Taenia (cacing pita)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Taenia (cacing pita)
Taenia
Skoleks Taenia solium
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Platyhelminthes
kelas: Cestoda
ordo: Cyclophyllidea
kulawarga: Taeniidae
Genus: Taenia
Linnaeus, 1758
Spesies

Taenia crassiceps
Taenia pisiformis
Taenia saginata
Taenia solium
Taenia asiatica
Taenia taeniaeformis

Taenia inggih menika salah satunggaling kewan jinis cacing saking marga cacing pita ingkang kalebèt Kerajaan Animalia, Filum Platyhelminthes, Kelas Cestoda, Bangsa Cyclophyllidea, Suku Taeniidae. [1] Jinis sanesipun kawentar dados parasit vertebrata ingkang sagèd ndamel lelara utawa nginfeksi manungsa, babi, sapi, lan kebo. [1]

Bentenipun jinis utawi spesies[sunting | sunting sumber]

Segmen Awaké cacingTaenia solium

Wonten tigang spesies ingkang kedhah dipunmangertosi saking jinising cacing pita Taenia, inggih menika Taenia solium, Taenia saginata, kaliyan jinis Taenia asiatica. [2][3] Tingang spesies cacing pita niki dipunpitadosi dados kewan kang kedhah dipun mangertosi amargi saged damel manungsa sami lelara, lelara menika inggih menika ingkang dipunsebat taeniasis kaliyan sistiserkosis.[2]. Bentenipun antarspesies cacing pita Taenia saged dipunpirsani wonten ing Tabel 1 ngandhap.

Tabel 1. Bentenipun Taenia solium, Taenia saginata kaliyan Taenia asiatica

No. Katerangan Taenia solium [1][4] Taenia saginata [1][4] Taenia asiatica [5]
1 Inang definitif kaliyan habitat Usus alus manungsa Usus alus manungsa Usus alus manungsa
2 Inang watara Babi kaliyan manungsa Sapi (utami), wedhus, domba Babi (utami), sapi
3 Namanipun nalika tasih larva Cysticercus cellulosae Cysticercus bovis Cysticercus t.s. taiwanensis
4 Ukuranipun miturut dawa x ambanipun (3-8)x 0,01 meter (4-15) x 0,01 meter 4-8 meter
5 Gunggungipun segmen 700-1000 1000-2000 712
6 Gunggungipun tigan 30.000-50.000 wonten ing nggal segmen langkung saking 100.000 wonten ing nggal segmen

Siklus nalika Urip[sunting | sunting sumber]

Cacing pita Taenia ingkang sampun diwasa urip ing usus manungsa dados induk semang definitif. [4] Segmen awaké cacing iki bakal medal piyambak saking anus manungsa menawi sampun mateng kaliyan ngandhut tigan, ugi saged kanthi cara pasif inggih menika bebarengan kaliyan feses manungsa. [4] Menawi manungsa menika dados inang definitif, inang sawatara saking kewan meniki nggih menika (sapi kaliyan babi) menawi mboten sengaja ngeleg tigan saking kewan cacing niki, tigan menika bakal nètès embrio (onchosphere) ingkang mengké saged nembus dinding usus.[4] Embrio cacing ingkang tumut sirkulasi getih limfe bakal urip lajeng dados sistiserkosis ingkang infektif wonten ing lebètipun otot tartemtu. [4] Otot ingkang paling asring kaserang sistiserkus inggih menika otot jantung, diafragma, ilat, otot kanggé nguyah, dhaerah esofagus, gulu kaliyan otot ingkang wonten ing balung rusuk. [6]

Infeksi utawa lelara amargi Taenia dipunsebat ugi Taeniasis kaliyan Sistiserkosis.[1] Taeniasis inggih menika lelara amargi parasit cacing pita ingkang kagolong genus Taenia, saged nular saking kewan dhumateng manungsa, utawi sawalikipun.[7] Lelara taeniasis ingkang kadadosan teng manungsa meniku dipunsebabakén dening spesies Taenia solium utawi dipunkenal ugi cacing pita babi [7], ananging Taenia saginata langkung kawentar kanthi nama cacing pita sapi.[7][8]

