Bivalvia

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa
Bivalvia (kerang-kerangan)
Temporal range: Cambrian - Recent
"Acephala" dalam karya Ernst Haeckel, Kunstformen der Natur, 1904
Klasifikasi èlmiah
Krajan: Animalia
Filum: Mollusca
Kelas: Bivalvia
Linnaeus, 1758
Subklas

lihat teks

Bivalvia ya iku kelas jinis moluska kang kagolong kerang-kerangan: duwéni sapasang cangkang (jeneng "bivalvia" artiné cangkang loro). jeneng liyané ya iku Lamellibranchia, Pelecypoda, utawa bivalva. Ning kelompok iki kayata kerang, kupang, remis, kijing, lokan, simping, tiram, sarta kima; meski macemé akeh banget.

Kerang-kerangan akeh manfaaté ing kauripané manungsa awit jaman purba. Dagingé dipangan, dadi sumber protein. Cangkangé dimanfaataké dadi pacetan, kerajinan tangan, bekal kubur, kanggo gantiné duwit nalika jaman biyen. Mutiara dikasilaké déning tiram. Pemanfaatan modern uga ndadikaké kerang-kerangan dadi biofilter déning polutan.

Sistematika[besut | besut sumber]

Klasifikasi Newel (1965) kang didasaraké ilmu morfologi. Ana kelompok parafiletik, kayata Anomalodesmata. Ana uga sistematika alternatif didasaraké morfologi insang saka Franc (1960) lan disebutaké ing rengrengan ngisor iki. Franc nggolongaké Septibranchia saklompok dhewe, meski sacara molekular malah nggawe Eulamellibranchia dadi parafiletik.

Subkelas Palaeotaxodonta (Protobranchia miturut Franc)

Subkelas Cryptodonta (Protobranchia miturut Franc)

Subkelas Pteriomorphia (tiram, kupang, dll., Filibranchia miturut Franc)

Subkelas Paleoheterodonta (Eulamellibranchia miturut Franc)

Subkelas Heterodonta (tuladhané remis, lokan, lan kerang-kerang kang biasa dikenal, Eulamellibranchia miturut Franc)

Subkelas Anomalodesmata (Eulamellibranchia miturut Franc)

Strukturé Awak[besut | besut sumber]

cangkangé loro nyambung merga ana ligamen kang kuat lan mulur, ligamen iku biasané mbukak terus ananging, manawa ana gangguan, ligamen mau bakal nutup. Ligamen mau bisa nutup amarga ana otot kang bantu owah, ya iku ning anterior lan posterior. Bakal ana garis konsentris kang sajajar, garis iki disebut uga garis pertumbuhan kang nunjukaké kepriye pertumbuhané suwi utawa ora ana pertumbuhan. Garis iki berselangseling karo pita pertumbuhan kang nunjukaké pertumbuhan kang cepat. Tambah akeh pita pertumbuhan, umuré kewan tambah tuwa. Cangkang kang paling tuwa biasané paling kandhel, ana ing persendiaan jenengé umbo. ning bageyan posterior cangkang ana rong macem celah kang disebut sifon. Celah kang ana ing cedhaké anus dijenengi sifon, fungsiné kanggo ngetokaké lan nglebokaké banyu lan zat-zat sisa. Sawaliké sifon kang ana ing ngisoré sifon fungsiné kanggo nglebokaké oksigen, banyu, lan panganan.[1]

Cangkang Pelecypoda[besut | besut sumber]

Cangkang Pelecypoda bagiané iku.[1]

  1. Periostrakum, Periostrakum lapisan paling njaba, dibentuk saka zat kitin kang disebut konkiolin fungsiné dadi pelindung. Menawa teles warnané biru tuwa, ananging manawa gaing warnané soklat.
  2. Prisma, Prisma lapisan tengah kang kasusun saka kristal kalsit.
  3. Nakre, Nakre disebut uga lapisan induk mutiara kang kasusun saka lapisanlapisan tipis paralel lan kalsit (karbonat) kang katon mengkilat.
  4. Mantel, Mantel ana ing ngisoré nakreas kang kayata sel-sel nakreas (kang

sekreté mbentuk lapisan nakreas lan mbentuk mutiara) jaringan ikat, lan sel-sel epitelium kang bersilia.

Sistem Organ[besut | besut sumber]

Dimulai saka cangkem, kerongkongan, lambung, usus, lan anus. Cangkem lan anusé ana ing rongga mantel. Sistem ekskresiné ngunakaké sapasang nefridium kang fungsiné kaya ginjal. Sistem sarafé ya iku otak, simpul saraf kaki, lan simpul saraf otot. Sistem peredaran getihé kabuka, jantungé ana bilik lan ana rong serambi. Respirasiné migunakaké insang.[1]

Daur Hidup[besut | besut sumber]

Kewan iki ana kang sipaté hermaprodit lan biasané kewan iki nduwèni alat kelamin kang kapisah. Nalika kawin ,alat kelamin jantan bakal ngetokaké sperma ning banyu lan bakalé mlebu ing awaké kewan wadon. Ovum kang nempel ning ruang mantel, nuli netes lan metu larva kang disebut glokidium. Larva iki bakalé metu saka awaké kewan wadon liwat sifon metuné banyu, nuli larva mau bakal nempel ning insang itawa sirip iwak lan larva kasebut bakal dibungkus karo lendir saka kulit iwak. Larva ini sifaté parasit nganti 3 minggu suwené. Sawisé gedhe, larva bakal ucul saka insang utawa sirip iwak lan bakal urip bebas.[1]

Referensi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Buku sekolah elektronik [Kistinnah, Endang Sri Lestari] (2009). Biologi 1 : Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MA Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no. jilid lengkap) / ISBN 978-979-068-131-6.  Check |author-link1= value (help)
  • Franc, A. (1960): Classe de Bivalves. In: Grassé, Pierre-Paul: Traite de Zoologie 5/II.
  • Newell, N.D. (1969): [Bivalvia systematics]. In: Moore, R.C.: Treatise on Invertebrate Paleontology Part N.
  • Lua error nèng package.lua larik 80: module 'Modul:Citation/CS1/Suggestions' not found.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Bivalvia ing Wikimedia Commons.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bivalvia&oldid=1013232"