Kapalapada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Cephalopoda)
Jump to navigation Jump to search
Cephalopoda
(gurita lan saduluré)
Kalamangsa: Kambrium Akhir - Kini
Haeckel Gamochonia.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Klas: Cephalopoda
Cuvier, 1797
Ordo
Subklas Nautiloidea
Subklas †Ammonoidea
Subklas Coleoidea

Kapalapada ya iku anggota filum moluska. Tuladhané kaya ta gurita, nus, lan sotong. Jenengé duwé teges "endas ing sikil"— dijupuk saka ciriné kéwan kang kusus ya kuwi duwé tentakel ning pinggiré endasé, kang gunané kanggo tangan lan sikil. Ilmu kang njlèntrèhaké Kapalapada dijenengi ngèlmu teutologi (theutology, "ngèlmu babagan nus"), lan kagolong ing cabang saka malakologi.

Kapalapada duwé utek kang bisa tuwuh apik lan ana uga jinisé sing moncèr pangelingé, lan bisa sinau.

Wong miguna anggota-anggota Kapalapada kanggo barang pangan lan ing indhustri.

Strukturé Awak[besut | besut sumber]

Manawa dititeni, kéwan iki duwé ciri kaya ta duwé tentakel kang dijangkepi karo piranti sing bisa nyedot. Piranti iki ana ning endas kang gunnané kanggo nyekel panganan. Misalé, ning nus lan sotong duwé 8 tentakel céndhek lan 2 tentakel kang dawa. Nautilus duwé nganti kira-kira 60-90 tentakel. Gurita duwé 8 tentakel. Ning endhas ana sapasang mata kang wis bisa digunakaké kanthi fungsi kang wis apik, ya iku duwé lensa mata lan iris, nanging ora duwé kelopak mata, bisa mbedakaké waneka warna lingkungan. Karo mata kang titen bisa rikat ngindari mungsuh saéngga jinis Mollusca iki luwih maju dibandingaké karo liyané. Ana uga tangan sing fungsiné kanggo nyekel wujudé dadi siji mbentuk gulu, corong, sifon (kanggo dalam mlebu metuné banyu). Sifon iki gunané kanggo piranti nyemprot banyu.

Ning sebelahé weteng ana kantung mangsi kang ngandung pigmen melanin. Kabèh anggota saka kéwan iki duwé, kejaba Nautilus. Gunané mangsi iku ya iku kanggo nghindari mungsuh. Nalika mungsuh teka, mangsi iki bakal disemprotaké liwat sifon. Sawisé banyu butek, dhèwèké bakal ngadohi panggonan mau. Kapalapada iki uga duwé mantel, ana ing pérangan geger (dorsal) kang nemplek ning awak, nanging ning pérangan weteng (ventral) mantelé ora nemplok mula awaké ana ronggané.[1]

Sistem Organ[besut | besut sumber]

Sistem panggilesané saka cangkem, gorokan, weteng, usus, lan silit kang ana ing pérangan awak sing ana ning pinggir ngisoré sifon. Pranané migunani angsang, nanging sistem pangédharané ya iku pangédharan getih katutup. Jantung duwé sabilik lan rong serambi?. Sistem ekskresiné kaya ta rong kanthong ginjel. Sistem saraf kéwan iki ya iku kaya ta simpul utek, simpul sikil, lan simpul piranti-piranti njero. Piranti wewadi ning kéwan iki wis dipisahaké.[1]

Tangkar-tumangkar[besut | besut sumber]

Nalika mangsa kawinan, lanangan nyaluraké sèl mani marang rong mantel wadonan migunakaké lengen kang ana ing pérangan weteng, nuli prastawa pawinihan. Ovum bakal thukul lan tumuwuh ning sajeroning awak, nuli netes. Sawisé cukup diwasa bakal metu saka jeroning awak lan urip bébas.[1]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c Buku sekolah elektronik [Kistinnah, Endang Sri Lestari] (2009). Biologi 1: Makluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MA Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no. jilid lengkap) / ISBN 978-979-068-131-6.  Priksa gandra |author-link1= (pitulung)