Chelicerata

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Chelicarata

Chelicerata inggih punika salah satunggaling subfilum saking kéwan avertebrata ingkang kalebet ing filum Rrthropoda.[1] Subfilum Chelicerata kawangun saking arachnida (mangga lan kalajengking), eurypterids ingkang sampun cures, kaliyan kepiting tapal jaran ingkang taksih dianggep dados fosil ingkang gesang.[1]

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

  1. Anggadhahi piranti tutuk wujud chelicerata ingkang kawangun saking kalih segmen[2]
  2. Padatanipun gadhah suku ingkang gunggungipun wolu[2]
  3. Tuladha kéwan saking subfilum chelicerata inggih punika mangga, kalajengking, mimi, lan mintuno[2]
  4. Boten gadhah rahang kaliyan antena[3]
  5. Ambegan kanthi cara angsang buku, paru-paru buku, utawi trakea[3]

Sapunika gunggungipun jinis ingkang kawentar taksih gesang lan sampun dipuntemkaken langkung saking 10.000 jinis lan ugi ingkang sampun diparingi nama.[4] Kalebet ing salebetipun jinis ingkang mega-diverse sanget inggih menka Acari lan mangga (Araneae) ingkang sansaya dangu gunggungipun temonan jinis énggal mindhak terus kanthi rikat.[4] sapunika sampun dipuntepangi wonten watawis 2000 jinis fosil Chelicerata lan amèh langkung saking 3/4 gunggungipun inggih punika golongan saking Arachnida.[4]

Fosil[besut | besut sumber]

Fosil-fosil ingkang pinanggih ing sawatawis panggénan migunani sanget kanggé mangertosi umur paling sepuh saking golongan takson satunggal ing golongan Chelicerata, utawi mawi cara wiyaripun sadaya makluk gesang ing bumi punika.[5]

Tuladhanipun, fosil kalajengking pinanggih watawis 430 yuta taun kepengker sanadyan temonan punika saged langkung sepuh saking ingkang dimangertosi sapunika. Saking kasil temonan fosil ing satunggal lapisan tartamtu, saged pikantuk informasi umur saking trah golongan kasebat utawi umur kanca celakipun. Boten mangertos takson gadhah umur langkung enèm utawi sabotenipun sami sepuhipun kaliyan golongan takson ingkang dimangertosi fosilipun wau.[5]

Kanthi studi filogèni ingkang ngrembaka sapunika molekuler utawi pendekatan tradhisional lumantar morfologi, saged ditindakaké satunggaling pendekatan superimposed ing wit filogèni ingkang dipunkasilaken. Saking kasil punika dèrèng saged dimangertosi fosil. Kasil saking kombinasi wit evolusi kaliyan cathetan fosil saged dipun-ginakaken minangka metode kalibrasi molekuler clock ingkang kathah dipun-ginakaken ing pendekatan molekuler. Kajawi minangka piranti kalibrasi, saking kombinasi punika saged dipun-ginakaken kanggé ngira-ngira divergence time kang dikasilaké saka penandha molekuler. Sanadyan kados makaten, pertentangan antawisipun kasil temonan fosil ing satunggaling lapisan stratigrafi lan kasil panggénan takson ing wit filogèni boten saged diindhari.[5]

Minangka tuladhanipun, kalajengking ingkang minangka salah satunggaling takson ingkang paling sepuh ingkang naté pinanggih tanpa rangu-rangu. Ing sawatawis studi ngengingi evolusi Chelicerata, kalajengking inggih punika takson dhasar ingkang paling primitif kaliyan moyang saking sadaya trah ingkang wonten ing golongan Chelicerata. Nanging ing kajian ingkang bènten, golongan kalajengking ingkang dipunyakini minangka golongan paling sepuh malah dados golongan ingkang luwih majeng. Pertentangan kasil kados punika ingkang taksh kathah pinanggih, saéngga kedah kathah panalitiyan babagan data-data ingkang saged ngrampungaken masalah wau.[5]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Chelicerata(diundhuh 28 Oktober 2012)
  2. a b c Ciri-ciri Chelicerata(dipunundhuh 28 Oktober 2012)
  3. a b Ciri Chelicerata(dipunundhuh 29 Oktober 2012)
  4. a b c D. A. Pratiwi, Sri Maryati, Srikini, Suharno, Bambang S. (2007). BIOLOGI SMA Jilid 1 untuk Kelas X Berdasarkan Standar Isi 2006. Jakarta: Penerbit Erlangga. ISBN 979-781-726-1. {{cite book}}: Check |authorlink= value (pitulung); External link in |authorlink= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  5. a b c d Biotagua.org Sejarah géologi Chelicerata. Diundhuh 19 Fèbruari 2011