Wong Tidung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Tidung)
Suku Tidung
Suku Tidung
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 235.000(Indonésia), 58.000(Malaysia))
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kabupatèn Malinau, Kabupatèn Tana Tidung, Kota Tarakan, Kalimantan Timur: 235.000
Basa
Tidung, Indonésia
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Suku Dayak

Suku Tidung Archived 2012-10-04 at the Wayback Machine. minangka suku ingkang tanah asalipun dumunung ing bagéyang lèr Kalimantan Timur. Suku punika ugi minangka anak nagari ing Sabah, saéngga minangka suku bangsa ingkang wonten ing Indonésia ugi ing Malaysia (nagari Sabah).[1] Suku Tidung wiwitan gadhah sawijining kraton ingkang dipunwastani Karajan Tidung.[2] Nanging pungaksanipun cures amargi wontenipun pulitik adu domba saking Walanda.

Basa Tidung[besut | besut sumber]

Basa Tidung dhialèk Tarakan minangka basa Tidung ingkang pertengahan amargi dipunmangertosi déning sadaya warga suku Tidung. Sapérangan tembung basa Tidung taksih gadhah kesamaan kaliyan basa Kalimantan sanèsipun. Kemungkinan suku Tidung taksih kerabat kaliyan suku Dayak rumpun Murut (suku-suku Dayak ingkang wonten ing Sabah). Amargi suku Tidung agama Islam lan ngembangaken krajan Islam saéngga boten dipunanggep minangka suku Dayak, nanging dpungolongaken suku ingkang berbudaya Malayu (ukum adat Malayu) kados ta suku Banjar, suku Kutai, lan suku Pasir.[3]

Basa Tidung[besut | besut sumber]

Basa Tidung kalebet ing "Kelompok Basa Tidung" salah satunggal péranganing Kelompok Basa Dayak Murut.[4]

Kelompok Basa Tidung:

  1. Basa Tidung (tid)
  2. Basa Bulungan (blj)
  3. Basa Kalabakan (kve)
  4. Basa Murut Sembakung (sbr)
  5. Basa Murut Serudung (srk)

Persamaan kosakata basa Tidung kaliyan basa-basa Kalimantan sanèsipun, kados ta:

Malayu Tidung
Kepala Utok
Rambut Abuk
Telinga Telingo
Hidung Adung
Pipi Malo
Mulut Kabang
Leher Liog
Perut Tinay
Tangan Tendulu
Kaki Tanog
kuku Sandop
Paha Apa
Lutut Atut
Pinggang Awak
Dada Kubab
Bapak Yama
Ibu Ina
Nenek Yadu
Kakek Yaki
Paman Yujang
Tante Keminan
Adik Yadi
Kakak Yaka
Keponakan Yakon
Cucu Ingkupu
Saudara Pensulod
Nenek Moyang Yadu yaki
Ipar Yangu
Menantu Anak Iwan
Mertua Iwan

[5]

Wewengkon penutur Basa Tidung[besut | besut sumber]

Penutur Basa Tidung limrahipun dumunung ing wewengkon Kalimantan timur lan sabah malaysia. Saking 13 Kabupatèn lan kutha ingkang wonten ing provinsi kalimantan timur punika. Penutur Basa Tidung wonten ugi ing pitung Kabupatèn ing kalimantan timur lan tigang kutha ing nagari sabah. Sedasa laladan mau inggih punika,Kota Tarakan, Kab. Malinau, Kab. Bulungan, Kab. Nunukan, Kab. Tana Tidung, Kab. Berau, Kab. Kutai Kartanagara, Kota Tawau, Kota Sandakan lan Kota Lahad Datu.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "ETNIK SABAH DALAM KEPELBAGAIAN KEBUDAYAAN". Diarsip saka sing asli ing 2013-12-15. Dibukak ing 2013-01-14.
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-08-01. Dibukak ing 2013-01-14.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. [1]
  4. [2]
  5. [3]
  6. [4][pranala mati permanèn]

Pranala njaba[besut | besut sumber]