Perang Viètnam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Perang Vietnam)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Perang Viètnam
Péranganing Perang Dingin
Titimangsa1957 – April 30, 1975
PernahAsia Kidul-Wétan
Asil Kamenangan kolosal Républik Dhémokratik Viètnam
Owah-owahan
laladan
Manunggalé Viètnam.
Péhak kang perang

Flag of South Vietnam.svg Républik Viètnam
 Amérika Sarékat
Bendera_Koréa Kidul Koréa Kidul
Bendera_Thailand Thailand
 Ostrali
Bendera_Selandia Baru Selandia Baru


Bendera_Filipina Filipina
Flag of Vietnam.svg Républik Dhémokratik Viètnam
FNL Flag.svg Front Nasional Kamardikan Viètnam Kidul
Bendera_Republik Rakyat Cina Republik Rakyat Cina
Bendera_Korea Utara Korea Utara
Kakuwatan
~1.200.000 (1968) ~520.000 (1968)
Kurban
Flag of South Vietnam.svg RV
mati: 230.000
cidra: 300.000
 Amérika Sarékat
mati: 58.209
cidra: 153.303
Bendera_Koréa Kidul Koréa Kidul
mati: 5.000
cidra: 11.000
 Ostrali
mati: 520
Flag of Vietnam.svg FNL Flag.svg RDV/FNKV
mati: 600.000
cidra: 600.000
Bendera_Republik Rakyat Cina Republik Rakyat Cina
mati: 1.100
cidra: 4.200
Sipil (warga Viètnam): 1.000.000

Perang Viètnam, uga karan Perang Indochina Kapindho, ya iku perang kang dumadi antarané taun 1957 lan taun 1975 ing Viètnam. Perang iki wujud péranganing Perang Dingin.

Rong kubu kang perang ya iku Républik Viètnam (Viètnam Kidul) lan Républik Dhémokratik Viètnam (Viètnam Lor). Amérika Sarékat, Koréa Kidul, Thailand, Australia, Niu Selan lan Filipina sekuton kaliyan Viètnam Kidul, éwadéné USSR lan Tiongkok njurung Viètnam Lor kang wujud nagara kuminis.

Cacahing kurban kang mati diprakiraaké 280.000 ing pihak Kidul lan 1.000.000 ing pihak Lor.

Perang iki njalari eksodus gedhé-gedhéan warga Viètnam nuju nagara liya, mligi Amérika Sarékat, Australia lan nagara-nagara Kulon liyané, saéngga ing nagara-nagara mau bisa tinemu komunitas Viètnam kang cukup gedhé.

Sawisé perang iki rampung, kaloro Viètnam mau manunggal taun 1976.

Salah siji kurban paling misuwur saka Perang Viètnam ya iku Kim Phuc

Latar wuri[besut | besut sumber]

Viètnam dijajah déning Tiongkok wiwit taun 110 SM nganti mardika taun 938. Sawisé bébas saka wewengkon panjajahan Tiongkok, Viètnam ora mandheg nentang serangan pihak asing.

Ing abad kaping 19, Viètnam dadi wewengkon jajahan Prancis. Prancis nguwasani Viètnam sawisé nglakoni sapérangan perang kolonial ing Indochina wiwit saka taun 1840-an. Ekspansi kakuwasaan Prancis amarga pepénginan kanggo nyaingi kabangkitan Britania Raya lan kabutuhan kanggo ngèntuki asil bumi kaya bumbon crakèn kanggo nggerakaké indhustri ing Prancis kanggo nyaingi panguwasan indhustri Britania Raya.

Samngsa pamaréntahan Prancis, golongan rakyat Viètnam diobong semangat nasionalisme lan péngin kamardikan saka Prancis. Sapérangan pambrontakan dilakokaké déning akèh golongan-golongan nasionalis, nanging upaya iku gagal. Ing taun 1919, samangsa Prajanjèn Versailles dirundhingaké, Ho Chi Minh njaluk bebarengan nggawé perundhingan supaya Viètnam bisa mardika. Panjalukké ditolak lan Viètnam sarta kabèh Indochina terus dadi jajahan Prancis.

Golongan Viet Minh pungkasané olèh panyengkuyung populér lan kasil ngusir Prancis saka Viètnam. Sakwéné Perang Donya II, Viètnam dikuwasani déning Jepang. Pamaréntah Prancis Vichy bekerjasama kaliyan Jepang lan ngeteraké bala nuju Indochina minangka wadyabala kang kuwasa kanthi de facto ing kawasan mau. Pamaréntah Perancis Vichy tetep nglakokaké pamaréntahan kaya biyasa nganti taun 1944 nalika Perancis Vichy tiba sawisé bala sekuthu naklukaké Prancis lan jendral Charles de Gaulle diangkat minangka pamimpin Prancis.

Sawisé pamaréntah Perancis Vichy ambruk, pamaréntah Jepang nggalakaké kebangkitan perobahan nasionalis ing kalangan rakyat Viètnam. Ing pungkasané Perang Donya II, Viètnam diwènèhi kamardikan déning pihak Jepang. Ho Chí Minh bali manèh ing Viètnam kanggé mbébasaken nagarané supaya ora dijajah déning kakuwasaan asing. Panjenengané nampa bantuan golongan OSS (kang bakal malih dadi CIA mengkoné).

Ing pungkasané Perang Dunia II, perobahan Viet Minh sangisoré pimpinan Ho Chí Minh kasil mbébaskan Viètnam saka tangan panjajah, nanging mangsané mung singkat. Pihak Jepang nyekel pamaréntah Prancis lan mènèhi Viètnam sawijining wujud “kamardikan” minangka sabagéan saka rancangan Jepang kanggo "mbébasaké" bumi Asia saka panjajahan kulon. Akèh yasan dipasrahaké dhateng golongan-golongan nasionalis. Nalika Prancis nyoba ngrebut manèh kakuwasan sawisé Jepang takluk, Prancis dilawan déning wadyabala Viètnam ya iku Vietminh. Vietminh diadegaké ing taun 1941 déning parté kuminis lan dibawahi Hồ Chí Minh. Ing sasi Juli 1954, Prancis lan Vietminh napak astani Pasetujon damai Jenewa. Vietminh dadi pamaréntah Viètnam Lor lan golongan Viètnam kang anti kuminis, mligi kaum katulik, "nglompok" ing kidul dibawahi Bao Dai, tilas kaisar Viètnam kang wis dicopot ing taun 1945.

Amérika Sarékat njurung pamaréntahan anti-kuminis ing Viètnam Kidul, lan wiwit ngirim penasihat militèr kanggo mbiyantu nglatih lan njurung wadyabala Viètnam Kidul. Viètnam Kidul wiwit merangi Viet Cong ing taun 1957. Ing taun1959, Viètnam Lor kanthi gedhèn-gedhènan mbantu Vietcong, lan wiwit nyerang ékan-ékan militèr Viètnam Kidul.

Sapérangan prastawa[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]