Menyang kontèn

Aksara Gundhil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Abjad Jawi
Jinis
BasaMalayu
Acèh
Banjar
Minangkabau
Kerinci
Tausūg
sapérangan basa liyané ing Asia Kidul-Wétan
Kala
~circa 1300 M nganti saiki
Aksara babon
Abjad Jawi.

Aksara Gundhil utawa diarani Aksara Jawi (Basa Malayu) (Basa Arab: جوي) (utawa Yawi ing laladan Patani) iku aksara utawa abjad arab sing diowahi kanggo nulisaké Basa Malayu. Abjad iki minangka salah siji tulisan resmi ing Brunei, lan uga ing Malaysia, Indonésia, Filipina kidul, Patani ing Thailand kidul lan Singapura kanggo kaperluan religius.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Lairé aksara iki kagandhèng kanthi langsung karo tekané agama Islam ing Nusantara. Abjad iki didhasaraké menyang abjad Arab lan dipigunakaké kanggo nulis pocapan Malayu. Kanthi mangkono, ora bisa disélaki anané tambahan utawa modifikasi sawatara aksara (huruf) kanggo ngakomodasi uni sing ora ana sajeroning basa Arab (upamané pocapan /o/, /p/, utawa /ŋ/).

Bukti paling wiwitan tulisan Jawi iki ana ing Malaysia ya iku wujud Prasasti Terengganu sing mawa tarikh 702 Hijriyah utawa abad angka 14 Masehi (Tarikh iki rada problematis amarga angka taun iki ditulis, ora nganggo angka). Ing prasasti iki mung bisa kawaca tujuh ratus dua: 702H. Nanging tembung dua iki bisa diiloni nganggo tembung liya: (20 nganti 29) utawa -lapan-> dualapan-> "delapan". Tembung iki bisa uga ditambahi tembung "sembilan". Amarga saka iku kamungkinan tarikh iki dadi akèh: (702, 720-729, utawa 780-789 H). Nanging amarga prasasti iki uga nyebut yèn taun iki wujud "Taun Kepiting" mula mung ana rong kamungkinan sing sisa: ya iku taun 1326M utawa 1386M.

Abjad Jawi iku salah siji saka abjad pisanan sing dipigunakaké kanggo nulis basa Malayu, lan digunakaké wiwit jaman Karajan Pasai, nganti jaman Kasultanan Malaka, Kasultanan Johor, lan uga Kasultanan Acèh sarta Kasultanan Patani ing abad angka 17. Bukti panggunaan iki tinemu ing Batu Bersurat Terengganu, mawa tarikh 1303 Masehi (utawa 702H ing Kalendher Islam). Panggunaan alfabet Romawi pisanan tinemu ing pungkasan abad angka 19. Abjad jawi minangka tulisan resmi saka Negeri-nagari Malayu Tidak Bersekuthu ing jaman kolonialisme Karajan Manunggal.

Ing jaman biyèn, abjad jawi duwé peran wigati sajeroning masarakat. Abjad iki minangka médhia perantara sajeroning kabèh urusan tata usaha, adat istiadat, lan dedagangan. Minangka conto, huruf iki dipigunakaké uga sajeroning prejanjèn-prejanjèn wigati antara pihak ratu Malayu karo pihak Portugis, Walanda, utawa Inggeris. Saliyané iku, tetélan kamardikan 1957 tumrap nagara Malaysia sapérangan uga tinulis nganggo aksara jawi.

Saiki aksara iki dipigunakaké kanggo urusan karohanian lan tata usaha budaya Malayu ing Terengganu, Kelantan, Kedah, Perlis, lan Johor. Wong-wong Malayu ingi Patani isih migunakaké aksara Jawi nganti saiki.

Aksara Jawi

[besut | besut sumber]
Aksara Madek Dhèwè Bawa Tengah Akhir Jeneng
ا     alif
ب ba
ت ta
ة ة     ـة‎ ta marbutah
ث sa (tha)
ج jim
چ ca
ح ha
خ kha (khO)
د     dal
ذ     zal
ر     ra (rO)
ز     zai
س sin
ش syin
ص sad (sOd)
ض ﺿ dad (dOd)
ط ta (tO)
ظ za (zO)
ع ain
غ ghain
ڠ ڠ ڠـ ـڠـ ـڠ nga
ف fa
ڤ pa
ق qaf
ک ک کـ ـکـ ـک kaf
ݢ ݢ ݢـ ـݢـ ـݢ ga
ل lam
م mim
ن nun
و     wau
ۏ ۏ     ـۏ va
ه ha
ء ء     ء hamzah
ي ya
ی ی     ye
ڽ ڽ ڽـ ـڽـ ـڽ nya

Aksara sing warna klawu wujud aksara rékan sing mung ana ing basa Malayu lan ora ana ing aksara Arab asliné.

Uga delengen

[besut | besut sumber]
  • H.S. Paterson (& C.O. Blagden), 'An early Malay Inscription from 14th-century Trengganu', Journ. Mal. Br.R.A.S., II, 1924, pp. 258–263.
  • R.O. Winstedt, A History of Malaya, revised ed. 1962, p. 40.
  • J.G. de Casparis, Indonesian Paleography, 1975, p. 70-71.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]