Menyang kontèn

Perang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     

Perang punika satunggiling kawontenan kakerasan ingkang ngombro ombro, konflik skala wiyar antawis kalih kelompok utawi langkung. Perang saged dipunwontenaken kanthi simultan ing satunggal utawi langkung médan laga utawi theaters. Ing satunggiling médan laga, saged kémawon wonten satunggal utawi langkung kampanye militèr. Sawenèh aksi militèr wonten ing salebetipun kampanye militèr limrahipun kasebat pertempuran, sanajan terminologi punika kadhangkawis boten saged dipunterapaken wonten ing pertempuran ingkang migunaaken montor mabur, peluru kendhali utawi bom lan boten migunaaken wadyabala darat utawi seganten.

Perkawis ingkang saged ndadosaken perang limrahipun rumit lan wujud warni-warni masalah. Upami cecongkrahan tuwuh bab wigati, kados ta: tlatah, kadhaulatan, sumber daya utawi ideologi kamangka perundhinganipun gagal, saged nuwuhaken perang. Wonten ing bukunipun ingkang asesirah War Before Civilization, Lawrence H. Keeley, satunggiling profesor saking University of Illinois, ngétang yèn kinten-kinten 90-95% saking komunitas tartamtu naté, utawi sakedhikipun kala-kala magepokan kaliyan perang, lan kathah ingkang terus menerus.[1][2][3][4] Satunggiling perang saged dipunwiwiti kanthi dheklarasi resmi mliginipun wonten ing perang internasional. Ewosemanten miturut sajarah lan kadadosan nyata, boten saben perang tansah dipunwiwiti déning dheklarasi makaten, kalebet wonten ing perang sadhèrèk.

Caranipun Perang

[besut | besut sumber]

Cara ingkang baku kanggé ngayahi perang sanget gumantung dhumateng wiyaripun sasaran, kalebet bab-bab kados déné ngrebat tlatah, nglumpuhaken nagari saingan, ngrisakaken kamampuan mengsah supados boten saged ngawontenanken aksi militèr, nguwaosi jalmi sanès utawi ngakeni kang ndunungi pribumi dados nagari ingkang misah, ngantos dumugi pembantaian ètnis (genocide). Limrahipun saben aksi militèr déning satunggiling nagari lajeng dipunlawan déning satunggal utawi langkung nagari sanèsipun. Pramila, sasaran ingkang pokok saking sawenèh nagari dados nomer kalih tinimbang sasaran ingkang langkung nyereg inggih punika ngicalaken kakuwatan mengsah. Bab punika saged dipunayahi kanthi cara ngepung, ngancuraken wonten ing palagan, ndamel mengsah supados mlajeng utawi takluk, utawi ngancuraken mengsah kanthi cara ingkang boten langsung sepertos nyebaraken lelara utawi keluwèn.

Panyebab Perang

[besut | besut sumber]

"Penyebab utawi sumber perang ingkang paling kondhang inggih punika pulitik... perang punika namung kalajengan saking pulitik, namung katambah déning cara-cara sanèsipun."-Carl von Clausewitz, Vom Kriege (On War)

Motivasi dhasar, tangtos, inggih kasadyan ngayahi perang, nanging motivasi saged dipunpérang kanthi spesifik. Motivasi kanggé perang mbok manawi bènten kanggé pihak ingkang mréntahaken perang kaliyan ingkang ngayahi perang. Satunggiling nagari ingkang badhé ngayahi perang kedah gadhah panjurung kapemimpinan, panjurung militèr, sarta panjurung rakyat. Satunggiling conto, wonten ing Perang Punic ingkang kaping tiga,[5] Para pemimpin Romawi ngersaaken perang dhumateng Carthago kanggé nglumpuhaken kakiatan nagari saingan punika wau; déné militèr mbokmanawi ngersaaken badhé ngginakaken kasempatan kanggé nguwaosi lan ngancuraken kitha Carthago, nanging rakyat Romawi saged mangertos lan ngidinaken perang kanthi angkah ingkang bènten inggih punika kanggé ngicalaken budaya populèr tiyang Carthago, ingkang kabaripun remen ngurbanaken laré alit. Amargi kathah tiyang ingkang ndhèrèk sarujuk, perang saged njalari pangurbanan jiwa raga, sanajan saking motivasi ingkang bènten-bènten. Rupi-rupi téyori bab jalaran perang, antawisipun:

