Menyang kontèn

Wong Rejang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Rejang)
Suku Rejang
Rejang
Gunggung cacah jiwa
(1500.000 hingga dua juta jiwa[1])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kepahiang
Lebong
Rejang Lebong
Bengkulu Utara
Bengkulu Tengah
Basa
Rejang
Indonésia
Malayu
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Suku Lembak
Suku Serawai
Suku Pasemah

Suku Rejang inggih punika salah satunggaling suku bangsa ingkang paling sepuh ing Sumatera. Suku Rejang ndominasi wewengkon kabupatèn Rejang Lebong, kabupatèn Kepahiang, Kabupatèn Bengkulu Tengah, Kabupatèn Bengkulu Utara, lan kabupatèn Lebong. Adhedhasar perbendaharaan tembung lan dhialèk ingkang dipungadhahi basa Rejang, bebrayan punika dipukelompokaken Malayu Proto.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sajarah asal-usul Rejang ingkang sajatosipun sampun boten mungkin dipunriwayataken kanthi saestu kados déné kasunyatanipun.[3] Bab punika dipunsebabaken manéka faktor ingkang njalari sajarah asal-usul Rejang ingkang kabusak lan ical. Faktor-faktor ingkang njalari inggih punika:

  • Suku Rejang déréng mangertosi mediaingkang gadhah peran kanggé dipundadosaken pedoman ingkang pas kanggé ngriwayataken sajarah, kados ta kemampuan nggambar, nyerat, mahat, punapa bab-bab sanèsipun ingkang mungkinaken kanggé dipunpadosi déning génerasi enem. Bukti-bukti arkeolog mau dèrèng kapanggihaken dumugi sapunika.
  • Suku Rejang taksih kapangaruh déning tradisi ingkang sipatipun fiktif, saéngga babbab ingkang boten nalar dipunlebetaken ing cariyos sajarah. Bab punika ndadosaken sajarah asal-usul Rejang dados kisah fiktif ingkang validitas lan reliabilitasipun tebih saking pathokan saperlu ngriwayataken sajarah.
  • Suku Rejang boten nggatosaken jaman rumiyin, nanging nampi sajarah jaman rumiyin ingkang dipuncariyosaken déning para sajarahwanlan cendekiawan asing ingkang statusipun penjajah. Bab punika ugi dipungayutaken kaliyan sapérangan oknum suku Rejang ingkang pitados sanget kaliyan pamanggih pribadi, déné kemampuan basa Rejangipun kanthi manéka dhialèk Rejang ingkang boten dipunkuwaosi. Suku Rejang
  • Suku Rejang kanthi sumber daya alam ingkang paling dipunèksploitasi déning penjajah dados laladan ingkang dipundadosaken asal-usul suku Rejang. Punika dipunsebabaken déning rekayasa saking para penjajah ingkang gadhah kemampuan maos lan nyerat, déné suku Rejang dipunbodhoni sanget. Sifat saking penjajah ingkang kados makaten sampun dipunmangertosi déning para sejarawan Indonésia, inggih punika penjajah nebihaken bangsa Indonésia kanggé mangertosi ngèlmu kawruh modhèren. Pengetahuan modhèren kados déné kemampuan ngèlmu basa, ngèlmu étung, ngèlmu filsafat, punapa déné ngèlmu-ngèlmu modhèren sanèsipun dèrèng dipunangsal déning suku Rejang ingkang minangka bebrayan ing Indonésia. Punika kabukti kanthi aksara kaganga ingkang rumiyin minangka seratan asli suku Rejang, nanging wonten kasunyatannipun boten saged dipunmangertosi suku Rejang jaman rumiyin dumugi sapunika. Bab punika ugi nuwuhaken raos ragu bilih aksara mau inggih punika asli tulisan suku Rejang ingkang panci prakarsa suku Rejang piyambak.[4]

Saking sapèrangan faktor ing nginggil punika, boten gampil madosi sajarah asal-usul suku Rejang. Éwadéné makaten, taksih wonten satunggal tilas ingkang taksih dipunwarisaken kanthi nyata lan taksih wonten dumugi sapunika. Warisan mau inggih punika basa Rejang, sawijining basa ingkang unik ingkang dèrèng cures dumugi sapunika. Ewadene bukti-bukti arkéologi dèrèng kabukti kanthi nyata, ananing basa saged dipundadosaken pedoman nelusuri sajarah Rejang. Bab punika mbuktikaken bilih tiyang ingkang paling ageng peran kanggé ngriwayataken Rejang inggih punika suku Rejang kanthi kemampuan basa Rejang tingkat mahir utawi penutur asli basa Rejang ingkang saged dipun-ginakaken kanggé komunikasi kaliyan tiyang-tiyang Rejang kanthi kemampuan ngriwayataken cariyos jaman rumiyin.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Wurm, Stephen A. and Shiro Hattori, (eds.) (1981) Language Atlas of the Pacific Area Ostralin Academy of the Humanities in collaboration with the Japan Academy, Canberra, ISBN 0-85883-239-9
  2. [1]
  3. [2]
  4. [3][pranala mati permanèn]
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-05-20. Dibukak ing 2013-01-11.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)