Fisiologi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Fisiologi, iku asal saka tembung Yunani physis = 'alam' lan logos = 'carita'/(èlmu?), ya iku èlmu sing nyinaoni fungsi mekanik, fisik, lan biokimia saka makluk urip.

Fisiologi dipérang dadi fisiologi tetanduran lan fisiologi kéwan ananging prinsip saka fisiologi sifaté universal, ora gumantung marang sajinis organisme sing disinaoni. Upamané, apa sing disinaoni sajeroning fisiologi sèl khamir bisa uga dipatrapaké ing sèl manungsa.

Fisiologi kéwan diwiwiti saka metode lan peralatan sing dipigunakaké sajeroning pambelajaran fisiologi manungsa sing banjur sumrambah marang spésies kéwan saliyané manungsa. Fisiologi tetanduran akèh migunakaké teknik saka kaloro babagan iki.

Cakupan subjek saka fisiologi kéwan iku kabèh makluk urip. Akèhé subjek nyebabaké panelitèn ing babagan fisiologi kéwan luwih kakonsèntrasi marang pemahaman owahing ciri fisiologis sadawaning sajarah evolusi kéwan.

Cabang ngèlmu liya sing tuwuh saka fisiologi iku biokimia, biofisika, biomekanika, lan farmakologi.

Sajarah[besut | besut sumber]

Fisiologi eksperimental diawali ing abad kaping-17, nalika ahli anatomi William Harvey njelasaké anané sirkulasi getih. Herman Boerhaave kerep sinebut bapak fisiologi amarga karyané arupa buku teks mawa judhul Institutiones Medicae (1708) lan cara mulangé sing cemerlang ing Leiden.

Babagan fisiologi[besut | besut sumber]

Fisiologi duwé sawetara subbidhang. Elektrofisiologi magepokan karo cara kerja saraf lan otot; neurofisiologi nyinaoni fisiologi utek; fisiologi sèl nunjuk marang fungsi sèl kanthi individual.

Akèh babagan sing magepokan karo fisiologi, ing antarané ya iku Ekofisiologi sing nyinaoni efek ekologis saka ciri fisiologi kéwan utawa tetanduran lan suwaliké. Genetika dudu siji-sijiné faktor sing mengaruhi fisiologi kéwan lan tetanduran. Tekanan lingkungan uga kerep nyebabaké karusakan ing organisme eukariotik. Organisme sing ora urip ing habitat akuatik kudu nyimpen banyu sajeroning lingkungan sèlulèr. Ing organisme mau, dehidrasi bisa dadi masalah gedhé.

Dehidrasi ing manungsa bisa kadadéan nalika ana paningkatan aktivitas fisik. Sajeroning babagan exercise physiology, wis dilakoni manéka panelitèn ngenani èfèk dehidrasi marang homeostasis.

Uga delengen[besut | besut sumber]