Téyori Sajarah

[besut | besut sumber]

Para ahli sajarah radi kirang remen dhateng alasan ingkang rèmèh tumraping perang. A.J.P. Taylor njelasaken yèn perang punika kados déné kacilakan lalu lintas. Ing ngriku tansah wonten kondhisi lan situasi ingkang njalari, nanging boten wonten cara kanggé mgramalaken wonten pundi lan mbénjang menapa badhé kadadosan. Para ahli ngèlmu Sosial ngritik andharan punika, kanthi alasan yèn sadèrèngipun perang para pemimpin kanthi sadhar sampun ndamel kaputusan, pramila boten saged dipunwastani murni kacilakan. Sawenèh tiyang mbokmanawi saged mikantukaken pola ingkang sakedhikipun gadhah kahandhalan utawi reliabilitas, nanging amargi perang punika wujud maksad kolèktif saking jalmi kathah, tangtos angèl sanget kanggé ndamel sistem ramalan ingkang komplit lan murakabi.

Téyori Psikologi

[besut | besut sumber]

Ahli Psikologi kados E.F.M. Durban lan John Bowlby mbantah yèn manungsa punika marisi dhasar kejem. Sementawis kekejeman punika dipunpendhem ing salebetipun masarakat normal, kadhangkawis kedah muncul inggih punika nalika perang. Kanyatan punika sinarengan kaliyan tandha-tandha sanèsipun kados ta displacement, inggih punika nalika tiyang nyaluraken keluhanipun awujud bias lan kabencèn utawi (hatred) dhumateng sukubangsa, nagari utawi ideologi sanès. Sementawis téyori punika gadhah andharan tumrap panyebabing perang, nanging boten saged nerangaken wonten pundi lan mbénjang manawa perang badhé kadadosan. Minangka tambahan, téyori punika nimbulaken pitakèn kéngin menapa kala-kala mangsa damé ingkang lami lan kala sanèsipun mangsa perang ingkang boten rampung-rampung. Ugi téyori punika boten saged nerangaken kadospundi satunggiling budaya manungsa saged ical ing salebeting perang.[6]

Toeri Antropologi

[besut | besut sumber]

Sawetawis Ahli Antropologi gadhah pandhangan ingkang bènten sanget bab perang. Para ahli punika nyimpulaken manawi perang punika dhasaripun saking budaya, ingkang dipunsinaoni kanthi prabawa nurture tinimbang alami (nature). Pramila punika bilih masarakat saged dipunreformasi, perang saged ical. Miturut aliran punika katampinipun perang kanthi alasan agami, ideologi lan Nasionalisme.

Téyori Sosiologi

[besut | besut sumber]

Ngèlmu Sosiologi sampun dangu migatèkaken bab asal-usulipun perang, lan pinten-pinten èwu téyori sampun tuwuh, lan kathah ugi ingkang boten sarujuk satunggal téyori lan téyori sanèsipun.Ngèlmu Sosiologi mérang bab perang dados sawatawis téyori. Sepindhah, téyori Primat der Innenpulitik (Primacy of Domestic Politics) ingkang dhedhasar karya Eckart Kehr lan Hans-Ulrich Wehler, mratélaaken yèn perang punika kasil saking kondhisi domestik, kanthi sasaran agrèsi ingkang dipuntamtoaken déning kanyatan internasional. Pramila, Perang Donya I punika boten produk cecongkrahan internasional, prajanjèn rahasia, utawi kasaimbangan kekiatan nanging produk saking situasi ékonomi, situasi sosial, lan situasi pulitik salebeting saben nagari ingkang tumut perang. Andharan punika bènten kaliyan andharan tradhisional Primat der Außenpulitik (Primacy of Foreign Politics) saking Carl von Clausewitz lan Leopold von Ranke ingkang mbantah yèn punika kaputusan saking para kepala nagari lan situasi geopulitik ingkang nuwuhaken perang.

Téyori Dhémografi

[besut | besut sumber]

Téyori Dhémografi saged dipunkempalaken dhumateng kalih kelas, inggih punika téyori Malthusian lan téyori ''youth bulge''.

