Alga
Alga (jamak Algae) utawa kerep uga karan ganggang iku saklompok organisme autotrof kang ora duwé organ kanthi prabédan fungsi kang nyata. Alga malah bisa dianggep ora duwé "organ" kaya kang diduwèni tetuwuhan (oyot, wit, godhong, lan sapanunggalané). Amarga saka iku, alga digolongaké uga minangka tetuwuhan talus. Alga nyakup organisme mawa sèl siji (uniselular) sarta mawa sèl akèh (multiselular).
Golongan-golongan alga
[besut | besut sumber]Sajeroning pustaka-pustaka biyèn, alga mesthi gagal diusahakaké mlebu sajeroning sawijining golongan, kang sèlé siji uga kang sèlé akèh. Salah siji contoné ya iku pamisahan alga kanthi sèl siji (upamané Euglena sajeroning Protozoa) saka alga kanthi sèl akèh (sajeroning Thallophyta). Ing tembé wuri disadhari sapenuhé yèn panglompokan minangka sawijining klad ora mungkinaké kanggo kabèh alga, malah sawisé dipisahaké dhedhasar organisasi sèlé, amarga sapérangan alga mawa sèl siji luwih cerak kerabaté karo alga mawa sèl akèh tinentu.
Saiki, alga ijo dilebokaké sajeroning golongan (klad) kang luwih cecerakan karo kabèh tetuwuhan fotosintetik (mbentuk klad Viridiplantae). Alga abang wujud golongan dhéwé (Rhodophycophyta utawa Rhodophyceae); semono uga alga pirang (Phaeophycophyta utawa Phaeophyceae) lan alga kaemasan (Chrysophyceae).
Alga prokariotik
[besut | besut sumber]Alga ijo-biru utawa Cyanobacteria mlebu sajeroning golongan baktèri. Cyanobacteria ndarbèni struktur sèl prokariotik kaya déné baktèri, lan bisa ngayahi fotosintesis langsung amarga duwé klorofil. Sadurungé, alga iki dikenal kanthi sebutan Cyanophyta lan bebarengan karo baktèri kalebu karajan Monera. Nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, diweruhi yèn alga iki duwé karakteristik baktèri saéngga dilebokaké sajeroning golongan baktèri (Eubacteria).
Alga eukariotik
[besut | besut sumber]Alga liyané duwé struktur sèl eukariotik lan bisa ngayahi fotosintesis liwat kloroplas.
Alga eukariotik nyakup: