Basa Kerinci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Basa Kerinci
Asal Indonésia
Laladan Ing sakiwa-tengené tlatah Kali Penuh lan Kabupatèn Kerinci
Panyatur asli
285.000
260.000 ing Indonésia (2000) (tanpa surya)
Kaganga
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 kvr

Basa Kerinci ya iku basa sing kalebu kulawarga basa Melayik lan dituturaké ing wewengkon Kabupatén Kerinci lan Kutha Sungai Penuh, Provinsi Jambi déning wong suku Kerinci[1]. Nalika taun 1984 lan 2000, cacah panyatur basa iki ana 220.000 antara 260.000 wong lan manggon ana ing wewengkon sing ambané 1500 kilométér persegi[1][2].

Minangka basa komunikasi padinan, basa Kerinci uga duwé fungsi dadi média sastra kayadéné pantun, tembang, lan paribasan. Ing wewengkon basa Kerinci ana basa tulis ing naskah-naskah kuna nganggo aksara kang karan aksara Incung. Aksara iki rada béda kanthi aksara-aksara Kaganga kanggo nulis basa Melayu lan Lampung ing sekitaré. Nanging yèn dideleng saka dhapuré isih ana padané. Basa Kerinci duwé manéka warna dhialèk lokal, ning wates-wates dialék basa Kerinci durung ana panelitèné saéngga isih durung cetha. Ning yèn dimatké manéka warna dhialèk Kerinci iki bisa digolongaké dadi tigang golongan, ya iku 1) dhialék Kerinci Hulu ing Kacamatan Gunung Kerinci lan Air Hangat; 2) dhialèk Kerinci Tengah ing Sungai Penuh lan Sitinjau Laut, lan 3) dhialèk Kerinci Hilir ing Kacamatan Danau Kerinci lan Gunung Raya[2].

Conto ukara[besut | besut sumber]

Apèa gow baju toh? “Pira rega klambi iku?”

Nyo uhang tani. “Dhéwéké wong tani”

Ana’ ana’toh siney. “Bocah-bocah iku ing kèné”[3].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b "Kerinci". Ethnologue. Dijupuk September 27, 2017. 
  2. a b Anwar, Joesnidar, dkk (1984). Morfologi Kata Benda dan Kata Sifat Bahasa Kerinci. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 
  3. Nikelas, Syahwin (1981). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Kerinci. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.