Menyang kontèn

Marah Rusli

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Marah Rusli
Lair(1889-08-07)7 Agustus 1889
Padang, Sumatra Barat
PatiJanuari 17, 1968(1968-01-17) (umur 78)
BasaBasa Indonésia
BangsaIndhonésia Indonésia
SukuMelayu
Warga nagaraIndonésia

Marah Roesli utawi asring ugi dpun éja Marah Rusli (Padang, Sumatera Barat, 7 Agustus 1889 - Bandung, 17 Januari 1968) punika sastrawan Indonesia angkatan Balai Pustaka. Kaloka kanthi karya Siti Nurbaya (roman) ingkang dipunterbitaken ing taun 1920 Marah Rusli misuwur ngantos sapriki. Siti Nurbaya sampun dados legenda, wanita ingkang dipunpeksa krama déning tiyang sepuhipun, pikantuk priyantun ingkang boten dipuntresnani.

Riwayat

[besut | besut sumber]

Marah Rusli, sang sastrawan punika, gadhah jeneng dawa Marah Rusli (Marah Halim?) bin Abu Bakar. Bapakipun, Sutan Abu Bakar, punika bangsawan kanthi gelar Sutan Pangeran, nyambut damel dados demang. Marah Rusli daup kaliyan satunggiling putri Sunda klahiran Bogor wonten ing taun 1911 lan pinaringan putra tiga, kalih jaler lan satunggal èstri. Perkawinan Marah Rusli kaliyan putri Sunda kalawau boten pikantuk idi pangèstu saking tiyang sepuhipun, nanging Marah Rusli tetep nglajengaken perkawinanipun.

Sanajan langkung kondhang minangka sastrawan, Marah Rusli sakleresipun satunggiling dhokter hewan. Bènten kaliyan Taufiq Ismail lan Asrul Sani ingkang saèstu nilaraken profesi minangka dhokter hewan amargi milih dados penyair, Marah Rusli tetep anekuni profesi dhokter hewan ngantos pènsiun ing 1952 kanthi kalungguhan pungkasan minangka Dhokter Hewan Kepala. Karemenan Marah Rusli dhumateng kasusastran sampun tuwuh wiwit piyambakipun taksih alit. Piyambakipun remen midhangetaken cariyos-cariyos saking tukang kaba, tukang dongèng ing Sumatera Barat ingkang keliling kampung nyadé dongèngan lan maos buku-buku sastra.

Wonten ing sajarah sastra Indonesia, Marah Rusli kacathet minangka pengarang roman ingkang wiwitan lan dipunanugerahi gelar déning H.B. Jassin minangka Bapak Roman Modern Indonesia. Sadèrèngipun punika, prosa ingkang langkung biyasa dipunanggé wonten ing Indonesia inggih punika hikayat.

Marah Rusli gadhah pendidikan inggil lan buku-buku wacanipun kathah ingkang saking manca nagari, ingkang nggambaraken kamajengan jaman. Piyambakipun rumaos yèn adat istiadat ing saubengipun sampun boten rujuk kaliyan kamajengan jaman. Bab punika nunten anglairaken pamberontakan ing salebeting manah, lajeng dipunsuntakaken wonten ing karyanipun, Siti Nurbaya. Marah Rusli gadhah kekajengan kanggé mbébasaken masarakat saking belenggu adat ingkang boten maringi kesempatan tumrap laré anèm ngandharaken pikiran utawi pepinginan.

Wonten cariyos Siti Nurbaya, sampun dipunlebetaken landasan pamikir ingkang ngarah dhunateng emansipasi wanita. Carios punika andamel para wanita wiwit mikiraken hak-hakipun, punapa badhé pasrah amargi tuntutan adat (lan tekanan tiyang sepuh) utawi kedah mertahanaken punapa ingkang dipunkajengaken. Carios Siti Nurbaya saged nggugah lan ngantunaken kesan ing salebeting manah para pamaos ngantos sapriki. Sampun langkung saking wolung taun wiwit lairipun, Siti Nurbaya tetep dados cariyos ingkang kathah dipun èmuti lan dados bahan wicara.

Sanèsipun Siti Nurbaya, Marah Rusli ugi nyerat sawatawis cariyos roman. Nanging, Siti Nurbaya punika ingkang saé piyambak. Roman punika pikantuk bebungah taunan dalam babagan sastra saking Pamaréntah Republik Indonesia taun 1969 lan dipuntarjemahaken dhateng basa basa Ruslan.

Terjemahan: Gadis yang Malang (novèl Charles Dickens, 1922).

Pranala njawi

[besut | besut sumber]