Wong Karo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Suku Karo)

Wong Karo inggih punika suku ingkang mapan ing Dataran Tinggi Karo, Sumatera Utara, Indonésia. Suku punika minangka salah satunggaling suku ingkang paling ageng ing Sumatera Utara. Nama suku punika dipundadosaken salah satunggaling nama Kabupatèn ing salah satunggaling wewengkon ingkang dados papan dunungipun (dataran tinggi Karo) inggih punika Tanah Karo. Suku punika gadhah basa piyambak ingkang dipunsebut kaliyan Basa Karo utawi Cakap Karo. Ageman adat suku Karo dipundominasi kaliyan werni abrit sarta cemeng lan kebak kaliyan perhiasan emas.[1]

Wong Karo

Eksistensi Karajan Haru-Karo[besut | besut sumber]

Karajan Haru-Karo (Karajan Aru) wiwit dados karajan ingkang ageng ing Sumatera, ananging boten dipunmangertosi kanthi pesthi kapan madegipun. Ananging makaten, Brahma Putra, wonten ing bukunipun "Karo dari Zaman ke Zaman" mratelakaken bilih nalika abad 1 Masehi sampun wonten karajan ing Sumatera Utara ingkang rajanipun kagungan nama "Pa Lagan". Mirsani saking nama mau minangka nama ingkang basanipun asal saking suku Karo. Punapa nalika punika karajan haru sampun wonten?, bab punika taksih mbetahaken panalitén ingkang langkung.(Darwan Prinst, SH:2004)[1]

Karajan Haru-Karo dipunmangertosi ngrembaka sesarengan kaliyan Majapahit, Sriwijaya, Johor, Malaka lan Acèh. Kabukti amargi karajan Haru naté perang kaliyan karajan-karajan mau. Karajan Haru nalika mangsa jayanipun, pengaruhipun kasebar wiwit saking Acèh Besar dumugi Kali Siak ing Riau.[2]

Wonten suku Karo ing Acèh Besar ingkang salebeting basa Acèh dipunsebut "Karee". Kawontenan suku Haru-Karo ing Acèh punika dipunakuni déning H. Muhammad Said ing bukunipun "Acèh Sepanjang Abad", (1981). Piyambakipun nengenaken bilih penduduk asli Acèh Besar minangka keturunan mirib Wong Batak. Ananging boten dipunandharaken keturunan saking Wong Batak ingkang pundi penduduk asli mau. Déné, H. M. Zainuddin ing bukunipun "Tarich Atjeh dan Nusantara" (1961) ngandharaken bilih ing lembah Acèh Besar kejawi wonten karajan Islam wonten ugi karajan Karo. Salajengipun dipunsebutaken bilih penduduk asli utawi bumi putera saking ke-20 mbok manawi kacampur kaliyan suku Karo. Brahma Putra, ing bukunipun "Karo Sepanjang Zaman" ngandharaken bilih raja pungkasan suku Karo ing Acèh Besar inggih punika Manang Ginting Suka.[3]

Kelompok karo ing Acèh lajeng gantos nama dados "Kaum Lhee Reutoih" utawi "Kaum Tiga Ratus". Penamaan punika gegayutan kaliyan prastawa antawisipun suku Karo kaliyan suku Hindhu ing mrika ingkang dipunsarujiku dipunpungkasi kaliyan prang tandhing. Tigangatus (300) tiyang suku Karo badhé prang kaliyan kawanatus (400) tiyang suku Hindhu ing sawijining lapangan. Prang tandhing punika saged dipundamekaken lan wiwit punika suku Karo dipunsebut minangka kaum tigangatus lan kaum Hindhu dipunsebut kaum kawanatus.[3]

Ing salajengipun kadadosan percampuran antawisipun suku Karo kaliyan suku Hindhu lajeng dipunsebut minangka kaum 'Ja Sandang. Golongan sanèsipun inggih punika "Kaum Imeum Peuet" lan "Kaum Tok Batee" ingkang minangka campuran saking suku pendatang, kados ta: Kaum Hindhu, Arab, Pèrsi, lan sanèsipun.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]