Cyanophyta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Cyanophyta utawa ganggang ijo - biru iku sumebar ing akèh papan panggonan, ya iku ing nggon banyu, ing lemah, ing watu, lan telanan watu. Lumrahé organisme iki akèh ing nggon bany kanthi pH nétral utawa bebanyon sing duwé sipat rada basa. Uga ana ganggang ijo - biru sing simbiosis karo organisme liya, contoné Gleocapsa lan Nostoc simbiosis karo ganggang gawé lumut kerak lichen, Anabaena sing simbiosis karo lumut ati, paku banyu, cycad, lan angiosperma kanggo ngefiksasi nitrogen.[1]

Cyanophyta

Ganggang ijo - biru ngandhut jinis klorofil a. Liyané nduwé klorofil lan karotenoid, organisme iki uga nduwé fikosianin lan kadangkala fikoeritrin. Fikosianin ndandékaké ganggang ijo - biru nduwé warna sing kas, ya iku ijo rada biru. Nanging ora kabèh ganggang ijo - biru nduwé warna ijo - biru, ana sing ireng, coklat, kuning, abang, ijo, lan warna campuran.[2]

Akéh ganggang ijo - biru bisa nalèni nitrogen saka atmosfer. Prosès fiksasi nitrogen sing kadadéan ing heterosista. Oyot tuwuhan sing simbiosis karo Cyanophyta nyepakaké bahan sing dianggo Cyanophyta dadi ènergi kanggo ngubah Nitrogen dadi amonia lan nyediakaken bahan kimia sing bisa nalèni oksigèn.

Titikané Ganggang Ijo - Biru[besut | besut sumber]

  1. Punjeré ora diblongsong membran.
  2. Tembok sèl panggonané antarané plasmalema lan selubung lendir.
  3. Ganggang ijo - biru sing nggrombol kanthi wujud filamen duwé heterosista lan spora lèrèn. Heterosista ya iku sèl sing luwih kandel lan ora nduwé inti. Spora lèrèn ya iku spora sing temboké kandel banget lan ing njeroné ana isiné sèl.
  4. Wujud organisme iki bisa uniselular (Chroococcus, Anacystis), nggrombol (Merismopedia, Nostoc, Microcystis), utawa filamen (Oscillatoria, Microcoleus, Anabaena). Sel sing nggawé grombolan ya iku padha, déné wujud filamen kasusun saka sèl sing dadi ranté, trikoma (kaya tabung), lan blongsong.[3]

Kawiné Ganggang Ijo - Biru[besut | besut sumber]

Ganggang ijo - biru kawin kanthi cara nyigar sèl, fragmentasi, lan nggawé spora.

  • Nyigar Sel

Kanthi cara iki sèl langsung kasigar utawa tetep nggrombol, kaya ta Gloeocapsa.

Gambar Gloeocapsa
  • Fragmentasi

Fragmentasi kadadéan ing ganggang sing wujudé filamen, kados Oscillatoria. ing filamen sing dawa, yèn salah siji selé mati, mula sèl mati iku mantha filamen dadi 2 utawa luwih. Kethokan - kethokan mau ingaran hormogonium. Yèn hormogonium ucul saka filamen induk lan arep ddai invidu anyar, kaya ta Plectonema boryanum

  • Spora

Ing kaanan sing kurang nguntungaké arep dadi spora sing sajatiné ya iku sèl vegetatif. Spora iki malih gedhé lan kandél amarga zat panganan sing katumpuk. Ganggang ijo - biru bisa obah kanthi cara slurut, nanging obahing awaké alon banget, kira - kira 250 mikrometer per menit. ganggang ijo - biru ora nduwé flaglela.

Mupangate Ganggang Ijo - Biru[besut | besut sumber]

Ana ganggang ijo - biru sing bisa dipangan ya iku, Spirulina sp. Ana spésies ganggang ijo - biru sing simbiosis kanthi cara fiksasi nitrogen bébas, mula bisa nambah suburing lemah, contoné Anabaena azollae.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Buku Penuntun Biologi SMA Untuk Kelas X, Erlangga, kaca 76, Ganggang Hijau-Biru
  2. [1](dipunundhuh tanggal 19 September 2012)
  3. Biologi Untuk SMA Kelas X Semester 1, Erlangga,kaca 92, Alga Hijau - Biru