Menyang kontèn

Kalajengking

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kalajengking
Kalajengking alas Asia (Heterometrus spinifer) ing TN Khao Yai, Thailand.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Chelicerata
Klas: Arachnida
Subklas: Dromopoda
Ordho: Scorpiones
C. L. Koch, 1837
Superfamilia
Pseudochactoidea
Buthoidea
Chaeriloidea
Chactoidea
Iuroidea
Scorpionoidea

Deleng uga teks.

Kala Androctonus crassicauda

Kalajengking yaiku kelompok kéwan mawa ros duwé wulu sikil (oktopoda) kang kagolong ing ordho Scorpiones saka kelas Arachnida. Kalajengking isih kalebu sadulur karo ketonggèng, kalamangga (mangga), tungau, lan caplak. Kurang luwih ana 2000 rupa kalajengking. Uripé akèh tinemu ing tlatah kidul saka 49° U, lan ora bisa urip ana ing tlatah Niu Selan lan Antarktika.

Ciri-ciriné kalajengking

[besut | besut sumber]

Awaké kalajengking dipérang dadi rong sègmèn: cephalothorax lan abdomen. Abdomèn kagolong saka mesosoma lan metasoma.

Upas (racun) kalajengking

[besut | besut sumber]

Kabèh spésies kalajengking duwé upas. Karana kalajengking kagolong ana ing neurotoksin (racun saraf). Kang ora kalebu yaiku Hemiscorpius lepturus amarga duwé upas sitotoksik (racun sèl). Neurotoksin kagolong protéin cilik lan uga natrium lan kalium, gunané kanggo ngrusak lakuné syaraf mangsané kang dientup. Kalajengking migunakaké upas kanggo matèni utawa nglemesaké mangsané supaya bisa rikat dipangan.

Upas kalajengking gunané kanggo artropoda liyané, lan ana uga kalajengking kang ora mbebayani kanggo manungsa; entupé mung ngasilaké rasa kemeng (kaya ta rasa lara, lan abuh. Naging ana salah siji kalajengking, ing kulawarga Buthidae kagolong mbebayani kanggo manungsa. Salah sijiné kang mbebayani yaiku Leiurus quinquestriatus, lan keturunan saka Parabuthus, Tityus, Centruroides, sarta kang utama Androctonus. Kalajengking kang paling mbebayani yaiku njalari patiné manungsa kaya ta jinis Androctonus australis.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]