pista palakrama, dumadakan Watan kaserang déning Raja Wurawari ingkang asalipun saking Lwaram (sapunika désa Ngloram, Cepu,Blora), ingkang minangka sekuthu saking Karajan Sriwijaya. Kadadosan mau kacathet wonten ing prasasti Pucangan (utawi Calcutta Stone). Pamaosan Kern tumrap prasasti mau, ingkang ugi dipunkiataken déning de Casparis, nedahaken bilih panyerangan mau kadadosan nalika taun 928 Saka, utawi antawis 1006/7.[1] Wonten ing panyerangan mau, Dharmawangsa Teguh séda, déné Airlangga lolos tumuju ing alas pagunungan (wanagiri) sareng pembantunipun ingkang nama Mpu Narotama. Nalika punika yuswa piyambakipun taksih 16 taun, saha miwiti gesang minangka pertapa. Salah satunggaling bukti petilasan Airlangga nalika ing wekdal punika saged dipuntingali ing Sendang Made, Kudu, Jombang, Jawa Timur.[1] Sesampunipun tigang taun ing alas, Airlangga dipunrawuhi utusan rakyat ingkang nuwun supados piyambakipun yasa malih Karajan Medang. Ngengeti kutha Watan sampun risak, Airlangga yasa kutha krajan énggal kanthi nama “Watan Mas” ing caket Gunung Penanggungan. Nalika Airlangga minggah tahta taun 1009, wewengkon karajanipun naming nglingkupi laladan Sidoarjo kaliyan Pasuruan kemawon, amargi sabibaripun Dharmawangsa Teguh séda, kathah laladan bawahan ingkang bébas.[1] Nalika taun 1023, Karajan Sriwijaya ingkang minangka mungsuh ageng Wangsa Isyana dipunawonaken Rajendra Coladewa raja Colamandala saking India. Hal punika ndamel Airlangga langkung bébas nyiapaken wadyabala saperlu nguwaosi Pulo Jawa.[1]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • Babad Tanah Jawi. 2007. (terj.). Yogyakarta: Narasi
  • Poesponegoro & Notosusanto (ed.). 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka.
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tafsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f [1](dipunundhuh tanggal 24 November 2012)