Sistiserkosis, lelara infeksi ingkang kadadosan dhumateng manungsa meniki nyerang jaringan.[2] Ingkang damel lelara menika nuninggih larva Taenia (sistiserkus), amargi naté wonten tigan cacing Taenia solium ingkang boten sengaja dielěg (cacing pita babi). [2] Cacing pita babi saged nyebabaken sistiserkosis dening manungsa, ananging cacing pita sapi boten kados meniku. Cacing pita ingkang wonten ing sapi menika boten saged nyebabaken sistiserkosis dening manusia. [7] Ananging, kangge cacing pita jinis Taenia asiatica, para ahli dereng aged mestikaké saged mboten damel menungsa lelara sistiserkosis. [3] Terdapat dugaan bahwa Taenia asiatica merupakan penyebab sistiserkosis di Asia. [3]

Lelara taeniasis saged nyerang manungsa menawi nate dhahar daging sapi utawa babi ingkang dereng mateng uatawi satengah mateng, daging menika jebul ngandut sistiserkus, sistiserkus menika lajeng dados Taenia diwasa wonten ing lebetipun usus manungsa. [6] Benten malih kaliyan manungsa ingkang anggadhahi lelara sistiserkosis, infeksi menika saged merga ngeleg dhaharan utawi unjukan ingkang ngandhut endhog Taenia solium. [9]

Lelara niki uga saged kadhadosan amarga wonten proses infeksiipun piyambak saking individu ingkang sakit, kados muntah ananging ngeleg maneh untahanipun. [10]. Sumber panularan cacing pita Taenia dumateng manungsa inggih menika [11]

  1. Lelara taeniasis piyambak dipunsebabaken amarga kotoranipun ngandhut endhog utawi segmen saking awaké (proglotid) cacing pita.
  2. Kewan, kayata babi kaliyan sapi ingkang ngandhut larva cacing pita (sistisekus).
  3. Dhaharan, unjukan kaliyan waladan ingkang regèd amargi wonten tiganipun cacing pita.

Panyebaran[sunting | sunting sumber]

Panyebaranipun wonten ing Donya[sunting | sunting sumber]

Cacing pita Taenia kasebar teng donya. [7]. Kasus panyebaranipun langkung asring dipunngertosi wonten ing tlatah tropis amargi kathah jawah kaliyan iklimipun ingkang cocog kangge perkembanganipun parasit cacing niki. [12] Taeniasis kaliyan sistiserkosis ingkang dipunsebabaken infeksi cacing pita babi Taenia solium.[12] [13] Salah sawijining zoonosis, wonten ning dhaerah ingkang masarakatipun asring ndhahari daging babi kaliyan nggadhahi sanitasi lingkungan ingkang boten saè, kadosta tlatah Asia Tenggara, India, Afrika Selatan, kaliyan tlatah Amerika Latin. [13] Yakuwi kasus Taenia ning negara tropis bisa dideleng ning Tabel 2. Tabel 2. Kasus Infeksi Cacing Pita Taenia ning Negara Tropis

Negara Kasus
Taiwan, Cina 1.661 manungsa gerah taeniasis. [14]
Brazil 0,1-0,9 % kadadosan sistiserkosis dhumateng manungsa. [15]
Thailand 5,9% saka 1450 wong positif taeniasis. [16]
Indonésia Taeniasis/sistiserkosis dipanggihi ten Papua, Bali kaliyan tlatah Sumatera Lor. boten namung dipanggihi ten NTT, Lampung, Sulawesi Lor, Kalimantan Kulon lan Jawa Wetan. [17] [3] [9]
Laos Kadadosan lelara taeniasis ngantos 14% [18]

