Jaringan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Disambig variants icon.svg
Kanggé kagunan sanès saking ', mangga mriksani [[]].


Jaringan sajeroning biologi iku sakumpulan sèl kang duwé wangun lan fungsi kang padha. Jaringan-jaringan kang béda-béda bisa makarya bebarenganuntuk sawijining fungsi fisiologi kang padha mbentuk organ. Jaringan disinaoni ing cawang biologi kang dijenengi histologi, déné cawang biologi kang nyinaoni owah-gingsiré wangun lan fungsi jaringan sajeroning gayutané karo lelara iku diarani histopatologi.

Jaringan diduwèni déning organisme kang wis duwé pembagéyan tugas kanggo saben golongan sèl-sèlé. Organisme mawa talus, kaya déné alga ("ganggang") lan fungi ("jamur"), ora duwé prabédan jaringan, sanadyan bisa mbentuk struktur-struktur khas mirib organ, kaya awak buah lan sporofor. Tuwuhan lumut bisa dianggep wis duwé jaringan kang jelas, sanadyan durung duwé jaringan pembuluh kang jelas.

Jaringan kéwan (kalebu manungsa)[besut | besut sumber]

Ana patang golongan jaringan dhasar kang mbentuk awak kabèh kéwan, kalebu manungsa lan organisme multiselulèr tingkat cendhèk kaya déné artropoda: jaringan epitelium, jaringan pengikat, jaringan penyokong, lan jaringan saraf.

Jaringan kang disusun déning lapisan sèl kang nglapisi lumahing organ kaya lumahing kulit. Jaringan iki duwé fungsi kanggo ngayomi organ kang dilapisi, minangka organ sèkrèsi lan panyerapan.
Jaringan epitel dumadi saka 3 warna:
1. Eksotelium: epitel kang mbungkus pérangan jaba awak
2. Endotelium: epitel kang nglapisi organ jero awak
3. Mesotelium: epitel kang mbatesi gronggongan awak
Fungsi jaringan epitelium ya iku:
a. Absorpsi, umpamané ing usus kang nyerep sari-sari panganan
b. Sèkrèsi, contoné testis kang ngetoaké spèrma
c. Ekskresi, kulit kang ngetokaké kringet
d. Transportasi, ngatur tekanan osmosis sajeroning awak
e. Proteksi, kulit ngayomi jaringan awak ing sangisoré
f. Penerima rangsang, kulit kang nanggapi rangsang saka jaba
g. Pernapasan, kulit kodhok duwé fungsi minangka piranti pernapasan
h. Piranti gerak, selaput sikil ing kulit kodhok mbantu kanggo obah
g. Ngatur suhu awak, kulit ngatur suhu awak kanthi ngetokaké kringet nalika awak kepanasan
  • Jaringan pengikat.
Miturut jenengé, jaringan pengikat duwé fungsi kanggo ngikat jaringan lan piranti awak. Conto jaringan iki ya iku jaringan getih.
  • Jaringan otot.
Jaringan otot kapérang dadi telung kategori kang béda-béda ya iku otot lunyu kang bisa tinemu ing organ awak pérangan jero, otot lurik kang bisa tinemu ing rangka awak, lan otot jantung kang bisa tinemu ing jantung.
  • Jaringan saraf.
ya iku jaringan kang duwé fungsi kanggo ngatur aktivitas otot lan organ sarta nampa lan nerusaké rangsangan.
  • Jaringan penyokong
ya iku jaringan kang dumadi saka jaringan balung rawan lan jaringan balung kang duwé fungsi kanggo mènèhi wangun awak,ngayomi awak,lan nguwataké wangun awak

Jaringan tetuwuhan[besut | besut sumber]

Jaringan tetuwuhan relatif luwih homogen tinimbang jaringan kéwan. Tetuwuhan ora duwé kemampuan lokomosi (pindhah)/obah kanthi aktif kaya déné kéwan. Sanadyan mangkono, akèh sèl-sèl anyar dumadi kanggo manéka jaringan minangka kompènsasi akèhé sèl-sèl kang mati, kang dadi pasif amarga duwé peran minangka sèl-sèl penyimpan cadhangan ènergi (umpamané ing woh utawa umbi) utawa metabolit sekundhèr, lan kanggo ngisi jaringan anyar amarga tetuwuhan tansah nambah massané, mligi tumrap tetuwuhan taunan. Jaringan kang aktif nagkaraké dhiri lan ora duwé fungsi mirunggan karan jaringan meristematik, sauntara iku jaringan kang wis manteb karo fungsiné karan jaringan tetep/permanèn.