Wong Lampung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Lampung)
Suku Lampung

Suku Lampung ingkang biyasa dipunsebut Ulun Lampung [Tiyang Lampung] kanthi tradhisional géografis inggih punika suku ingkang dumunung ing sadaya wewengkon provinsi Lampung lan sapérangan provinsi Sumatera Selatan pérangan kidul lan tengah ingkang dumunung ing laladan Martapura, Muaradua ing Komering Ulu, Kayu Agung, Tanjung Raja ing Komering Ilir, Merpas ing sisih lidul Bengkulu sarta Cikoneng ing pasisir kulon Banten.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Asal-usul Ulun Lampung celak gayutanipun kaliyan istilah Lampung piyambak. Tembung Lampung asalipun saking tembung "anjak lambung" ingkang tegesipun saking inggil amargi para puyang Bangsa Lampung nalika pisanan dumunung ing dataran tinggi Sekala Brak ing léréng Gunung Pesagi. Kados I Tsing ingkang naté ngunjungi Sekala Brak sasampunipun kunjungan saking Sriwijaya lan piyambakipun nyebut To-Langpohwang kanggé penguni Negeri punika. Ing basa hokkian, dhialèk ingkang dipuntuturaken déning I Tsing To-Langpohwang ateges tiyang inggil lan kados dipunmangertosi Pesagi lan dataran tinggi Sekala brak inggih punika pucuk paling inggil ingkang wonten ing Lampung.[2]

Prof Hilman Hadikusuma wonten bukunipun (Adat Istiadat Lampung:1983) ngandharaken bilih génerasi awal Ulun Lampung asalipun saking Sekala Brak, ing kaki Gunung Pesagi, Lampung Barat. Adhedhasar panaliten pungkasan dipunmangertosi Paksi Pak Sekala Brak ngalami kalih era inggih punika era Keratuan Hindhu Buda lan era Kesultanan Islam. Karajan punika dumunung ing dataran tinggi Sekala Brak ing kaki Gunung Pesagi (gunung paling inggil ing Lampung) ingkang dados cikal-bakal suku bangsa ètnis Lampung wekdal punika. Dipunriwayataken ing salebeting Tambo bilih pendiri Paksi Pak Sekala Brak piyambak-piyambak ingging punika Ratu Bejalan ing Way, Ratu Nyerupa, Ratu Pernong lan Umpu Belunguh. Kerawuhan para Umpu Pendiri Paksi punika boten sesarengan, dhedhasar panaliten pungkasan dipunmangertosi bilih nyebaripun Agama Islam lan pembaharuan Adat dipuntindakaken sasampunipun Umpu Belunguh rawuh ing Sekala Brak ingkang merangi Sekerumong lan pungkasanipun dipunmenangaken déning perserikatan Paksi Pak saéngga dipunwiwiti era Kesultanan Islam ing Sekala Brak. Sekawan Umpu punika ingkang minangka cikal bakal Paksi Pak Sekala Brak kados ingkang dipunungkap naskah kuna Kuntara Raja Niti. Nanging wonten versi buku Kuntara Raja Niti, nama puyang punika inggih Inder Gajah, Pak Lang, Sikin, Belunguh, lan Indarwati. Adhedhasar Kuntara Raja Niti, Prof Hilman Hadikusuma nyungsun hipotèsis keturunan Ulun Lampung kados punika:[3]

  • Inder Gajah

Gelar: Umpu Lapah di Way Kedudukan: Pucuk Dalom, Balik Bukit Keturunan: Orang Abung

  • Pak Lang

Gelar: Umpu Pernong Kedudukan: Hanibung, Batu Brak Keturunan: Orang Pubian

  • Sikin

Gelar: Umpu Nyerupa Kedudukan: Tampak Siring, Sukau Keturunan: Jelma Daya

  • Belunguh

Gelar: Umpu Belunguh Kedudukan: Kenali, Belalau Keturunan: Peminggir

  • Indarwati

Gelar: Puteri Bulan Kedudukan: Cenggiring, Batu Brak Keturunan: Tulang Bawang

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Teori Asal Usul-ulun Lampung
  2. "Sejarah Kerajaan Sekala Brak". Diarsip saka sing asli ing 2007-11-10. Dibukak ing 2013-01-07.
  3. "Kerajaan Skala Brak". Diarsip saka sing asli ing 2007-11-21. Dibukak ing 2013-01-07.
  • Hilman Hadikusuma dkk. 1983. nama-nama pahlawan Lampung. Bandar Lampung: Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Lampung.