Salah sawijining bukti penyebaranipun infeksi Taenia wonten ing tlatah tropis meniku dipunpanggihi spesies cacing-cacing tiga wau, cacing ingkang saged penyebabaken lelara taeniasis dhumateng manungsa wonten ing negara Asia ingkang kawentar kanthi nama Taiwan Taenia utawa Asian Taenia. [19]. Asian Taenia dilapuraken sampun nate dipunpanggihi wonten ing negara-negara Asia ingkang padatanipun nggadhahi cuaca tropis kayata Indonésia, Thailand, Malaysia, Filipina, Korea kaliyan negara Cina. [20] Kini Asian Taenia disebut Taenia asiatica [21]. Kadadian T. asiatica kang sering ning Pulau Samosir, Indonésia. [17]

Sistiserkosis meniku infeksi ingkang asring dipunpanggihi teng kewan babi kaliyan manungsa tarutami wonten ing negara kang tasih berkembang. [3] Panyebaran sistiserkus teng manungsa kadadosan amargi wonten kontak watara kewan babi kaliyan feses manungsa.[4] Infeksi niki boten namung dijalarani wontenipun pameriksaan kesehatan daging nalika nyembelih, kaliyan konsumsi daging mentah utawa setengah mateng.[6] Panyebaran penyakit niki nyebar amargi Taenia saged mroduksi puluwan ngantos atusan sewu tigan nggal dintenipun, tigan ingkang bisa disebar dening toya jawah dhateng tlatah reged ngantos panggenan ingkang tebih. [4]

Panyebarané ning Indonésia[sunting | sunting sumber]

Infeksi cacing pita Taenia paling sering wonten ing Indonésia menika kadadosan ting Provinsi Papua. [22] saking Kabupaten Jayawijaya Papua, Indonésia dipunpanggihi 66,3% (106 tiyang saking 160 responden) positif lara taeniasis solium/sistiserkosis selulosae saking babi [3]. Sewetara wonten 28,3% tiyang ingkang lelara sistiserkosis ngantos katingal kaliyan saged diraba saking benjolanipun, benjolan ingkang wonten ing ngandhapipun kulit [3]. 18,6% kathahipun (30 tiyang) ingkang kena lelara sistiserkosis selulosae, sampun nate nunjukaken gejala epilepsi [3]. Saking 257 pasien ingkang gadhah lelara borok kobongan ning Papua, 82,8% kathahipun tiyang ingkang sakit epilepsi amargi wonten sistiserkosis teng otak. [3] Prevalensi sistiserkosis teng manungsa sami mawon kados prekawis ingkang dipunpretelakaken nalika pameriksan serologis masarakat.[3] Wonten ing Bali, pameriksaan menika ngantos 5,2% nganti 21%, ananging prevalensi taeniasis teng provinsi menika ngantos watara 0,4%-23%. [17] Kathahipun ngantos 13,5% (10 saking 74 tiyang) pasien ingkang nate sakit epilepsi ting Bali dipundiagnosa nggadhahi sakit sistiserkosis ting otak. [23] Prevalensi taeniasis T. asiatica ting Sumatera Utara watara 1,9%-20,7%. [17] Kasus T. asiatica ting Provinsi menika padatanipun dipunsebabaken dening konsumsi daging babi hutan ingkang boten dipun masak ngantos mateng. [17] Cacing pita Taenia saged ndamel lelara ingkang dipunsebat taeniasis kaliyan sistiserkosis. Gejala klinis paling akeh ingkang damel ngresula meniku[14]:

  • Medalipun segmen awak cacing ting feses (95%)
  • Gatel-gatel ting anus (77%)
  • Mual (46%)
  • Mumet (42%)
  • Napsu dhahar ingkang nambah kathah(30%)
  • lelara ting Sirah (26%)
  • Mencret (18%)
  • Lemes (17%)

Akibatipun dumateng Kasarasan[sunting | sunting sumber]

Sistiserkosis ting otak
Taenia saginata ning usus buntu
  • Ngerasa Ngelih (16%)
  • Sembelit (11%)
  • Awratipun mandhap (6%)
  • Kraosipun boten sekeca ting padharan (5%)
  • Lemes (4%)
  • Muntah (4%)
  • Ora napsu dhahar nalika ngelih (1%)
  • Pegel-pegel ting otot (1%)
  • Nyeri ting padharan, ngantuk, sarta kejang-kejang, gelisah, gatel-gatel ting kulit kaliyan gangguwan nalika ambegan (<1%).