Téyori Malthusian ningal satunggiling proporsi ingkang lepat tumrap tuwuhing kang ndunungi lan kirangipun dhaharan minangka jalaran konflik ingkang kejem. Déné téyori Youth Bulge radi bènten, inggih punika bab proporsi ingkang lepat antawis cacahing pemudha ingkang gadhah pendhidhikan inggil, lan cacahing kalenggahan wonten ing masarakat minangka sumber utami rupi-rupi kakerasan sosial kalebet ugi perang. Miturut téyori punika: "tiyang badhé ngemis kanggé dhaharan, naging manawi kanggé posisi utawi kalenggahan badhé némbak."

Téyori Ilmu Pulitik

[besut | besut sumber]

Analisis statistik perang dipunwiwiti déning Lewis Fry Richardson nalka Perang Donya I. Database ingkang langkun anyar sanèsipun bab perang lan konflik senjata sampun dipunsusun déning Proyek Correlates of War, Peter Brecke lan Uppsala Department of Peace and Conflict Research.

Wonten rupi-rupi andharan miturut.téyori gayutan internasional. Pedhukung téyori realisme boten sarujuk yèn motivasi nagari inggih punika madosi kaamanan kanggé survival utawi supados tetep èksis. Satunggilin andharan, kadangkawis boten sarujuk dhateng pandhangan kaum realis, bab kathahing bukyos empiris kanggé njurung klaim yèn nagari ingkang dhémokratis boten badhé perang kaliyan sesaminipun, punika satunggiling andharan ingkang katelah democratic peace theory. Faktor sanèsipun ingkang kalebet inggih punika kawontenan bènten tumrap moral lan kapercayan agami, boten sarujuk ing babagan ékonomi lan dagang, mroklamasèkaken kamardhikan lan sanès sanèsipun. Téyori utami sanèsipun ingkang megepokan kaliyan Kakuasaan ing Hubungan Internasional lan machtpulitik inggih punika Téyori Transisi Kakuasaan, ingkang mérang donya dados sawatawis hirarki lan nerangaken yèn perang punika minangka siklus destabilisasi saking hegemoni kakuatan ageng.

Jinis Perang lan Paperangan

[besut | besut sumber]

Déning Panyebab

[besut | besut sumber]
Jinis Conto
Ngrebut Pecheneg lan Cuman raid ka Rus ing abad ka 9–abad ka13
Agresif Perang Alexander Agung ing 323323 BC
Kolonial Perang Cina-Perancis
Pambebasan Perang Algeria
Religius Crusades
Dinastik Perang Suksesi ing Spanyol
Dhagang Perang Candhu
Revolusionèr Perang Revolusi Perancis
Gerilya Perang Ujung
Perang Sedhèrèk Perang sedhèrèk ing Spanyol
Pamisahan Dhiri Perang sedhèrèk ing Amérika

Perang Lingkungan

[besut | besut sumber]

Lingkungan ing satunggiling perang gadhah prabawa ingkang ageng tumrap jinins perang, kalebet jinis médhan perang. Prmila prajurit kedah dipunlatih wonten ing rupi-rupi medhan perang, ing antawisipun:

Pratélan Perang miturut kurban

[besut | besut sumber]

