Tambo Minangkabau

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Gegambaran tiyang Minangkabau ing jaman kepengker ingang gadhah karya sastra awujud Tambo Minangkabau

Tambo Minangkabau inggih punika karya sastra sajarah ingkang isinipun legenda-legenda ingkang wonten gegayutanipun kaliyan asal-usul bebrayan, nagari, lan tradisi ing wewengkon Minangkabau.[1] Tambo Minangkabau dipunserat mawi basa Melayu ingkang wujudipun prosa utawi gancaran.[1] Tambo asalipun saking basa Sansekerta, tambay ingkang tegesipun wiwitanipun.[1] Wonten ing tradisi masarakat Minangkabau, tambo kalebet satunggalipun warisan ingkang turun-tinurun ingkang dipunsebaraken mawi lesan.[1] Tembung tambo utawi terambo saged ugi gadhah maksud sajarah, hikayat, utawi riwayat.[1] Maknanipun sami kaliyan babad ing basa Jawa utawi basa Sunda.[1]

Panyeratan tambo Minangkabau ingkang sepisanan kapanggih ing wujud aksara Arab lan mawi basa Minangkabau.[2] Panyeratan ing wujud latin nembé wonten ing purwanipun abad kaping 20, ingkang isinipun sampun mbandhingaken kaliyan sawatawis bukti sajarah ingkang wonten gegayutanipun.[2] Gunggungipun naskah ingkang sampun kapanggih wonten 83 naskah.[2] Irah-irahanipun punika manéka warni, ing antawisipun inggih punika Undhang-Undhang Minangkabau, Tambo Adat, Adat Istiadat Minangkabau, Kitab Kesimpanan Adat lan Undhang-Undhang, Undhang-Undhang Luhak Tiga Laras, lan Undhang-Undhang Adat.[2] Tambo ing Minangkabau wonten kalih babagan ingkang utami,[3] inggih punika tambo alam, ingkang nyariyosaken asal-usul moyang lan karajan Minangkabau lan tambo adat, ingkang nyariyosaken adat, sistem pamaréntahan, lan undang-undang babagan pamaréntahan Minangkabau ing jaman kepengker.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f [Sangguno Diradjo, Dt. (1954), Tambo Alam Minangkabau, Balai Pustaka.]
  2. ^ a b c d [Batuah A. Dt., Madjoindo A, Dt., (1957), Tambo Minangkabau, Jakarta: Balai Pustaka.]
  3. ^ a b [[[A.A. Navis]], (1984), Alam Terkembang Jadi Guru: Adat dan Kebudayaan Minangkabau, Jakarta: PT. Grafiti Pers.]

Pranala njawi[besut | besut sumber]