Wong Kaili

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Kaili)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Kaili
Suku Kaili
Tlatah mawa cacah jiwa akèh

Sulawesi Tengah

Basa
basa Kaili, basa Indonésia, basa Bugis, basa Malayu, dan lain-lain.
Agama
Islam, Kristen, dan Animisme.
Golongan ètnik magepokan
-

Suku Kaili inggih punika suku bangsa ing Indonésia ingkang kanthi turun-temurun kasebar dumunung ing sapérangan ageng saking Provinsi Sulawesi Tengah[1], mliginipun wewengkon Kabupatèn Donggala, Kabupatèn Sigi, lan Kota Palu, ing sadaya laladan punika ing lembah antawis Gunung Gawalise, Gunung Nokilalaki, Gunung Kulawi, lan Gunung Raranggonau. Suku punika ugi dumunung ing wewengkon pasisir wétan Sulawesi Tengah, nglingkupi Kabupatèn Parigi-Moutong, Kabupatèn Tojo-Una Una lan Kabupatèn Poso. Masarakat suku Kaili dumunung ing kampung/désa ing Lempongan Tomini inggih punika Tinombo, Moutong, Parigi, Sausu, Ampana, Tojo lan Una Una, déné ing Kabupatèn Poso dumunung ing laladan Mapane, Uekuli lan pasisir Pasisir Poso.[2]

Kanggé nyebut "tiyang Kaili" dipunsebut ing basa Kaili kanthi migunakaken prefix "To" inggih punika To Kaili. Wonten manéka pamanggih ingkang nedahaken etimologi saking tembung Kaili, salah satunggaipun nyebutaken bilih tembung ingkang dados nama suku Kaili punika asalipun saking nama wit lan buah Kaili ingkang limrahipun tuwuh ing alas-alas ing laladan punika, mliginipun ing pinggir Kali Palu lan Lempongan Palu. Nalika jaman rumiyin, pinggir pasisir Lempongan Palu papanipun menjorok l.k. 34 km saking papan ingkang wonten sapunika, inggih punika ing Kampung Bangga. Minangka buktinipun, ing laladan Bobo dumugi Bangga kathah kapanggih karang lan sesuketan pasisir/laut. Ing mrika ugi wonten sawijining sumur ingkang banyunipun pasang nalika banyu laut saweg pasang makaten ugi badhé asat manawi banyu laut asat.[3]

Miturut cariyos (tutura), rumiyin, ing pinggir pasisir caket kampung Bangga tuwuh sebatang wit kaili ingkang tuwuh dhuwur. Wit punika dados arah utawi pedoman tumrap para pelaut utawi warigaluh ingkang mlebet Lempongan Palu kanggé nuju ing pelabuhan nalika iku, Bangga.[4]

Pagesangan[besut | besut sumber]

Mata pencaharian utama masarakat Kili inggih punika cocog tanam ing sabin, ing ladhang lan nanem klapa. Kajawi punika wong Kaili ingkang dumunung ing dataran tinggi ugi mendhet kasil bumi ing alas, kaods rotan, damar lan kemiri, ugi raja-kaya. Déné wong Kaili ingkang wonten ing pasisir pasisir kejawi tetanèn lan berkebun, ugi gesang minangka warigaluh lan dagang antar pulo ing Kalimantan.[5]

Tetedhan asli suku Kaili limrahipun sekul, amargi sapérangan ageng lemah dataran ing lembah Palu, Parigi dumugi ing Poso minangka laladan sabin. Kadang kala nalika mangsa paceklik masarakat nanem jagung, saéngga asring ugi nedhi sekul saking beras jagung (campuran beras lan jagung giling).[6]

Piranti tetanén suku Kaili antawisipun: pajeko (bajak), salaga (sisir), pomanggi (pacul), pandoli (linggis), Taono (parang); piranti njala iwak antawisipun: panambe, meka, rompo, jala lan tagau.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]