Sutra
Sutra wujud serat protéin alami kang bisa ditenun dadi tèkstil. Jinis sutra kang paling umum ya iku sutra saka kepompong kang diasilaké larva uler sutra murbei (Bombyx mori) kang diternak (paternakan uler iku diarani serikultur). Sutra duwé tèkstur mulus, lembut, nanging tidak licin. Rupa meling-meling kang dadi daya tarik sutra asalé saka struktur kaya prisma segi tiga sajeroning serat mau kang gawé kain sutra bisa mbiasaké cahya saka manéka pojok.
"Sutra alasan" diasilaké déning uler saliyané uler sutra murbei lan bisa uga diolah. Manéka sutra alasan ditepungi lan digunakaké ing Cina, Asia Kidul, lan Éropah wiwit biyèn, nanging skala prodhuksiné mesthi adoh luwih cilik tinimbang sutra ternakan. Sutra alasan béda saka sutra ternakan saka sisih warna lan tèkstur, sarta kepompong alasan kang diklumpukaké lumrahé wis dirusak déning ngengat kang metu sadurungé kepompong mau dijupuk, saéngga bolah sutra kang mbentuk kepompong iku wis pedhot dadi cendhak. Uler sutra ternakan dipatèni kanthi diclup menyang banyu umub sadurungé metuné ngengat diwasa, utawa dicoblos nganggo dom, saéngga kabèh kepompong bisa diurai dadi sahelai bolah kang ora pedhot. Iki marakaké sutra bisa ditenun dadi kain kang luwih kuwat. Sutra alasan lumrahé uga luwih angèl diclup warna tinimbang sutra ternakan.
Sutra uga diasilaké déning sapérangan jinis gegremet liya, nanging mung jinis sutra saka uler sutra kang gawé tèkstil. Tau uga dilakokaké kajiyan tumrap sutra-sutra liya kang ngétokaké prabédan saka aspèk molekul. Sutra diasilaké mligi déning larva gegremet kang ngalami metamorfosis jangkep, nanging uga diasilaké déning sapérangan gegremet diwasa kaya déné Embioptera. Prodhuksi sutra uga kerep ditemoni mligi ing gegremet ordho hymenoptera (lebah, tabuhan, lan semut), lan sok-sok minangka gawé susuh. Jinis-jinis arthropoda kang liya uga ngasilaké sutra, mligi arachnida kaya déné laba-laba.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Silk. |