Wong Kutai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Suku Kutai)
Suku Kutai ing Kutai, Kalimantan Timur
Suku Dayak Kutai
Gunggung cacah jiwa
(~ 314.000)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Timur: 314.000
Basa
Kutai, Banjar, Melayu, Indonésia
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Melayu, Dayak (Rumpun Ot Danum: suku Dayak Tunjung, Bawanaq, Banjar

Suku Kutai utawi Suku Dayak Kutai inggih punika suku asli ingkang dumunung ing wewengkon Kalimantan Timur ingkang mayoritas sapunika agama Islam lan gesang ing pinggir kali[1]. Suku Kutai minangka péranganing rumpun Suku Dayak, mliginipun dayak rumpun ot danum (tradisi lésan tiyang sepuh ing sapérangan Suku Kutai ingkang ngandharaken bilih Suku Dayak Lawangan ingkang lajeng dumunung ing Kalimantan Timur nglairaken Suku Dayak Tunjung lan Suku Dayak Bawanaq, lajeng kanthi mlebetipun budaya muslim nglairaken masarakat Suku Kutai ingkang bènten budaya kaliyan Suku Dayak)[2]. Wiwitanipun Kutai minangka nama sawijining teritori papan dunungipun masarakat asli Kalimantan utawi Dayak. Suku Kutai adhedhasar bentukipun kalebet suku mmelayu tuwa kados déné Suku Dayak ing Kalimantan Timur. Amargi makaten saking fisik Suku Kutai mirib kaliyan Suku Dayak rumpun ot danum. Hubungan Kekerabatan Suku Kutai kaliyan Suku Dayak dipuncariyosaken ugi ing tradisi lésan Suku Dayak kanthi manéka versi ing sapérangan sub suku rumpun ot danum (amargi piyambak-piyambak sub suku kagungan sajarah piyambak). Adat-istiadat lama Suku Kutai kathah ingkang sami kaliyan adat-istiadat Suku Dayak rumpun ot danum (mliginipun tunjung-bawanaq) kados; erau (upacara adat ingkang paling meriah), belian (upacara tarian penyembuhan lelara), memang, lan mantra-mantra sarta ngèlmu gaib kados; parang maya, panah terong, polong, racun gangsa, perakut, peloros, lan sanès-sanèsipun. Ing pundi adat-adat mau kagunganipun Suku Kutai lan Suku Dayak. Dumugi sapunika taksih wonten Suku Kutai ing Désa Kedang Ipil, Kabupatèn Kutai Kartanagara ingkang nganut kepercayaan kaharingan kados déné Suku Dayak.[3]

Basa[besut | besut sumber]

Masarakat Kutai ingkang kasungsun saking kathah sub suku kagungan basa ingkang manéka ragam. Sapérangan basa sub suku ingkang sampun boten diipunginakaken malih lan kemungkinan sampun cures inggih punika basa Umaa Wak, Umaa Palaa, Umaa Luhaat, Umaa Palog, Baang Kelo lan Umaa Sam. Basa-basa mau rumiyin lazim dipun-ginakaken déning masarakat Kutai ing hulu lan hilir mahakam.[4]

sapunika basa Kutai kapérang dados 4 dialek ingkang papanipun boten caket:

  1. Kutai Tenggarong (vkt)
  2. Kutai Kota Bangun (mqg)
  3. Kutai Muara Ancalong (vkt)
  4. Kutai Sengata/Sangatta (dèrèng wonten kodhe basanipun)

kejawi kagungan manéka bab ingkang sami tetembunganipun kaliyan basa Banjar, Basa Kutai ugi kagungan kemiripan kaliyan tetembungan kaliyan basa Dayak Iban, tuladhanipun:

  • nade (Basa Kutai Kota Bangun); nadai (Basa Kantu'), tegesipun boten.
  • celap (Basa Kutai Tenggarong; celap (Baha Dayak Iban, Basa Dayak Tunjung), jelap (Basa Dayak Bawanaq) tegesipun asrep.
  • balu (Basa Kutai Tenggarong), balu (Basa Dayak Iban, balu' Basa Dayak Bawanaq), tegesipun jandha
  • hek (Basa Kutai Tenggarong), he' (Basa Dayak Tunjung), tegesipun boten.[5]

Pranala NJaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]