Perang Candhu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Perang Candhu, Perang Opium (Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:No globals' not found.), uga diarani Perang Anglo-Cina, kang kadadéan ing taun 1839 - 1842 lan 1856 - 1860[1] minangka kadadéan ribut perkara dhagang antarané Cina nalika Dinasti Qing musuh Karajan Manunggal Raya. Wiwitané opium kang dikirim saka India menyang Cina déning Karajan Manunggal gawé perkara déning pamaréntah Cina kang ngedegaké ukum perkara usada.

Cina kalah ing perang iki, kadadéan iki kang ndadèkaké anané Perjanjèn Nanjing lan Perjanjèn Tianjin. Saka perang iki ndadèkaké Hong Kong dikuwasani déning Karajan Manunggal Raya.

Wiwit Macartney teka, dol tinuku kain sutra lan tèh déning Inggris saka Tingkok dibayar nganggo opium saka India. Amarga saka iku ing Tiongkok akèh wong kang seneng candhu, ing Tiongkok wong kang wis seneng candhu mundhak akèh. Banujur Tiongkok nekake candu saka Inggris. Ing wektu iku suwéné 40 taun nekake candhu wiwité 1000 kothak dadi 40.000 kothak. Amarga opium iki, nagara dirugèkaké kanthi rong cara, sing pisanan kanthi cara mudhunaké SDM lan gawé sugihé bangsa kulon. Nalika wong sing wis seneng candhu nganti taun 1830-an nganti 10 yuta wong, mangka Kaisar Daoguang ngutus Lin Zexu (1785 ¡V 1850) supaya bisa ngurangi babagan candhu iku. Banjur Lin ngobong candhu saka Inggris. Ing kana candhu uga diijoli nganggo dhuwek pérak 10 tael lan teh 1 bal kango sa pethi candu. Lin uga wis tau gawé surat menyang Ratu Inggris supaya ngendhekake anggoné ngirim candhu ing Tiongkok saka EIC (East India Company). Banjur Inggris ora sarujuk banjur perang karo Tiongkok. Banjur ana perang iku diarani perang Candhu.[2]

Sebab musababe Perang Candhu[besut | besut sumber]

Sasuwene pirang-pirang abad, wong Cina ora duwé gegayutan karo nagara utawa dunia manca. Akèh pedhagang manca Éropah kang kepéngin dhagang karo Cina utamanae amarga sutera lan porselen misuwur banget ing Éropah. Ananging, pamarentah Cina mung ngijinake dhagang ing siji pelabuhan, ya iku ing Goungzhou (Kanton). Kanggo ngakali masalah iki, wong kang dodol candhu saka manca wiwit nyelundhupake candhu marang nagara Cina, saéngga padunung Cina kepeksa ngadol piranti-piranti larang ("berharga") kanggo dilintu karo candhu. Pamarentah Cina ngusahakake praktik iki. Taun 1839, punggawa Cina ing pamarentahane komisioner Dhuwur Cina ing Goungzhou, Lim Tse shu, nekani gudhang-gudhang Inggris banjur nyita lan mbakar 20.000 peti candhu.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Hanes, William Travis; Frank Sanello (2002). Opium Wars: The Addiction of One Empire and the Corruption of Another. k. 3.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  2. ^ www.mail-archive.com