Imam Bonjol

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tuanku Imam Bonjol

Tuanku Imam Bonjol ya iku Pahlawan kang séda ing seberang, tepaté ing Minahasa cedhak karo Pineleng, Sulawesi Utara, nalika tanggal 6 November 1864.[1] Dhèwèké asalé saka Sumatra Barat.[1] Jeneng Tuanku Imam Bonjol iku gelar kang diwènèhi déning guru-guru agama ing Sumatra.[1] Jeneng asliné Imam Bonjol ya iku Peto Syarif Ibnu Pandito Bayanuddin.[1] Dhèwèké pemimpin kang paling kaloka wektu obahan Padri ing Sumatra, kang awal mulane nglawan perjudian, padu ayam,nganggo opium, ombenan keras, tembako, lan liya liyané.[1] Nanging seteruse ngadakake perlawanan karo penjajahan Walanda, kang \bnjalari\b perang Padri(1821-1838).[1] Wonten ing taun 1837, désa Imam Bonjol direbut déning Walanda, lan akhire Imam Bonjol nyerah.[1] Dhèwèké terus diasingke ing pirang-pirang panggonan, lan pungkasané digawa ana ing Minahasa.[1] Dhèwèké diakui dadi Pahlawan Nasional.[1]

Nama lan gelar[besut | besut sumber]

Jeneng asli saking Tuanku Imam Bonjol ya iku Muhammad Shahab, kang lair ing Bonjol, Pasaman, Sumatra Kulon ing taun 1772.[2] Amarga dadi ulama lan pemimpin ing masarakat setempat, dhèwèké diwènèhi gelar ya iku Peto Syarif, Malin Basa, lan Tuanku Imam.[2] Tuanku nan Renceh saking Kamang dadi salah sijiné pimpinan saking Harimau nan Salapan ya iku kang nunjuk dadi Imam (pemimpin) maring kaum padri ing Bonjol. Dhèwèké akhire luwih kaloka kanthi jeneng Tuanku Imam Bonjol.[2]

Peto Syarif selanjute luwih kaloka kanthi asma Tuanku Imam Bonjol.Dhèwèké dilahirke ana ing lingkungan agama.[3] Awale Peto Syarif sinau agama saking bapakke, Buya Nudin.[3] Seteruse saking para Ulama liyané,kaya ta Tuanku Nan Renceh.[3] Imam Bonjol ya iku pendiri nagari Bonjol.[3]

Riwayat perjuangan[besut | besut sumber]

Pertentangan kaum adat kaliyan kaum Paderi utawa kaum agama mèlu nglibatke Tuanku Imam Bonjol.[3] Kaum Pederi ngupaya bersihake ajaran agama Islam kang wis akèh diselewengke supaya mbalik maring ajaran agama Islam kang murni.[3] Golongan adat kang ngrasa terancam kedudukane, angsal bantuan saking Walanda.[3] Nanging,obahan wadyabala Imam Bonjol kang cukup kuwat bisa mbahayakake kedudukane Walanda.[3] Trus selanjute Walanda mekso ngadakake kesepakatan damai maring Tuanku Imam Bonjol ing taun 1824.[3] Kesepakatan iku dijenengi " Perjanjian Masang".[3] Nanging, kesepakatan iku dilanggar dhéwé maring Walanda kanthi nyerang Negeri Pandai Sikat.[3]

Pertempuran-pertempuran seteruse wis ora akèh tegesé, soale Walanda kudu musatke kekukatane maring Perang Diponegoro.[3] Nanging sawisé Perang Diponegoro rampung, Walanda ngerahke manèh wadyabala gedhé-gedhean kanggo nakhlukke sekabehe Sumatra Barat.[3] Imam Bonjol lan Pasukane tetep ora nyerah lan kanthi gigih mbendung kekuatane musuh.[3] Nanging kekuwatane Walanda gedhé banget, dadine siji per siji laladan Imam Bonjol bisa direbut Walanda.[3] Akhire Bonjol uga langsung tiba ing tangan musuh.Nanging 3 sasi seteruse Bonjol bisa direbut manèh.Purwaning Dumadi iki ing taun 1832.[3]