Sistiserkosis menika nyebabaken gejala utawi efek ingkang macem-macem sesuai kaliyan lokasi parasit ting awak. [4] Manungsa kang kening siji nganti atusan sistiserkus ting jaringan awak kang beda-beda. [4] Sistiserkus dhmateng manungsa paling sering ditemukaken ting otak (dipunsebat neurosistiserkosis), mata, otot kaliyan lapisan andhapipun kulit [17]. Amargi lelara menika kagolong lelara ingkang paling dipunwedeni ugi mbebayani, amargi larva cacing Taenia utawi neurosistiserkosis meniku saged damel kepaten. [24] Neurosistiserkosis inggih menika infeksi sistem saraf pusat amarga sistiserkus saka larva Taenia solium. Neurosistiserkosis menika faktor risiko ingkang nyebabaken stroke saged kadadosan dening manungsa ingkang tasih enem[25], epilepsi dan kelainan pada tengkorak. [8] Sistiserkosis menika ingkang nyebabaken 1% kepaten ting rumah sakit umum ting Meksiko City lan penyebab 25% tumor otak [8].

Caranipun Ngendalikaké Cacing Pita[sunting | sunting sumber]

Carane Ngendalikaké cacing pita Taenia

Caranipun ngendalikaké cacing pita Taenia inggih menika medhotaké siklus urip saka kewan parasit niki. [8] Wonten obat cacing ingkang saged dipunagem, inggih menika Atabrin, Librax kaliyan Niclosamide [5] dan Praziquantel [17]. Ananging, kanggo ngobati sistiserkosis bisa digunakaké Albendazole lan Dexamethasone. [26] Kangge ngirangi wontenipun infeksi dening Taenia dhumateng manungsa utawi kewan dipunperlukaken paningkatan daya tahan awak. Prekawis niki saged dilakoni liwat vaksinasi maring kewan ingon, kayata babi ning dhaerah endemis taeniasis/sistiserkosis sarta paningkatan kualitas lan kacukupan gizi ning manungsa. [27] Panggonan kang resik uga perlu kanggo medhot siklus uripé Taenia amarga panggonan kang reged dadi sumber penyebarané lelara. Faktor risiko utama transmisi endhog Taenia maring babi yaiku ngingu babi sacara ekstensif, defekasi manungsa ning cedhaké manungsa ngingu babi, nganti babi mangani kotoranipun manungsa lan ngingu babi cedhak karo panggonané manungsa. [28] Prekawis ingkang sami uga kedadosan nalika transmisi endhog Taenia maring sapi. Endhog cacing iki bisa kegawa dening toya nganti tekan ing panggonan kang teles nganti endhog cacing luwih suwi urip lan nyebar tekan ngendi-ngendi. [4]

Kontrol lelara amarga Taenia ning lingkungan bisa dilakoni kanthi cara ningkataké sarana sanitasi, nyegah konsumsi daging kang terkontaminasi, nyegah kontaminasi lemah lan tinja ning panganan lan minuman. [28] Mbangun sarana sanitasi, misalé kakus lan septic tank, sarta nyediakaké banyu bersih kang diperlukaké. nyegah konsumsi daging kang terkontaminasi bisa dilakoni nalika nyembelih kewan ingon ning rumah potong hewan (RPH) ingkang diawasi dening dhokter kewan. [29]

