Menyang kontèn

Bebrayan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Mluku nganggo lembu ing abad kaping 15

Bebrayan utawa masarakat iku golongan wong kang mangun sistém semu katutup (utawa semu kabukak), ing ngendi sabagéan gedhé interaksi ya iku antarané individu-individu kang ana ing golongan mau. Luwih abstraké, siji bebrayan iku jaringan gegandhéngan-gegandhéngan antar entitas-entitas. Masarakat iku komunitas kang interdhépèndhen (silih genti gumantung siji lan sijiné). Lumrahé, istilah bebrayan minangka ngacu saklompok wong kang urip bebarengan ing siji komunitas kang temata.

Miturut Syaikh Taqyuddin An-Nabhani, saklompok manungsa bisa ditelakaké minangka siji bebrayan yèn duwé pamikiran, pangrasa, sarta sistém/angger-angger kang padha. Kanthi pepadhan-pepadhan mau, manungsa banjur silih genti interaksi karo pepadhané kanthi dhasar kamaslahatan.

Masarakat asring diorganisasiaké kanthi dhasar cara mligi ing panggawéané (basa Indonésia: mata pencaharian). Pakar èlmu sosial ngidhèntifikasi ana: bebrayan pamburu, bebrayan pastoral nomadis, bebrayan nenandur, lan bebrayan agrikultural inténsif, kang uga karan bebrayan paradhaban. Sapérangan nimpuna nganggep bebrayan indhustri lan pasca-indhustri minangka golongan bebrayan kang kapisah saka bebrayan agrikultural tradhisional.

Masarakat bisa uga diorganisasiaké kanthi dhasar struktur pulitiké: dhedhasar urutan komplèksitas lan gedhéné, ana bebrayan band, suku, chiefdom, lan bebrayan nagara.

Tembung society asal saka basa latin, societas, kang ateges gegandhéngan kekancan karo liyané. Societas didhunaké saka tembung socius kang ateges kanca, saéngga teges society gegandhéngan kenceng karo tembung sosial. Sacara implisit, tembung society ngandhut makna yèn saben anggotané duwé kawigatèn lan kapentingan kang padha kanggo nggayuh tujuan bebarengan.

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]