Walanda mbalik ngerahke kekuwatan kang gedhé.[3] Ora ketinggalan Gubernur Jendral Van Bosch mèlu mimpin serangan maring Bonjol.[3] Nanging gagal.[3] Dhèwèké ngajak Imam Bonjol supaya Damai kanthi maklumat PalakanPalakat Panjang, nanging Tuanku Imam wis cubriya.[3] Kanggo wektu-wektu seteruse, kalungguhan Tuanku Imam Bonjol tambah dadti angèl, nanging dewekke nolak damai maring Walanda.[3] Nganti ganti kaping telu, Walanda ngganti panglima perange kanggo ngrebut Bonjol, suwijine nagari cilik kanthi bètèng saking lemah.[3] Sawisé telung taun dikepung, nembé Bonjol bisa dikuwasai, ya iku tanggal 16 Agustus 1837.[3]

Akhire Tuanku Imam Bonjol kejebak maring pengkhianatane Walanda kanthi perundingan kang terselubung.[3] Tuanku Imam Bonjol bisa ditangkap lan diasingke maring Cianjur.[3] Wedi yèn prabawa pimpinan Paderi iku ing Jawa Barat,deweke langsung dipindahke maring Ambon lan seteruse ing Manado.[3] Ing panggonan iku Tuanku Imamku Imam Bonjol séda tanggal 6 November 1864 kanthi umur 92 taun.[3]

Ora bisa dipungkiri, Perang Paderi ninggal kenangan heroik lan traumatis ing memori bangsa.[4] Kurang luwih 20 taun perang iku (1803-1821)praktis kang nggawe pepatenan maring sesama wong Minang lan Mandailing utawa Batak Lumrahé.[4] Caampur tangan Walanda ing perang iki ditandhani kanthi penyerangan Simawang lan Sulit Air saking wadyabala Kapten Goffinet lan Kapten Dienema ing awal April 1821 kanthi dhawuh Residen James du Puy ing Padang.[4] Kompeni mèlu terlibat ing perang iku amarga diundang kaum adat.[4] Ing tanggal 21 Fèbruari 1821, kaum adat resmi nyerahke wewengkon darek (Pedalaman Minangkabau) maring Konpeni nggawe perjanjian kang dipeksa ing padang, dadi kompensasi maring Walanda kang sedia mbantu nglawan kaun Paderi.[4] Perjanjian iku ditekani uga saking sisa kulawarga Dinasti Pagruyung ing ngisor pengawasan Sultan Muningsyah kang selamat saking patenan wadyabala Paderi kang dipanggedhèni Tuanku Pasaman ing Koto Tangah, cedhak Batu Sangkar, ing taun 1815 (dudu taun 1803 koyo kasebut ing Parlindungan, 2007:136-41).[4]

Penyesalan lan perjuangan heroik Tuanku Imam Bonjol barengan pengikute nglawan Walanda kang ngepung Bonjol saking sekabehe jurusan kurang luwih enem sasi ( 16 Maret-17 Agustus 1837) uga bisa ndadikke apresiasi maring kepahlawanan nentang penjajahan.[4]

Kurang luwih 62 taun Indonésia merdeka, jeneng Tuanku Imam Bonjol ana ing papan umum kanthi dadi jeneng dalan, jeneng stadion, jeneng Universitas, lan uga ing lembaran duwit Rp 5.000 kang dikeluwarke Bank Indonésia 6 November 2001.[5] Tuanku Imam Bonjol (1722-1864), kang diangkat dadi pahlawan nasional didasrke SK Présidhèn RI Nomor 087/TK/Tahun 1973, 6 November 1973, ya iku pemimpin utama Perang Padri ing Sumatra Barat (1803-1837) kang gigih nglawan Walanda.[5] Nanging, akir-akir iki metu petisi, nggugat gelar kepahlawananne Tuanku Imam Bonjol. Tuanku Imam Bonjol dianggep nglanggar HAM amarga wadyabala Paderi nginvasi lemah Batak (1816-1833) kang newaske jutaan wong ing laladan iku.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i [1](diundhuh 9 Juli 2011)
  2. ^ a b c [2](diundhuh 10 Juli 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa [3](diundhuh 10 Juli 2011)
  4. ^ a b c d e f g [4](diundhuh 10 Juli 2011)
  5. ^ a b c [5](diundhuh 10 Juli 2011)