Wong Minahasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Suku Minahasa)
Omah Minahasa
Suku Minahasa
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Sulawesi Lor: 1 yuta wong
Basa
Basa-basa Minahasa, Basa Tontèmboan, Basa Tombulu, Basa Tonsèa, Basa Tondano, Basa Tonsawang, Basa Ponosakan, Basa Bantik, Basa Melayu Manado
Agama
Kristen Protèstan (89%), Katulik Roma (10,5%), Islam (0,5%)
Golongan ètnik magepokan
Sangihe, Talaud, Bolaang-Mongondow.

Suku Minahasa inggih punika salah satunggaling suku bangsa ingkang papan dunungipun wonten ing wewengkon Sulawesi Utara, Indonésia. Suku Minahasa minangka suku bangsa ingkang paling ageng ing provinsi Sulawesi Utara. Suku Minahasa kapérang dados manéka subsuku:[1]

  1. Tontemboan
  2. Tombulu
  3. Tonsea
  4. Toulour (Tondano)
  5. Tonsawang (Tombatu/Tondanow)
  6. Ponosakan
  7. Pasan (Ratahan)
  8. Bantik

Asal Nenek Moyang[besut | besut sumber]

Saking pamanggih Tandean, satunggaling tiyang (panaliti) ingkang ahli basa lan huruf Tionghoa Kuno, 1997 rawuh ugi nliti ing wewengkon Watu Pinawetengan. Lumantar seratanipun “Min Nan Tou” ingkang wonten ing watu punika, piyambakipun ngandharaken, tou Minahasa minangka turunan Raja Ming saking tanah Mongolia ingkang rawuh imigrasi ing tanah Minahasa. Teges saking Min Nan Tou inggih punika “tiyang turunan Raja Ming saking pulo punika.[2] Ananging pamanggih kasebut boten kiat miturutipun David DS Lumoindong, amargi manawi suku Minahasa asalipun saking keturunan Karajan Ming Dinasti Ming, kedahipun ngèlmu Pengetahuan karajan Ming ingkang sampun wonten ing taraf ingkang maju sanget kedahipun ugi saged katingal ing Peninggalan Arsitektur Minahasa punapa déné huruf lan basa Tionghoa ingn taun 1200-1400, ananging kasunyatanipun, sadéréngipun bangsa Éropah rawuh, Peninggalan Jaman Ming sampun boten wonten ing Minahasa, saéngga pamanggih Tandean boten kiat sanget kanggé dipun-ginakaken minangka dhasar ing panyeratan sajarah lan asal usul Minahasa. Adhedhasar pamanggih para ahli, antawisipun A.L.C Baekman lan M.B Van Der Jack inggih punika asalipun saking ras Mongolscheplooi ingkang sami kaliyan pertalian Jepang lan ugi Mongol inggih punika kagungan lipit Mongolia lan ugi sami babagan werni kulit, inggih punika Kuning Langsat. Ingkang sami kaliyan Mongol wonten ing sistem kepercayaan saged katingal saking agama asli Minahasa Shamanisme sami kados ingkang saged kapanggihaken ing Mongol. Lan ugi dipunpimpin déning Walian ingkang langsung dipunlebeti déning opo. Agama Shamanisme punika panci dipuncepengn kanthi saestu kanthi turun temurun déning suku Mongol. Saged dipuntingali ugi ing wewengkon Kalimantan Dayak, lan Koréa.[3]

Huruf[besut | besut sumber]

Tulisan Kuno Minahasa dipunsebut Aksara Malesung ingkang saged kapanggihaken ing sapérangan watu prasasti antawisipun wonten ing Watu Pinabetengan[4]. Aksara Malesung minangka tulisan Hieroglif, ingkang dumugi wekdal punika taksih susah dipunterjemahaken.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]