Angangka angka kalebet kurban sipil saking lelara, kelaparan, lan sanèsipun ugi bala ingkang ggugur wonten palagan.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "War Before Civilization - Lawrence H. Keeley". Diarsip saka sing asli ing 2008-05-14. Dibukak ing 2007-10-16.
  2. "Review: War Before Civilization". Diarsip saka sing asli ing 2010-11-21. Dibukak ing 2007-10-16.
  3. War before Civilization: The Myth of the Peaceful Savage
  4. "Gene Expression: Primitive Warfare". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-11. Dibukak ing 2007-10-16.
  5. Punic Wars
  6. Turnbull, Colin (1987), "The Forest People" (Touchstonbe Books)
  7. Wallinsky, David: David Wallechinsky's Twentieth Century: History With the Boring Parts Left Out, Little Brown & Co., 1996, ISBN 0-316-92056-8, ISBN 978-0-316-92056-8-cited by White
  8. Brzezinski, Zbigniew: Out of Control: Global Turmoil on the Eve of the Twenty-first Century, Prentice Hall & IBD, 1994, ASIN B000O8PVJI-cited by White
  9. Ping-ti Ho, "An Estimate of the Total Population of Sung-Chin Cina", in Études Song, Series 1, No 1, (1970) pp. 33-53.
  10. Mongol Conquests
  11. The world's worst massacres Whole Earth Review
  12. Battuta's Travels: Part Three - Pèrsi and Iraq
  13. McFarlane, Alan: The Savage Wars of Peace: England, Japan and the Malthusian Trap, Blackwell 2003, ISBN 0-631-18117-2, ISBN 978-0-631-18117-0-cited by White
  14. Taiping Rebellion - Britannica Concise
  15. Nuclear Power: The End of the War Against Japan
  16. Timur Lenk (1369-1405)
  17. Matthew's White's website (a compilation of scholarly estimates)-Miscellaneous Oriental Atrocities
  18. Russian Civil War
  19. Oromo Identity
  20. "Glories and Agonies of the Ethiopian past". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-14. Dibukak ing 2007-10-16.
  21. "Inside Congo, An Unspeakable Toll". Diarsip saka sing asli ing 2008-12-20. Dibukak ing 2007-10-16.
  22. The Thirty Years War (1618-48)
  23. Cease-fire agreement marks the end of the Korean War on July 27, 1953.
  24. Huguenot Religious Wars, Catholic vs. Huguenot (1562-1598)
  25. Shaka: Zulu Chieftain
  26. Matthew White's Death Tolls for the Major Wars and Atrocities of the Twentieth Century
  27. Jones, Geo H., Vol. 23 No. 5, pp. 254
  28. The Deadliest War
  29. Clodfelter, cited by White
  30. Urlanis, cited by White
  31. Northern War (1700-21)
  32. Albigensian Crusade (1208-49)
  33. Peasants' War, Germany (1524-25)

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Angelo Codevilla and Paul Seabury, War: Ends and Means (Potomac Books, Revised second edition by Angelo Codevilla, 2006) ISBN X
  • Angelo M. Codevilla, No Victory, No Peace (Rowman and Littlefield, 2005) ISBN
  • Fry, Douglas P., 2005, The Human Potential for Peace: An Anthropological Challenge to Assumptions about War and Violence, Oxford University Press.
  • Gat, Azar 2006 War in Human Civilization, Oxford University Press.
  • Gunnar Heinsohn, Söhne und Weltmacht: Terror im Aufstieg und Fall der Nationen ("Sons and Imperial Power: Terror and the Rise and Fall of Nations"), Orell Füssli (September 2003), ISBN, available online as free download (in German)
  • Fabio Maniscalco, (2007). World Heritage and War-monographic series "Mediterraneum", vol. VI. Massa, Naples. ISBN.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)
  • Kelly, Raymond C., 2000, Warless Societies and the Origin of War, University of Michigan Press.
  • Small, Melvin & Singer, David J. (1982). Resort to Arms: International and Civil Wars,. Sage Publications. ISBN.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  • Otterbein, Keith, 2004, How War Began. Texas A&M University Press.
  • Turchin, P. 2005. War and Peace and War: Life Cycles of Imperial Nations. New York, NY: Pi Press. ISBN
  • Van Creveld, Martin The Art of War: War and Military Thought London: Cassell, Wellington House
  • Fornari, Franco (1974). The Psychoanalysis of War. Tr. Alenka Pfeifer. Garden City, New York: Doubleday Anchor Press. ISBN: . Reprinted (1975) Bloomington: Indiana University Press. ISBN
  • Keeley, Lawrence. War Before Civilization, Oxford University Press, 1996.
  • Zimmerman, L. The Crow Creek Site Massacre: A Preliminary Report, US Army Corps of Engineers, Omaha District, 1981.
  • Chagnon, N. The Yanomamo, Holt, Rinehart & Winston,1983.
  • Pauketat, Timothy. North American Archaeology 2005. Blackwell Publishing.
  • Wade, Nicholas. Before the Dawn, Penguin: New York 2006.
  • Rafael Karsten, Blood revenge, war, and victory feasts among the Jibaro Indians of eastern Ecuador (1923).
  • S. A. LeBlanc, Prehistoric Warfare in the American Southwest, University of Utah Press (1999).

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Pratélan

[besut | besut sumber]

Dhasar Pangetahuan Militer

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

-

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.