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e S, Kusumamihardja (1992) (in Indonesia). Parasit dan Parasitosis pada Hewan Ternak Piaraan di Indonesia. Bogor: Pusat Antar Universitas Bioteknologi Institut Pertanian Bogor.
  2. ^ a b c d (en) Wandra, T., A. Ito, H. Yamasaki, T. Suroso, dan S. S. Margono. 2003. Taenia solium Cysticercosis, Irian Jaya, Indonesia. Journal of Emerging Infectious Disease 9 (7): 884-885.
  3. ^ a b c d e f g h i j Simanjuntak, Gindo Mangara. "Studi Taeniasis/Cysticercosis di Kabupaten Jayawijaya Propinsi Irian Jaya" (Pdf). Badan Litbang Kesehatan.. http://www.ekologi.litbang.depkes.go.id/data/abstrak/Gindo.pdf. Retrieved 2010-05-13.
  4. ^ a b c d e f g h i j k (id) Satrija, F. 2005. Helmintologi: Ciri Umum dan Morfologi Helminth. Bogor: Departemen Ilmu Penyakit Hewan dan Kesehatan Masyarakat Veteriner, Fakultas Kedokteran Hewan, Institut Pertanian Bogor. Hal 1-5
  5. ^ a b (id) Dharmawan, N. S. 2004. Taenia asiatica: Bentuk Ketiga Cacing Pita Taenia. Jurnal Veteriner 5 (4).
  6. ^ a b c (en) Gomes, A. B. K. A. Soares, E. C. Bueno, N. M. Espindola, A. A. Maia, R. H. Peralta, A. J. Vaz. 2007. Comparative Evaluation of Different Immunoassays for the Detection of Taenia solium Cysticercosis in Swine with Low Parasite Burden. Mem Inst Oswaldo Cruz, Rio de Jaineiro 102 (6): 725-731.
  7. ^ a b c d e (en) Grove, D. I. 1990. A History of Human Helminthology. United Kingdom: CAB International.
  8. ^ a b c d (en) Acha, P. N., dan B. Szyfres. 2003. Zoonoses and Communicable Diseases Common to Man and Animals 3rd Edition Volume III Parasitoses. Washington: Pan American Health Organization.
  9. ^ a b Suroso, T., S. S. Margono, T. Wandra, dan A. Ito. (2006). "Challenges for Control of Taeniasis/Cysticercosis in Indonesia". Parasitology International 55: 161-165. doi:10.1016/j.parint.2005.11.025.
  10. ^ (id) Arimbawa, M., I. K. Kari, dan N. S. Laksminingsih. 2004. Neurocysticercosis. Pediatrica Indonesiana 44 (7-8): 165-170.
  11. ^ Departemen Kesehtan Republik Indonésia. "Pituduh anggone brantas Taeniasis/Sistiserkosis neng Indonésia" (PDF). Departemen Kesehtan Republik Indonesia. http://www.depkes.go.id/downloads/Taeniasis.pdf. Retrieved 2010-05-10.
  12. ^ a b (en) Hunter, G. W., W. W. Frye, lan J. C. Swartzwelder. 1966. A Manual of Tropical Medicine. Philadelphia: Saunders Company.
  13. ^ a b Devidson Maitindom, Ferry (2008). "”Studi Kejadian Sistiserkosis pada Babi yang Dijual di Pasar Jibama Kabupaten Jayawijaya Papua”" (Pdf). Institut Pertanian Bogor. http://repository.ipb.ac.id/bitstream/123456789/9251/2/2008fdm.pdf. Retrieved 2010-05-13.
  14. ^ a b Fan, P. C., W. C. Chung, C. Y. Lin, dan C. H. Chan. 1992. Clinical Manifestation of Taeniasis in Taiwan Aborigines. J. Helminthology 66: 118-123
  15. ^ Agapejev, S (1996). "Epidemiology of Neurocysticercosis in Brazil". Rev Inst Med Trop Sao Paulo 38: 207-216. doi:10.1016/S0022-510X(97)85101-5.
  16. ^ Waikagul, J., P. Dekumyoy, lan M. T. Anantaphruti (2006). "Taeniasis, Systicercosis and Echinococcosis in Thailand" (pdf). Parasitology Int 55 (175-180). doi:10.1016/j.parint.2005.11.027. http://www.sciencedirect.com/science?_ob=ArticleURL&_udi=B6TB7-4HS3C48-3&_user=10&_coverDate=12%2F31%2F2006&_alid=1334096728&_rdoc=2&_fmt=high&_orig=search&_cdi=5135&_st=13&_docanchor=&_ct=3&_acct=C000050221&_version=1&_urlVersion=0&_userid=10&md5=35de212e9bda1e60bbe5989699f43229.
