Wong Kanayatn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Kanayatn)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Dayak Kanayatn
Dayak Kanayatn
Wewengkon Penyebaran Kabupatèn Landak, Kabupatèn Bengkayang, Kabupatèn Pontianak& Kabupatèn Kubu Raya
Basa Asli Ahe/Nana', Damea/Jare
Agama Protèstan, Katulik & Animisme
Kelompok ètnis yang berhubungan Dayak Bukit, Dayak Selakau/Salako

Wong Dayak Kanayatn inggih punika salah satunggaling suku saking kathahing cacah subSuku Dayak ingkang papan dunungipun ing Pulo Kalimantan, inggih punika ing kabupatèn Landak, Kabupatèn Pontianak, sarta Kabupatèn Bengkayang, sapérangan alit ing kabupatèn Ketapang sarta kabupatèn Sanggau.[1] Busana Tradisional suku Dayak Kanayatn kadamel saking kulit Tarab utawi 'Kapuak/Kapoa'. Ageman inggil bentukipun Rompi ingkang dipunsebut Baju Marote utawi baju uncit. Cawatipun kadamel saking Kain tenun utawi kulit Kayu ingkang dipunsebut Kapoa. Sarta makutha utawi iket mustaka, ingkang wonten ing basa ahe dipunsebut Tangkulas. Tangkulas punika limrahipun dipunhiasi kaliyan wulu Ruai/Kuau Raja, sarta wulu Enggang. Kadang kala, manawi wulu manuk Ruai boten wonten, saged dipun-gantos kaliyan Anjuang Merah.[2]

Upacara adat ingkang biyasa dipunadani déning suku punika antawisipun Naik Dango, Muakng Rate, Gawai Dayak, lan sanès-sanèsipun.[3]

Sistem Religi[besut | besut sumber]

Religi asli suku Dayak Kanayatn boten medal saking adat istiadatipun. Déné saged dipuntengenaken adat nengenaken identitas religius suku punika. Wonten ing praktik saben dintenipun, kathah tiyang dayak kanayatn boten naté nyebut agama minangka normativitasipun, nanging adat. Sistem religi punika sanès sistem Hindhu Kahuringan kados ingkang dipunkenal déning tiyang-tiyang umum.[4]

Tiyang Kanayatn nyebut Gusti kanthi tembung Jubata. Jubata punika ingkang dipuncariyosaken nurunaken adat dhumateng nenek moyang Dayak Kanayatn ingkang mapan ing bukit bawakng (sapunika mlebet wewengkon kabupatèn Bengkayang). Wonten ing ngungkapaken kapitadosan dhumateng Jubata, suku punika gadhah papan ngibadah ingkang dipunsebut panyugu utawi padagi. Kajawi punika dipunprelukaken ugi sawijining imam panyangahatn ingkang dados penghubung, antawisipun manungsa kaliyan Gusti (Jubata).[5]

Sapunika kathah tiyang Dayak Kanayatn ingkang nganut agama Kristen lan sakedhik ingkang ndhèrèk Islam. Ewadene sampun gadhah agama, boten saged dipunwastani bilih tiyang Dayak Kanayatn nilaraken adatipun. Bab ingkang unik inggih manawi tiyanng Dayak Kanayatn mlebet agama Islam, piyambakipun boten malih dipunsebut Dayak, nanging Melayu utawi tiyang Laut.[5]

Basa[besut | besut sumber]

Dayak Kanayatn nganggé basa ahe/nana' sarta damea/jare lan ingkang serumpun. Sajatosipun kanthi isologis (garis ingkang nggayutaken persamaan lan bedanipun tetembungan ingkang serumpun) boten gampil dipunrinci khazanah basanipun. Punika amargi basa ingkang dipunangge sarat kanthi manéka dhialèk lan ugi logat pangucapan. Maneka Tuladha inggih punika: tiyang Dayak Kanayatn ingkang mapan ing wewengkon Meranti (Landak) ingkang nganggé basa ahe/nana' kapérang malih ing basa behe, padakng bekambai, lan basa moro. Dayak Kanayatn ing kawasan Menyuke (Landak) kapérang ing basa satolo-ngelampa', songga batukng-ngalampa' lan angkabakng-ngabukit. Kajawi punika percampuran dhialèk lan logat njalari percampuran basa dados basa ingkang énggal.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  • Thesis: Tradisi Pantak Suku Dayak Kanayatn, Fidelis Sajimin, STT Pastor Bonus Pontianak, 2006.
  • Dunselman Donatus, Bijdrage Tot Kennis van Taal En Adat der Kendajan-Dajaks van West Borneo, 1949.
  • Kedaulatan Masarakat Adat Yang Teraniaya, Pontianak, Lembaga Bela Banua Talino, 2003.