Arachnida
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
| Arachnida | |
|---|---|
| "Arachnida" | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Chelicerata |
| Klas: | Arachnida Cuvier, 1812 |
| Acarina Amblypygi Araneae Opiliones Palpigradi Pseudoscorpionida Ricinulei Schizomida Scorpiones Solifugae | |
Arachnida yaiku salah sawijiné kelas kéwan invertebrata Arthropoda subfilum Chelicerata.[1] Tuladha saka Arachnida yaiku mangga , kalajengking, lan tungau.[1] Luwih saka 75.000 spésies Arachnida kang bisa tinemu déning para èlmuwan yaiku jinis mangga.[2] Arachnida kalebu kéwan karnivora amarga racaké mangsa gegremet lan terestial kang urip ing dharat.[2]
Ciri-ciri
[besut | besut sumber]Padatan, Arachnida kalebu kéwan kang urip ing dharatan. Nanging, uga ana kang urip ing sagara.[1] Awaké kawangun saka sefalotoraks, abdomen, lan 4 pasang sikil.[1] Arachnidéa duwé mripat tunggal, awaké berbuku lan bisa dibédakaké jinis lanang lan jinis wadon.[1] Kéwan iki ora nduwé antena lan mandibula.[1]
Sistem pencernaan Arachnidaé kawangun saka lambé, tenggorokan, lambung, usus alus, anus, lan klanjer racun kanggo matèni mangsané.[1] Rèspirasi Arachnida nganggo paru-paru buku lan trakéa.[1] Sistem èkskrèsiné kanthi saluran Malphigi lan sistem sarafé yaiku sistem saraf tangga tali, déné fertilisasiné kanthi cara internal lan ora ngalami metamorfosis.[1] Reprodhuksi Arachnida kadadèn kanthi cara sèksual, yaiku nyawijiné ovum lan spèrma ing jero awak kéwan wadon.[3] Kéwan lanang lan wadon kapisah kang diarani diesis.[3]
Klasifikasi
[besut | besut sumber]Arachnida kapérang dadi telung ordho, yaiku Arachnoidea, Scorpionida, lan Acarina.[4]
Arachnoidea
[besut | besut sumber]Tuladha kéwan kang kalebu ordho Arachnoidea yaiku:
Scorpionida
[besut | besut sumber]Kéwan iki nduwé weteng wujudé ros-ros lan ing ros kang pungkasan malih dadi piranti kanggo mbéla dhiri.[5] Tuladhané yaiku:
- Kalajengking (Vejovis sp, Hadrurus sp, Centrurus sp) [5]
- Tonggeng (Buthus) [5]
Acarina
[besut | besut sumber]Tuladahané yaiku:
- Caplak kudis (Sacroptes scabiei) [5]
- Caplak unggas (Dermanyssus) [5]
- Caplak sapi (Boophilus annulatus) [5]
- Tungau (Dermacentor sp.) [5]
Deleng uga
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo
- 1 2 Arachnida(diundhuh 14 Oktober 2012)
- 1 2 Klasifikasi Arachnida(diundhuh 14 Oktober 2012)
- ↑ Ciri dan Klasifikasi Arachnida Archived 2012-10-21 at the Wayback Machine.(diundhuh 14 Oktober 2012)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 Arachnoidea, Scorpionida, Acarina[pranala mati permanèn](diundhuh 17 Oktober 2012)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
