Bekicot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bekicot
Snail in Ubud, Bali, 2010 (1).jpg
Achatina fulica di Bali
NE[1]
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Klas: Gastropoda
Superfamili: Achatinoidea
Unranked: clade Heterobranchia

informal group Pulmonata
clade Eupulmonata
clade Stylommatophora
informal group Sigmurethra

Famili: Achatinidae
Subfamili: Achatininae
Génus: Achatina
Subgénus: Lissachatina
Spésies: A. fulica
Jeneng binomial
Achatina fulica
(Férussac, 1821)

Bekicot utawa Achatina fulica[2] ya iku sijining gastropoda darat kang ginolong ing suku Achatinidae.

Kéwan iki asale saka Afrika Wétan banjur sumebar ing kabèh nagara amarga kegawa prau dagang, utawa sengaja digawa kanggo ingon-ingon utawa sumber pangan lan sabanjure dadi spésies invasif paling ala lan gawé rusak ing bumi[3], sahengga pira-pira nagara gawé aturan kang nyegah wargane ndadekakae kéwan iki ingon-ingon[4] kalebu Amerikah Sarekat. Kéwan iki rumatane gampang lan ing pira-pira panggon uga dipangan, kalebu ing Indonesia. Senajan bisa uga nggawa parasit, bekicot ingon racaké ora nggawa parasit. Parasit kang digawa ya iku jinis cacing Angiostrongylus cantonensis kang njalari meningitis tumrape manungsa, kang nular kanthi cara mangan bekicot mentah utawa ora diolah kanthi sampurna.

Sub spésies[besut | besut sumber]

  • Achatina fulica hamillei Petit, 1859
  • Achatina fulica rodatzi Dunker, 1852
  • Achatina fulica sinistrosa Grateloup, 1840
  • Achatina fulica umbilicata Nevill, 1879

Dheskripsi[besut | besut sumber]

Bekicor diwasa gedhene udakara 7 cm lan dawane bisa nganti 20 cm utawa luwih.

Cangkange wujud conthong lan umume mlungker ora searah jarum jam (dextral). Werna cangkange rupa-rupa, gumantung saka pangane, mliginé wern asoklat.

Habitat[besut | besut sumber]

Bekicot asalé saka Afrika Wétan, mliginé saka Kenya lan Tanzania, asline urip ing pasir kang teles, uga laladan-laladan tropis kang lembab. Kéwan iki invasiv. Bekicot saiki bisa tinemu ing laladan tetanen, atol, alas, karang padésan lan liyane.

Pakan[besut | besut sumber]

Bekicot mangan tanduran, kluban lan woh-wohan sembarang jinis. Kadhang uga mangan pasir utawa krikil lan bathang kéwan liya Kanggo sumber kalsium.

Cara manak[besut | besut sumber]

Bandhingane bekicot anakan lan bekicot diwasa

Kéwan iki kagolong hermaprodit, ya iku saben kéwan nduwèni sifat lanang lan wadon. Nanging kéwan iki merlokake individu liya kanggo kawin lan bekicot kang luwih gedhé dadi kéwan kang wadon. Nalikane ngendhog, bekicot bisa ngetokake cacah 200 iji, kaping 5-6 saben taun lan kemungkinan netes 90%.

Anakan bekicot bisa dadi diwasa ing wektu 6 sasi, umure bisa nganti 6-10 taun. Kéwan iki sesaba ing wektu bengi lan nalika awan ndhelik ing njero lemah utawa ngisor uwuh, watu utawa kayu mati.

Nalikane ketiga dawa, bekicot bisa urip tanpa pangan nganti 3 taun, kanthi gawé lembaran kanggo nutup cangkange sahengga senajan sakiwa-tengene kurang banyu bekicot ora kelangan cairan.

Spesies Invasif[besut | besut sumber]

Bekicot kalebu kewan anyar kang ana ing Indonesia. Tekan ing Indonesia lumantar prau dagang lan mlebu ing pelabuhan Semarang nalikane akhir jaman Walanda. Sabanjure bekicot banjur sumebar lan angel anggone ngendhaleni.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ IUCN 2009. IUCN Red List of Threatened Species. Version 2009.1. <www.iucnredlist.org>. Downloaded on 10 July 2009.
  2. ^ "Achatina fulica". Sistem Informasi Taksonomi Kaintegrasi. 
  3. ^ Global Invasive Species Database: 100 of the Worst Invasive Species
  4. ^ Should Giant African Land Snails Be Kept as Pets At All?