Menyang kontèn

Ali Wardhana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ali Wardhana
Mantri Larasgawé Babagan Artatata Indonésia ke-2
Linggih
19 Maret 1983  23 Maret 1988
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéHamengkubuwono IX
Kang sawiséRadius Prawiro
Mantri Artakarya Indonésia ke-15
Linggih
6 Juni 1968  19 Maret 1983
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéFrans Séda
Kang sawiséRadius Prawiro
Rerincèn dhiri
Lair6 Mèi 1928 (umur 97)
Nèderlan Sala, Jawa Tengah, Hindia Nèderlan

Prof. Dr. Ali Wardhana (lair ing Sala, Jawa Tengah, 6 Mèi 1928; umur 97 taun) inggih punika tilas dhékan Fakultas Ékonomi Universitas Indonésia lan ugi nimpuna parékonomian Indonésia ingkang misuwur lan pinitados kanggé nyepeng kalungguhan wigati ing papréntahan.[1][2] Panjenenganipun naté njabat dados Mantri Kauangan Républik Indonésia ngantos gangsal welas taun dangunipun, inggih punika ing antawisipun taun 1968-1983.[1] Salajengipun njabat dados Mantri Ékonomi, indhustri lan Pengawasan Pembangunan, ngantos gangsal taun dangunipun, inggih punika ing taun 1983-1988.[1] Minangka dhékan FEUI panjenenganipun njabat ngantos sedasa taun dangunipun, inggih punika taun 1967-1978.[1] Nalika wulan September 1971 panjenenganipun kapilih minangka pangarsanipun Board of Governors Bank Donya lan Dana Moneter Internasional kanggé periodhé 1971/1972.[1][2]

Ali Wardhana pikantuk gelar sarjana saking Fakultas Ékonomi Universitas Indonésia (1958).[1] Salajengipun, nglajengaken studinipun dhateng Universitas California ing Berkeley Amérikah Sarékat lan pikantuk gelar Master of Arts ing taun 1961.[1] Nalika taun 1962, panjenenganipun kasil pikantuk gelar Ph.D saking Universitas California kanthi dhisertasi ingkang irah-irahanipun “Monetary Policy in an Underdeveloped Economy: with Special Reference to Indonésia”.[1]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Ali Wardhana Archived 2014-02-05 at the Wayback Machine.

Cathetan uku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 Prof. Dr. Ali Wardhana dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
  2. 1 2 Ali Wardhana Archived 2014-02-05 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)