Moluska

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Moluska (Mollusca)
Kalamangsa: Ediacaran/Kambrium - kini
Caribbean reef squid.jpg
Nus Karibia, Sepioteuthis sepioidea
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Linnaeus, 1758
Kelas
Caudofoveata
Aplacophora
Polyplacophora
Monoplacophora
Bivalvia (kerang-kerangan)
Scaphopoda
Gastropoda (siput-siputan)
Cephalopoda (gurita, nus, dan sotong)
Rostroconchia
Helcionelloida

† ?Bellerophontida

Moluska (filum Mollusca, saka basa Latin: molluscus = empuk) minangka kéwan triploblastik selomata sing awaké empuk. Sajeroning filum iki kalebu kabèh kéwan empuk mawa cangkang utawa ora, kaya déné manéka jinis siput, kiton, kerang-kerangan, sarta nus lan kerabaté.

Moluska minangka filum paling gedhé kaloro sajeroning krajan kéwan sawisé filum Arthropoda. Wektu iki dikira-kira ana 75 èwu jinis, ditambah 35 èwu jinis sajeroning wangun fosil. Moluska urip ing segara, banyu tawar, payau, lan dharat. Saka palung bawana ing segara nganti pagunungan sing dhuwur, malah uga gampang tinemu ing saubengé omah.

Moluska disinaoni sajeroning cawang zoologi sing disebut malakologi (malacology).

Ciri awak[besut | besut sumber]

Awaké ora nganggo sègmèn. Simetri bilateral, dumadi saka "sikil" muskular, kanthi endhas sing tuwuh werna-werna miturut kelasé. Sikil dianggo adhaptasi supaya tahan ing substrat, ndhudhuk lan ngebur substrat, utawa obah (mlaku).

Ukuran lan wangun awak[besut | besut sumber]

Ukuran lan wangun awak moluska iku akèh variasiné. Upamané, bekicot sing dawané mung sawetara milimèter kanthi wangun bunder lonjong. Nanging, ana uga nus raseksa kanthi wangun torpedo mawa swiwi sing dawané luwih saka 18m.

Strukur lan fungsi awak[besut | besut sumber]

Awak kéwan iki kawangun saka telung pérangan, ya iku sikil, awak, lan mantel.

Sistem saraf moluska dumadi saka cincin saraf sing nduwèni esofagus kanthi serabut saraf sing nyebar. Sistem pancernaané pepak, dumadi saka cangkem, esofagus, lambung, usus, lan anus.

Anatomi moluska relatif mèmper karo vertebrata. Bab iki nyebabaké akèh ahli ngira yèn vertebrata lan moluska isih nduwèni hubungan évolusi. Bab iki dikuwataké uga kanthi kanyatan yèn moluska, mliginé Cephalopoda, nduwé utek sing tuwuh apik lan ana sing kabukti nduwèni kamampuan pangéling-éling sing kuwat.