  17. ^ a b c d e f g Wandra, T., A. A. Depary, P. Sutisna, S. S. Margono, T. Suroso, M. Okamoto, P. S. Craig, dan A. Ito (2006). "Taeniasis and Cysticercosis in Bali and North Sumatra, Indonesia.". Parasitology International 55: 155-160. doi:10.1016/j.parint.2005.11.024.
  18. ^ Conlan, J., S. Khounsy, P. Inthavong, S. Fenwick, S. Blacksell, dan R. C. A. Thompson. (2008). "A Review of Taeniasis and Cysticercosis in The Lao People’s Democratic Republic" (Pdf). Parasitology International. doi:10.1016/j.parint.2008.04.002. http://www.sciencedirect.com/science?_ob=ArticleURL&_udi=B6TB7-4S7J62H-2&_user=10&_coverDate=09%2F30%2F2008&_alid=1334097891&_rdoc=3&_fmt=high&_orig=search&_cdi=5135&_st=13&_docanchor=&_ct=3&_acct=C000050221&_version=1&_urlVersion=0&_userid=10&md5=855e10456d6056f75af361e697cb191e.
  19. ^ (en) Galan-Purchades, M. T., dan M. V. Fuentes. 2000. The Asian Taenia and The Possibility of Cysticercosis. Korean Journal of Parasitology 38 (1): 1-7.
  20. ^ (en) Bowles, J., lan D. P. McManus. 1994. Genetic Characterization of the Asian Taenia, A Newly Described Taeniid Cestodes of Human. American Journal Trop Med Hyg 50:33-34.
  21. ^ (en) Ito, A., M. Nakao, T. Wandra, T. Suroso, M. Okamoto, H. Yamasaki, Y. Sako, dan K. Nakaya. 2005. Taeniasis and Cysticercosis in Asia and The Pacific. Southest Asian J Trop Med Public Health 36(4): 123-130.
  22. ^ Margono, SS; T. Wandra, M. F. Swasono, S. Murni, P. S. Craig, dan A. Ito (2006). "Taeniasis/Cysticercosis in Papua (Irian Jaya), Indonesia". Parasitology International 55: 143-148. doi:10.1016/j.parint.2005.11.051.
  23. ^ Margono, S. S., T. Wandra, dan T. Suroso (2001). "Cysticercosis in Indonesia: Epidemiological Aspects" (in English). Southeast Asian J Trop Med Public Health 32 (2): 79-84.
  24. ^ (en) Townes, J.M., C. J. Hoffmann, lan M. A. Kohn. 2004. Neurocysticercosis in Oregon 1995-2000. Journal of Emerging Infectious Disease 10 (3): 508-510
  25. ^ (en) Alacron, F., dan K. Vanormelingen. 1992. Cerebral Cysticercosis as a Risk Factor Stroke in Young and Middle-Aged People. Stroke Journal 23 (11):1563-1565.
  26. ^ Ahmad, F. U., dan B. S. Sharma (2007). "Treatment of Intramedullary Spinal Cysticercosis: Report of 2 Cases and Review of Literature.". Surgical Neurology 67 (74-77). doi:10.1016/j.surneu.2006.03.034.
  27. ^ Pawlowski, Z., J. Allan, dan E. Sarti (2005). "Control of Taenia solium Taeniasis/Cysticercosis: From research towards Implementation". Journal of Parasitology 35: 1221-1232. doi:10.1016/j.ijpara.2005.07.015.
  28. ^ a b (en) Eddi, C., B. Katalin, L. Juan, A. William, S. Andrew, B. Daniela, lan D. Joseph. 2006. Veterinary Public Health Activities at FAO: Cysticercosis and Echinococcosis. Parasitology Int 55: S305-S308.
  29. ^ (id) Rotinsulu DA. 2008. Strategi Global Kesehatan Masyarakat Veteriner dalam Pengendalian Taeniasis/Sistiserkosis sebagai Re-emerging Foodborne Zoonoses Daerah Tropis. Karya Tulis. Bogor: Institut Pertanian Bogor. Halaman 22

Pranala Luar[sunting | sunting sumber]

Petunjuk Pemberantasan Taeniasis/Sistiserkosis di Indonesia